+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 7 Mei 2025 Minggu Paskah III

Yesaya 6:1-8; Jabur 120; Lukas 5:1-11

AWATAK RUKUN

“Wus cukup suwe pamanggunku awor karo wong kang padha sengit

 marang karukunan. Aku iki dhemen rukun,nanging saben ana pangucapku, wong ing kono iku banjur padha ngajak perang”. (Jabur 120:6,7)

              Tetembungan “rukun agawe santosa, crah agawe bubrah” ing madyaning gesang sesarengan mila leres. Santosaning gesang sesarengan ing masyarakat kangge nggayuh tentrem rahayu saged kadumugen yen tiyang setunggal lan setunggalipun sami rukun. Mila sanadyan gesang ing tengah-tengahing tetiyang lan masyarakat ingkang boten remen dhateng karukunan, Juru mazmur anggadhahi sikep dhemen rukun lan ngudi karukunan. Ananging kathah tiyang ingkang boten remen tata rukun, kabukten saking pratelan saben-saben Juru mazmur micara mekaten, tanggapanipun malah ngajak tukar paben, ngajak prang.  Kawontenan ingkang kados makaten temtu kemawon dadosaken swasana ayem tentrem boten badhe kadumugen.

              Ing sakawit,kados-kados juru mazmur rumaos kuciwa dene dipun papanaken dening Gusti ing satengahing bangsa manca.Bangsa ingkang lampah lan tandang damelipun awon, bangsa  ing tanah Mesekh lan kiwa-tengenipun, inggih bangsa ingkang kawentar lampahipun kasar, sikapipun  dhemen dora. Ing swasananing manah rumaos kuciwa makaten, begja dene juru mazmur enget dhateng Allah lan nyenyuwun dhateng Allah supados katebihna saking lampah awon wau.  

              Tundhanipun juru mazmur saged ngucap“Aku iki dhemen rukun,nanging saben ana pangucapku, wong ing kono iku banjur padha ngajak perang “.Pratelan makaten wau mbuktekaken yen juru mazmur boten katut dhawah ing lampah awon, tetep kemawon nelakaken sikep rukun dhateng sintena kemawon. Juru mazmur tetep kemawon mbangun karukunanlan bedhamen sanadyan tetiyang sakiwatengenipun sajak serik jalaran boten remen dhateng lumampahing karukunan.

              Juru mazmur paring piwulang adi  dhateng kita sami para tiyang pitados: sumangga sami mbangun watak karukunan, dhemen rukun lan tansah andon pirukun. Watak rukun terus-terusan kedah kita pratelakaken, kedah terus kita udi ,tetep dados perjuangan kita supados kawontenaning bebrayan agung ing jagad punika saged pinanggih kaayeman lan katentreman. |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *