Yesaya 6:1-4; jabur 30; Lukas 14:12-14
ALLAH INGKANG MITULUNGI
“Pitulunganku iku pinangkane saka Sang Yehuwah,
kang nitahake langit lan bumi”. (Jabur 121:2)
Cara etanganipun, tumrap kula lan panjenengan, pundi ingkang langkung kathah gunggungipun ing gesang kita? Ngraosaken berkah lan nampi pitulungan punapa kapitunan ingkang lajeng njalari kita ngraosaken panandhang? Yen ta kita jujur mesthi badhe etang-etangan: “luwih okeh ngrasakake berkah”. Cara kapitadosan Kkristen, berkah ingkang kita tampi punika asalipun saking Gusti Allah lan Panjenenganipun kuwaos ngagem sintena kemawon kangge ngesokaken berkahipun.
Ngambali malih pratelanipun kitab Jabur 121 ingkang sampun saperangan sampun kita tampi kala wingi, pranyata juru mazmur ngakeni ingkang mitulungi namung Sang Yehuwah. Kasetyanipun Allah anggenipun mitulungi ngantos kaupamekaken Allah “ora nate ngantuk lan ora sare” (Jabur 121:4). Inggih anggening Allah ngreksa lan njagi tanpa wonten mandhegipun.
Juru mazmur kados mbandhingaken Gusti Allah kaliyan dewa Baal. Ing jamanipun raja Akhab umat sami nyembah Baal dados sesembahanipun. Nabi Elia ing redi Karmel lelawanan klayan Baal, allah sesembahanipun. Jebulipun Baal boten saged punapa-punapa, babar pisan boten tumindak mbelani para ingkang sami nyembah (I Para Raja 18:27). Kabandhingaken kaliyan Baal ingkang boten ndayani panapa-punapa mila temen-temen Allah sang Yehuwah kagungan kwasa ingkang nyata. Pangwasanipun Allah inggih punika tumindak paring pitulungan.
Allah ingkang nitahaken langit lan bumi,mitulungi kanthi anggenipun ngayomi (ay.5), anggenipun nganthi ing sadhengah wekdal: ing wanci siang lan dalu (ay.6) Allah ngreksa saking bilai krana tetiyang ingkang nglawan lan saking tantangan alam (ay.7,8). Dhedhasar sabda dinten sapunika, kita kaajak yakin-ul-yakin bililih Allah temen-temen migatodsaken kita. Punujia Gusti Allah. |*BP