+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 10 April 2025 Minggu Pra Paskah V

Yesaya 53:10-12; Jabur 31:9-16

DADI WONG BENER IKU ORA GAMPANG

“Sawuse nyawane nandhang sungkawa Panjenengane bakal mirsani pepadhang nganti tuwuk, tuwin AbdiningSun iku, sarehne wong bener, bakal ngleresake

wong akeh kalawan kawicaksanane, lan ngrembat pialane wong-wong mau.”

(Yesaya 53:11)

Kitab Yesaya pasal 53 menika nedahaken pameca ingkang sacara spesifik kelampahan ing nalika Gusti Yesus nglampahi salib. Pameca bab abdinipun Allah ingkang rawuh kangge mbirat manungsa, ingkang milujengaken boten namung bangsa Israel ananging sedaya umat manungsa. Sinaosa mekaten, pribadi ingkang sakwetahipun nindakaken kersanipun Gusti Allah menika ugi kagambaraken kagungan kekirangan sacara kamanungsan. Mudha taruna, boten bagus utawi elok, kaanggep asor lan dipun singkiri dening tiyang. Ananging, panjenengane andamel bangsa-bangsa lan pamimpinipun sami kaeraman.

Ing ayat 11 menika abdinipun Gusti Allah kagambaraken “wong bener”. Dados “wong bener” menika mboten gampil. “Bener” ateges ing gesangipun nglampahi menapa ingkang dados kersanipun Gusti Allah, sanes pikajengipun piyambak. Luwih gampang wong mbenerake awake dewe. Tiyang mboten gampil nampi kritikan liyan amargi rumaos bener, tiyang mboten gampil pitados dhateng liyan amargi rumaos dhirinipun bener, lan sanes-sanesipun.

Sumangga kita mbudidaya dados “wong bener” inggih kanthi nindakaken kersanipun Gusti ing gesang kita. Kadosdene trubusan ingkang tuwuh lan ngrembaka, mekaten ugi “wong bener” badhe trubus lan tuwuh ngrembaka ing kapitadosan sarta ngedalaken woh-wohing karohanen. Kapitadosan ingkang tuwuh menika mitadosi Gusti Allah kuwagang milujengaken lan mitulungi kita nalika kita wonten ing salebeting kasisahan lan karupekan. Dene kapitadosan ingkang mboten tuwuh menika pratandhanipun mboten pitados dhateng panggulawenthahipun Gusti. “Wong bener” badhe nglampahi kaleresan ngantos dumugi yuswa sepuh. Boten gampil kuciwa tumrap menapa ingkang kelampahan ing gesangipun, mboten gampil sambat, gesangipun mboten kabereg kangge nindakaken kaculikan lan kecurangan. Kita sampun nampi kawilujengan awit satunggaling “Wong Bener” pramila sumangga kita ugi mbudidaya dados “wong bener” ing ngarsanipun Gusti. | *SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *