+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 8 Oktober 2025 Minggu Limrah

Habakuk 2:12-20 ; Jabur 3; Markus 11:12-14, 20-24

NEBIHI PANERAK, NGUDI BERKAH

Bilai wong kang yasa nagara srana getih lan nalesi beteng

kalawan tindak kang ora adil.”

(Habakuk 2:12)

Pak Wiryo diojok-ojoki kanca-kancane supaya melu nyorek nomer, mula dheweke dipoyoki: “Oalah, Wir; uwong diwenehi dalan ben oleh kasil sing kapenak tur ora ngrekasa kok ora gelem? Wong susah kok kemaki!” Krungu sing mangkono, pak Wiryo entheng mangsuli: “Ora masalah ngrekasa angger sing dak lakoni ora cengkah karo karsaning Allahku! Aku ora kapengin brayatku dak cukupi nganggo kasil sing kaya mangkono. Uger isih gelem ngarit lan macul, mesthi Gusti Allahku mberkahi!”

Nabi Habakuk meca paukuman ingkang badhe kasandhang dening bangsa Israel karana panerak ingkang katindakaken; inggih punika remen tumindak boten adil. Para pangarsaning negari ingkang mesthinipun ngudi karaharjaning rakyat lan ngayomi tiyang ringkih sarta sekeng, malah tumindak dakwenang; kepara ngwutahaken rahipun tiyang ingkang boten tumindak lepat. Gusti Yesus rawuh ing jagad netepi pamecanipun para nabi. Nalika Gusti Yesus nyupaosi wit anjir, punika estunipun minangka pasemon kangge bangsa Israel. Wit anjir punika minangka pralambanging bangsa Israel ingkang kedahipun saben-saben tansah saged ngedalaken woh kagem kamulyanipun Gusti tanpa ngengeti mangsa awit gesanipun datan kendhat rinoban ing berkah. Mila nalika namung manggihaken godhongipun, mratandhani bilih gesangipun bangsa Israel boten sumbut kaliyan sakathahing berkah ingkang sampun katampi saking Gusti Allah.

Gesang ingkang ngedalaken woh punika gesang ingkang jumbuh kaliyan karsaning Allah. Tiyang ingkang ngestokaken dhawuhipun Allah mesthi kaganjar berkah. Dene berkahing Allah punika kasaenan ingkang sejati, boten badhe mitunani ing tembe. Tiyang ingkang ngudi rejeki kanthi nerak bebener kados dene ngapusi, colong-jupuk, korupsi, main, sekuthon kaliyan dhemit; kadosipun enggal pikantuk kasil kathah kanthi entheng, nanging sejatosipun badhe kaganjar paukuman saking pamarentah lan dening Gusti Allah ing tembe. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *