Habakuk 2:5-11 ; Jabur 3; I Yohanes 5:1-5, 13-21
PITADOS LAN OLAH TRESNA
“Sok wonga kang pracaya, manawa Gusti Yesus iku Sang Kristus,
iku laire saka ing Gusti Allah, …” (I Yokanan 5:1)
Pak Wiryo mbudidaya nyisihake tabungan kanggo anak-anake. Nanging nalika ana kancane sing weruh dheweke nabung, banjur nyaruwe: “Oalah, Wir…Wir. Wong kanggo mangan saben dinane wae wis ngaya kok ndadak nabung barang.” Krungu panyaruwe sing kaya mangkono, pak Wiryo mangsuli: “Olehku nabung kuwi minangka bukti aku percaya yen Gusti Allah paring rejeki kanggo anak-anakku. Malah, iki uga kanggo njagani supaya aku aja nganti srakah njupuk rejeki peparinginge Gusti Allah sing kudune kanggo anak-anakku!”
Kathah tiyang ingkang ngandelaken bandha donya, drajat pangkat lan kalenggahan minangka dhasaring kabingahan. Awit tigang bab punika asipat kadonyan, mila anggenipun nggayuh ugi kanthi cara kadonyan. Boten gumun menawi tiyang-tiyang punika ngantos boten migatosaken sesaminipun lan nglirwakaken sabdanipun Gusti Allah. Menawi saged nggayuh, tumindak ingkang mekaten punika namung damel manungsa dados srakah. Dene ingkang boten saged nggayuh, lajeng dados semplah awit rumaos bilih piyambakipun boten badhe saged ngraosaken kabingahan ing saklebeting gesang. Mila kabereg raos ajrih boten saged bingah, manungsa lajeng kanthi temen ngudi tigang bab punika.
Rasul Yokanan ngemutaken bilih jagad sampun katelukaken dening Gusti Allah lumantar Sang Kristus. Mila pasamuwan boten prelu ajrih nalika ngadhepi bebaya, punapa malih ngantos kecalan kabingahan. Gusti Allah punika namung ngersakaken supados manungsa pitados dhateng Panjenenganipun kanthi mratelakaken katresnan. Nalika mratelakaken katresnan, manungsa boten badhe ngudi kasenenganipun piyambak nanging ugi purun migatosaken kawontenaning sesaminipun. Ngrigenaken rejeki peparinging Gusti Allah supados munpangati tumraping sesami, mirunggan brayatipun; punika sanes wujuding ajrih nanging minangka wujuding tresna dhateng sesami lan pitados dhateng pangrimating Allah. |*GPY
