Habakuk 1:5-17 ; Jabur 3; Yakobus 1:2-11
NGREKAOS MBUDIDAYA
“manawa pendadaran tumrap pracaya iku nuwuhake sabar mantep.
Sarta sabar mantep iku kareben metokake woh kang sampurna.”
(Yakobus 1:3b-4a)
Sore sakwise resik-resik omah, pak Wiryo ngancani bu Minal nggoreng tempe kanggo lawuh mengko bengi. “Sampeyan rak kudune dina iki rak ngaso. Wingi Setu wis nyambut gawe nganti surup, malah besuk Senen kudu mruput gasik menyang Semarang. Apa ora kesayahen?” ature bu Minal karo nyemplungke tempe neng jero wajan. “Lha piye maneh, bune? Nuruti gawean malah ora ana tutuge! Nadyan kudu ngrekasa, nanging aja nganti awake dhewe ora bisa ninggali pakulinan becik kanggo bocah-bocah! Nek dudu awake dhewe minangka wong tuwane, sapa sing arep mulang bocah-bocah?” mangkono wangsulane pak Wiryo.
Dhateng pasamuwanipun Gusti, rama Yakobus ing seratipun ngemutaken bab panandhang ingkang kasandhang dening para pandherekipun Gusti Yesus. Panandhang ingkang awujud panyoba warna-warna punika estunipun pendadaran ngkang badhe nuwuhaken sabar manteb. Mila pacoben pendadaran punika dados margi supados kapitadosaning tiyang Kristen sangsaya kiyat. Kapitadosan ingkang kiyat punika ingkang sinebat minangka woh ingkang sampurna; awit srana temen pitados dhateng Sang Kristus, manungsa manggihaken kawilujengan.
Emanipun boten saben tiyang purun ngrekaos. Tiyang ingkang kapengin gesang sakeca tanpa ngrekaos punika estunipun boten saestu gesang. Kadosipun kemawon gesang, nanging estunipun namung ngimpi lan boten purun nglilir. Tiyang ingkang sami temen mbudidaya supados sampun ngantos ngrekaos punika estunipun ugi ngrekaos. Bedanipun namung wekdalipun; badhe ngrekaos sapunika punapa badhe benjang. Ingkang katindakaken dening pak Wiryo punika purun ngrekaos sapunika kanthi pangajab supados ing benjang kantun ngraosaken sekecanipun. Mila para pandherekipun Sang Kristus sampun ngantos ajrih ngrekaos, langkung-langkung ingkang magayutan kaliyan babagan karohanen. Kangelaning tiyang sepuh punika ingkang badhe dados pepenget tumrap para lare anggenipun badhe nglampahi gesang ing margining Sang Kristus.|*GPY
