+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 5 Oktober 2025 Minggu Limrah

Habakuk 1:1-4, 2:1-4; Jabur 37:1-9; 2 Timoteus 1:1-14; Lukas 17:5-10

DADI TULADHA

Amarga aku kelingan marang pracayamu kang tulus eklas, yaiku pracaya

kang wiwitane dumunung ana ing embahmu-putri Louis lan ibumu Enunike

lan aku yakin iku iya dumunung ana ing kowe.”

(II Timoteus 1:5)

Awan iku sakrampunge saka Greja, pak Wiryo sakbrayat resik-resik omah. Trisno njunjungi bantal, guling lan kasur; digawa menyang njaba supaya kena srengenge. Dene mbakyu karo ibune Trisno padha nyapu njero omah. Pak Wiryo ngresiki pekarangan njaba. Sakrampunge resik-resik sinambi nyruput teh anget, pak Wiryo ngendika: “Saben-saben, awake dhewe mesthi nindakake sing kaya mangkene. Sepisan, njaga omah resik ateges ngadohake lelara. Kaping pindhone, supaya kowe duwe pakulinan mangkene. Dadi mbesuk nek wis padha duwe brayat lan omah dhewe-dhewe, padha kulina urip resik lan sehat; aja nganti bisane mung mangan, turu utawa dolanan saksenenge dhewe!”

Ing seratipun ingkang katujokaken dhateng Timoteus, Rasul Paulus nedahaken bab anggenipun Lois, embahipun lan Eunike, biyungipun; sampun mbudidaya kanthi temen supados Timoteus nggadhahi kapitadosan ingkang kiyat. Pambudidaya ingkang katindakaken temtunipun boten namung piwulang, nanging mesthinipun ugi patuladhan. Pambudidaya ingkang katindakaken boten nglaha, katitik anggenipun Timoteus kapiji nindakaken ayahan peladosan martosaken kabar kabingahan dhateng sesami.

Sapunika nalika lumebet ing Wulan Brayat, pasamuwan sami katimbalan supados temen ndedonga lan makarya. Kalih bab punika wigati tumrap gesanging tiyang pitados awit lumantar ndedonga, manungsa badhe sangsaya celak kaliyan Gusti Allah; lan manungsa ngudi kacekapaning kabetahan lumantar makarya. Kasunyatan sakmangke, kathah tiyang ingkang kapengin pikantuk kasil ingkang kathah nanging boten purun temen nyambut damel. Langkung-langkung lare sapunika remenipun anteng njingglengi HP ngantos nglirwakaken tanggel jawabipun sae ing babagan pasinaon mekaten ugi ing olah karohanen. Mila samangke tiyang sepuh nggadhahi ayahan wigati; inggih punika mbangun pakulinan temen ndedonga lan makarya dhateng para putra. Boten namung cekap kawulangaken, nanging langkung prayogi menawi saged katuladhakaken.|*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *