+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 4 Oktober 2025 Minggu Limrah

Yesaya 7:1-9; Jabur 37:1-9; Mateus 20:29-34

SETYA

Nanging banjur disendhu ing wong akeh, dikon meneng. Ewasemono malah

saya seru anggone nguwuh-uwuh, ature: “Dhuh, Gusti, mugi karsaa melasi kula, dhuh Putranipun Sang Prabu Dawud.”

(Mateus 20:31)

Sore iku, Trisno mulih rada gasik tinimbang lumrahe. “Pak, ibu nembe wonten pundi?” Mangkono atur pitakonane Trisno marang pak Wiryo sinambi nyelehake sepedha karo layangane. “Ibumu lagi neng warung. Sadhela maneh rak kondur. Kok olehmu dolan kok gasik, ora nganti surup?”. Pak Wiryo ndangu putrane. “Kala wingi ibu ngandika menawi badhe tindak tuwi tiyang sakit sekaliyan tumbas atur-atur. Kula ingkang didhawuhi mbektakaken bingkisanipun.” Mangkono atur wangsulane Trisno. “O, alah! Jebul kuwi sing gawe kowe gageyan bali. Setya temen kowe karo ibumu, le! Muga karo bapak lan Gusti Allah, setyamu kaya mangkono uga, ya.” Pak Wiryo karo ngguyu.

Sang Yesaya kadhawuhan dening Gusti Allah supados manggihi prabu Ahas ingkang saweg sami gumeter kados hiyad-hiyuding wit-witan ing wana awit nalika semanten karajan Aram sakuthon kaliyan karajan Israel kangge nelukaken Yehuda. Lumantar nabi Yesaya, Gusti Allah nedahaken bilih piawon ingkang badhe katandukaken dening mengsah boten badhe kelampahan. Mesthinipun prabu Ahas lan tiyang Yehuda anggenipun sami teteg lan setya dhateng prasetyaning Allah kados dene tiyang wuta cacah kalih tetep sami nguwuh-uwuh nyuwun pitulunganipun Gusti Yesus sanadyan dipun saruwe dening tiyang kathah. Punika katindakaken temtu awit tiyang-tiyang punika sinaosa wuta nanging tansah ngantebi pitados dhateng prasetyaning Allah ingkang badhe ngutus Sang Mesih minangka Juruwilujeng.

Boten  maiben bilih prekawising gesang punika gilir-gumantos nemahi gesangipun tiyang pitados. Nanging sampun ngantos sadaya kawontenan punika damel manah semplah, kecalan pangajeng-ajeng lan punapa malih kecalan kapitadosan dhateng Gusti Allah. Sinaosa momotaning gesang awrat, nanging sumangga mbudidaya tansah mujudaken kasetyan dhateng Allah kanthi temen lan remen nggegesang dhawuh timbalaning Allah. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *