+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 9 Oktober 2025 Minggu Limrah

Kaimaman 14:33-53; Jabur 111; II Timotius 1:13-18

TANGGEL JAWAB DHATENG BRAYAT

wong kang duwe omah iku kudu nemoni lan matur marang Imam:…”

(Kaimaman 14:35a)

Sakwise adus sore, Trisno ditimbali pak Wiryo neng ruang tamu. “Tris, pas sepedamu ambruk dhek mau; kok kowe bisa misuh kaya ngono? Sing ngajari sapa?” Dangune pak Wiryo. “Kala wau kanca-kanca wonten lapangan sami ngucap tembung niku. Nek ngucap tembung niku kok rasane marem. Kenging punapa, pak? Napa boten pareng?” Trisno mangsuli karo garuk-garuk sirah merga bingung. “Le, mbesuk maneh aja ngucap kaya ngono. Sepisan, kowe dadi kulina diereh hawa nepsu. Suwe-suwe, kowe dadi gampang nepsu sanadyan masalahe mung sepele. Kaping pindhone, kowe njuk kangelan nresnani wong sing mbok pisuhi. Tundhane mung gelutan. Apa paedahe? Aja mbok teruske, ya.” Mangkono pemute pak Wiryo.

Dhateng bangsa Israel, Gusti Allah lumantar nabi Musa nedahaken bilih tiyang ingkang nerak angger-angger badhe nampi paukuman. Dene nalika semanten, mala saraat punika kaanggep kanajisan minangka paukuman saking Allah. Nalika ing griya wonten pratandha memala saraat, ingkang kagungan griya; inggih punika kepalaning brayat, kedah sowan dhateng Imam ingkang saklajengipun badhe mrenahaken bab punapa ingkang kedah katindakaken supados sakisining griya kepareng pikantuk kamirahaning Allah. Mila wigati tumrap kepalaning brayat dados tengen dhateng pratandha saking Gusti Allah ing griyanipun minangka wujuding tanggel jawab tumrap kawilujenganing brayatipun.

Sinaosa kinanthi lan tansah binerkahan dening Gusti Allah, gesanging pasamuwan boten eca-sakeca kemawon. Tetep wonten prekawis ingkang kedah dipun adhepi. Rasul Paulus kemawon ugi ngraosaken katilar dening sadherek peladosan. Kados dene Rasul Paulus tetep temen ngestokaken timbalan peladosan, brayat Kristen ugi ngandhemi kapitadosan minangka rajabrana aji ingkang ndunungaken dhateng kawilujengan. Nalika wonten peranganing brayat ingkang ketawis nebih saking margining Allah, sakderengipun kedlarung brayatipun kedah ngemutaken supados kapitadosan lan kawilujenganipun tansah lestantun. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *