Wilangan 16:41-50; Jabur 99; I Petrus 4:1-11 ALLAH INGKANG KEDAH SINEMBAH!“Nabi Musa lan Imam Harun iku panunggalane imame; tuwin nabi Samueliku panunggalane kang padha nyebut asmaning Yahuwah, nulikaparingan wangsulan. Padha dipangandikani saka ing tugu mega, kabehwus padha netepi pepengete, sarta pranatan kang diparingake”(Jabur 99:6-7) Ing pagelaran kethoprak utawi wayang adatipun tiyang ingkang gadhahpanguwaos sinembah dening para abdinipun. Sinembah amargi kwasanemtokaken abang-biruning kawontenan lan nasibing para abdinipun. Lahmakaten gegambaraning gesangipun umat: umatipun Allah prayogi tumungkulsujud manembah dhateng Allah ingkang Mahakwasa.Juru Mazmur mratelakaken kawontenanipun Allah sesembahaning umat.Sinebatipun nabi Musa, imam Harun lan nabi Samuel, estunipun nyulihiumatipun Allah, ingkang adegipun nggambaraken pribadi ingkang dadoslantaraning umat nelakaken pambangun turutipun dhateng Allah. Nedahakenugi anggenipun umat ngunjukaken pandonga lan kurban-kurbanipun dhatengAllah.Allah ingkang jumeneng ing kasucen (kapralambangaken wontenipuntugu-mega) mirsani kawontenanipun umat. Lan krana pirsa kawontenipunumatmila lantaran kalenggahan nabi lan iman wau Gusti Allah paring pangandikadhateng umatipun. Isining pangandika pranyata panjawabipun Allah tumrappandonga, kurban-kurban lan pambangunturutipun umat dhateng Allah.Tumrap kita ityang pitados, estunipun kalenggahan-kalenggakan nabi,imam lan ratu sampun sinandhang ing Pribadinipun sang Kristus, inggih Gustilan Juruwilujeng kita. Ing sasisih, Gusti Yesus Kristus ingkang jumeneng Ratu,Nabi lan Imam nyulihi kita manungsa kangge mratelakaken panyuwunan babkabetahan kita, mirungganipun bab pangapuntening dosa supados nampigesang langgeng. Nanging ing sisih sanesipun, Panjenenganipun sang Kristus,Gusti kita ingkang paring panjawab tumrap sedaya kabetahan kita wau.Mila estu pantes lan sampun sakmesthinipun yen kita manembah dhumatengGusti krana asih katresnan lan pangwasanipun ingkang kwasa paring panjawabkanthi bukti nyata, milujengaken. Mila satuhu, namung Allah ingkang wajibsinembah. Mugi Roh Suci nglestantunaken pitados kita. Amin. |*BP
Senen, 18 Mei 2026 Minggu Paskah VII
Kaimaman 9:1-11; 22-24; Jabur 99; 1 Petrus 4:1-6 AJI MUMPUNG“… amarga sapa kang wis nandhang sangsara kadagingan iku wis matenianggone nglakoni dosa, supaya wektu kang isih ana,aja kok anggo murutikepencuting manungsa,nanging mituhua marang ing karsaning Allah”.(1 Petrus 4:1-2) Tembung “aji mumpung” adatipun gegayutan kaliyan ngginakakenwekdal kangge nindakaken bab-bab ingkang boten prayogi. Tuladhanipun“mumpung sing kagungan dalem ora ana, wah iki kesempatan kanggongunduh pelem sing ana ing pekarangane”. Aji mumpung dados kesempatankangge colong-jupuk.Ningali kawontenanipun tiyang-tiyang Kristen ingkang sumebar ingkathah papan panggenan, rasul Petrus mratelakaken nalika dereng manjingdados Kristen gesangipun mila sami mblunthah, jibar-jibur ing salebetingdosa. Nanging sasampunipun pitados dhateng Gusti Yesus, lan dipun tebusdening sang Kristus lajeng sami nilar dosa, boten nglampahi dosa malih.Ewasemanten gandheng taksih sami gesang ing donya, mila pangwasaningdosa tetep kemawon taksih ndingkik kangge nengga lenanipun manungsasupados saged dipun reh dening rohing panasaran. Krana taksih wontenkemawon ancaman saking pangwasaning dosa, para tiyang pitados kaengetakensupados waspada. Wekdal ingkang taksih wonten ing ngajenging gesangipunpara tiyang pitados kedah dipun ginakaken kanthi leres, sampun ngantoskepencut hawa nepsuning kadagingan/kadonyan. Mumpung taksih pinaringanwekdal dening Gusti, taksih pinaringan kalodangan, para tiyang pitadoskedahi tansah ngudi mbangunturut dhateng kersanipun Allah.Sabda pangandika dinten punika mucal dumateng kula lan penjengansami, bilih dosa kita sampun kaapura dening Gusti, mila gesang kita dadosgesang anyar. Mumpung isih diparingi umur dening Gusti, payo padha setyamarang Gusti.Inggih mumpung taksih pinaringan kalodhangan kangge gesangingpitados, sumangga setya Gusti. Amin. |*BP
Ahad, 17 Mei 2026 Minggu Paskah VII
Lelakone Para Rasul 1:6-14; Jabur 68:1-10;32-35;1 petrus 4:12-14; 5:5-11; Yokanan 17:1-11 GESANG LANGGENG“Wondene menggah gesang langgeng punika manawi tiyangsami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sejati piyambak,sarta dhateng Yesus Kristus utusan Paduka”(Yokanan 17:3) Makaping-kaping anggenipun Kitab Suci nyathet tembung “urip langgeng”.Upaminipun, wonten ing Yokanan 3:16, mucalaken sinten ingkang pitadosdhateng Gusti Yesus, boten badhe nemahi karisakan nanging “duweni uriplanggeng”. Ugi nalika tiyang nem-neman miterang dhateng Yesus babaganlampah ingkang saged njalari gesang langgeng, lan nem-neman punika apalngucapaken angger-anggering katresnan, Gusti Yesus paring pangandikasupados sadaya punika dipun lampahi kanthi saestu. Srana nindakakenkatresnan ing gesang padintenan tiyang badhe gesang.Kathah tiyang pitados ingkang nggadahi pamanggih bilih gesang langgengpunika kawontenanipun tiyang ingkang boten badhe tilar donya, nggadahiumur panjang tanpa wates. Kasunyatanipun Kitab Suci mucalaken bilih gesanglanggeng boten magepokan kaliyan gunggunging umur ingkang kathahtanpa wates.Injil Yokanan 17:3 mucal bilih gesang langgeng estunipun sesambetanklayan kwalitas, mutu, maknaning gesang ingkang wanuh klayan Gusti Yesusingkang jumeneng pinangka Juruwilujeng. Gesang langgeng mratelakakenkawontenaning gesangipun manungsa ingkang anggadhahi sesambetaningkang leres kaliyan Gusti Allah wonten ing Sang Kristus.Gesang langgeng punika peparingipun Gusti Allah. Lan nindakaken angger-anggering katresnan punika dados wujuding gesang ingkang winengku deningsih rahmatipun Gusti. Awit nedahakan wontenipun sesambetan ingkang leresantawising Allah lan sesami. Amin. |*BP
Setu, 16 Mei 2026 Minggu Paskah VI
2 Para Raja 2:13-15; Jabur 93; Yokanan 8:21-30 GUSTI ALLAH PARING PAUKUMAN ?“Mulane Aku mau tutur marang kowe, manawa kowe bakal padha matisajroning dosamu. Amarga manawa kowe padha ora ngandel yen Aku ikiPanjenengane, wus mesthi kowe bakal padha mati ing sajroning dosamu”(Yokanan 8:24) Minangkaperangan saking pangibadah ingkang mujudaken sarana pangrimatingkapitadosan, wedharing sabda (khotbah) punika kedah mbabarakenkersanipun Allah adhedasar Kitab Suci. Awit kedah mbabaraken kersanipunAllah, pramila isining khotbah punika boten namung perkawis ingkang damelremen kemawon. Wonten ugi pameleh, pepenget, pangatag punapa denebebendhu saking Gusti.Waosan dinten punika nelakaken bebendhu ingkang badhe katampidening umat awit dosanipun. Dene dosa ingkang njalari kelampahaningpaukumanipun Gusti boten sanes menawi manungsa boten ngakeni bilihGusti Yesus punika pinangkanipun saking swarga, saking ngaluhur, tanpadosa. Panampikipun manungsa dumateng asal-usulipun Gusti Yesus punikabadhe ndhatengaken paukuman pejah.Saking ngriki cetha bilih piwucalipun Gusti Yesus boten namung isipratelan bab karahayom peparingipun Gusti. Isining Kitab Suci sanyatanipunboten namung perkawis ingkang damel ayem lan nyondhongi dumatengpepinginanipun manungsa kemawon. Nanging ugi isi pameleh lan pepengetbab bebendhu ingkang badhe kadhawahaken dening Gusti tumrap tiyangingkang nampik Panjeneganipun.Pramila, lepat yen kita nganggep piwucalipun Gusti namung isi bab-babingkang mbingahaken kemawon. Caranipun Gusti ngrimati kita botennamung kanthi alus lan damel senenging ati kemawon. Ananging ugi kanthimelehaken lan sage dugi kanthi paring paukuman supados kita sami mratobat.Sumangga nampeni sedaya piwulangipun Gusti kanthi nglenggana. Amin |*BP
Jemuwah, 15 Mei 2026 Minggu Paskah VI
2 Para Raja 2:1-12; Jabur 93; Efesus 2:1-17 AMAL PUNIKA BOTEN MILUJENGAKEN“Sebab anggonmu padha kapitulungan rahayu iku saka sih-rahmatmarga saka pracaya; lan dudu wohing pambudidayamu, nangingpeparinge Gusti Allah, iku dudu wohing panggawemu;aja ana wong kang gumunggung.”(Efesus 2:8-9) Sawetawis agami mucalaken bilih amal-kasaenaning manungsa punikasaged dados srananipun manungsa wilujeng. Mila tiyang lajeng sami ngudikangge kathah nindakaken amal kasaenan. Lajeng, kados pundi mungguhingpara pitados (tiyang Kristen)?Wonten ing seratipun Rasul Paulus mucalakaen bilih kawilujenganipuntiyang pitados boten krana nindakaken amal kasaenan. Pancen amal kasaenanwigatos minangka bukti raos sukor kita awit sampun dipun paringi kawilujengan.Ananging piwucal Kristen nelakaken bilih manungsa badhe kawilujengakensauger sami anggadhahi sesambetan ingkang leres lan raked kaliyan GustiYesus. Dhasaripun inggih punika raos pitados dhateng Sang Kristus (Yok.3:16).Kanthi gamblang Rasul Paulus mucalaken menawi kawilujengan mujudakenkanugrahan sih-rahmatipun Allah margi anggenipun manungsa pitados dhatengGusti Yesus.Kawilujengan mujudaken Sih Rahmatipun Gusti tumraping kita ingkangpitados dhateng Panjenenganipun. Tumraping kita ingkang sampun ngraosakenkaparingan kawilujengan, sumangga kita pratelakaken raos syukur punikasrana nindakaken kasaenan dumateng sedaya titah.Sinaosa amal kasaenan boten milujengaken nanging tetep wontenpaedahipun awit saged njalari kabingahaning liyan, saged saged nglestantunakentatananing alam jembar punika. Kejawi punika, amal kita ugisaged ndhatengakenkabingahan tumrap kita piyambak. Pandamel sae ugi mujudaken raos sokurdhumateng Gusti lan nelakaken pangabekti dhumateng Gusti. Pramilasumangga ing salebeting pitados kita, kita terus lan tetep nindakaken kasaenanmurih asmanipun Gusti tansah kaluhuraken. Amin. *BP
Kemis, 14 Mei 2026 Minggu Paskah VI
Lelakone Para Rasul 1:1-11; Jabur 53; Efesus 1:15-33; Lukas 24:44-53 WUJUDING KABINGAHAN“… Ana ing kono Panjenengane nuli ngangkat astane, para sekabatpadha diberkahi … Para sekabat banjur padha sujud nyembah marangPanjenengane, nuli padha bali menyang ing Yerusalem kalawan bungahbanget, sarta padha ana ing Padaleman Suci lan ngluhurake Allah”( Lukas 24:50-53) Raos bingah saged dipun pratelakaken srana maneka warni cara. Wonteningkang keplok-keplok, saged rengeng-rengeng utawi kekidungan, saged ugimalah mbrebes-mili lan muwun sesengguken, punapa dene sembahyanganatur panuwun, lan sanesipun.Nalika Gusti Yesus mekrad, sumengka dhateng ing swarga, para sekabatingkang ndherekaken sami cingak, sumedhot lan ndomblong tumenga dhatenglangit (L. Para Rasul 1:10-11). Nanging saklajengipun sami wangsul kebaking kabingahan (Lukas 24:50).Kabingahanipun para sekabat dipun wujudaken kanthi sikep “padhasujud nyembah marang Panjenengane”. Ingkang nedahaken lembah-manahipunpara sekabat, wujud raos tanpa-dayanipun para sekabat ing ngarsanipun Gusti.Salajengipun “nuli padha bali menyang ing Yerusalem”. Punika nedahakenkasetyanipun para sakabat kangge ngestokaken dawuh timbalanipun Gustisupados sami wangsul dateng Yerusalem.Kula lan panjenengan sami ugi sampun nampi kawilujengan dalah sampunkatedhakan ing Roh Suci, sami mangertos lan pitados bilih sang Kristus Juruwilujeng kita. Kita rak inggih kebak ing kabingahan krana kawilujengakendening Gusti, ta!? Lah sumangga kita pratelakaken kabingahan kita kanthimbangun lan nindakaken pangibadah ingkang satuhu. Salah satunggalingsikep ngibadah kita temtu kemawon donga sukor atur panuwun dhumatengGusti bab kasaenan lan berkahipun Gusti. Temtu kita ugi remen memujiGusti kanthi kekidunganing kasukman. Sumangga! Amin. |*BP
Rebo, 13 Mei 2026 Minggu Paskah VI (Pethak)
Pangandharing Toret 31:1-13; Jabur 93; Yokanan 16:16-24 AYEM ING GUSTI YESUS“Satemen-temene Aku pitutur ing kowe: kowe bakal padha nangis lansesambat,nanging jagad bakal bungah; kowe bakal padha nandhangsusah, nanging kasusahanmu bakal salin dadi kabungahan”(Yokanan16:20) Wonten ing KPJ 399 (pada kalih), kanthi irah-irahan “Ayem Neng GustiYesus” dipun serat, ”Sisah samangke namung kantun sawetawis …”. Punikanelakaken kapitadosan Kristen menawi raos sisah ingkang wonten botenbadhe dangu karaos awit tansah ingauban sih katresnaning Allah.Nalika Gusti Yesus ngandikakaken bab anggenipun badhe seda, wungulajeng sumengka ing swarga nilar para sekabat, para sekabat sumaos saklangkungsisah awit kedah pepisahan kaliyan Panjenenganipun.Ananging raos sisahipun para sekabat punika boten badhe dangu. AwitSang Roh Suci, Rohing Panglipur, badhe enggal kaparingaken. Roh Panglipurpunika ingkang badhe nuntun lan ngiyataken para sekabat. Roh Suci, RohingKayekten, punika ugi badhe mucalaken bab kaleresan lan nuntun dhumatengmargining kaleresan. Menawi mekaten, sinaosa para sekabat kalimput ingraos sisah awit kedah pepisahan kaliyan Gusti Yesus, raos sisah punuka botenbadhe dangu karaosaken awit para sekabat sami nggadhahi pangajeng-ajeng.Kados dene para sekabat nalika semanten, samangke kita inggih kaparinganRoh Panglipur. Pramila sinaosa kita kedah ngadhepi maneka-warni karibedan inggesang, sampun ngantos kecalan pengajeng-ajeng. Awit ingauban ing sihNya kitatetep rumaos ayem-tentrem. Madhep-manteb nindkakaken ayahan peparingpunGusti. Sadaya punika pancen kedah kelapahan, ewasemanten pitulunganipunGusti mesthi datan kendhat ing gesang kita. Amin. | *BP
Slasa, 12 Mei 2026 Minggu Paskah VI
Pangandharing Toret 5:22-37; Jabur 93; 1 Petrus 3:8-12 SAGED WILUJENG NGANTOS DUMUGI TUJUAN“Kang iku kowe padha nglakonana apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah …sarta aja nyimpang mangiwa utawa manengen. Kabeh dalan kangditedahake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, ikuambahen, supaya kowe padha urip lan padha ginanjar slamet apadenedawa umurmu ana ing tanah kang bakal kokejegi”.(Pangandaring Toret 5:32,33) Wekdal samangke kita saged ngginakaken pitedahipun Google Map menawikekesahan tumuju dhateng papan ingkang dereng kita wanuhi. Srananggatosaken lan ngestokaken pitedah Google Map mesthinipun kita botennyasar lan saged wilujeng dumugi papan ingkang kita tuju.Saksampunipun nampi angger-anggeripun Gusti ing redi Sinai, umatkedah nglajengaken lampahipun tumuju dhateng tanah prasetyan. Supadoswilujeng dumugi papan ingkang dipun tuju, wonten kalih perkawis ingkangkedah dipun tindakaken dening umat. Sepisan, nindakaken dhawuhipun Gustikados ingkang kapratelakaken ing angger-angger ingkang kaparingaken ingredi Sinai. Kaping-kalih, anggenipun lumampah kedah manut margi ingkangdipun tedahaken dening Gusti Allah. Kalih perkawis punika kedah dipunestokaken kanthi tumemen awit ing tanah prasetyan sampun wonten bangsa-bangsa sanes ingkang mengku lan nguwaosi negari punika. Umat kedahngetogaken daya kekiyatanipun kangge ngrebat negari punika saking bangsa-bangsa sanes, kinanthenan pambangun turut dhumateng pitedahipun Allah.Sinaosa tantanganing gesang punapa dene jinising karibedan kita samangkebenten kaliyan jamanipun umat Israel rikala semanten, nanging supadoskita saged nggayuh karahayoning gesang, kita ugi kedah mbangun turut lanpurun nindakaken dawuhipun Allah. Sampun ngantos malah nggega pikajengkita piyambak. Kita tetep tumindak, nanging anggen kita tumindak tansahkalandesaken dhateng kersanipun Gusti. Amin |*BP
Senen, 11 Mei 2026 Minggu Paskah VI
Purwaning Dumadi 9:8-17; Jabur 98; Lelakone Para Rasul 27:39-44 PRATANDHA KASETYANIPUN ALLAH“KluwungingSun Sunpapanake ana ing mendhung, iku minangkatandhaning prasetyaningSun lan bumi. Manawa ing tembe Ingsunngumpulake mendhung ana ing sadhuwure bumi, lan kluwung maubanjur katon ana ing mendhung, ing kono Ingsun mesthi bakal engetmarang prasetyaningSun…”(Purwaning Dumadi 9:13-15) Kluwung (pelangi) punika mujudaken fenomena alam ingkang endahawujud cahya lengkung maneka warni ing angkasa, saksampunipun jawahawit tetesing toya jawah kenging cahyaning surya.Ing waosan kita dinten punika kacethakaken bilih kluwung mujudakentanda prasetyanipun Allah ingkang boten badhe numpes tapis bumi lansaisinipun malih kadosdene nalika jamanipun nabi Nuh.Krana manungsa mbluntah gesangipun, Gusti Allah lajeng paring paukumansrana bena ageng ingkang nglelebi bumi saisinipun. Gusti Allah namungngantunaken brayatipun Nuh dalasan sawetawis kewan sajodho-sajodho,ingkang dipun dhawuhi mlebet ing prau yeyasanipun Nuh netepi dhawuhlan pitedahipun Gusti Allah.Saksampunipun paukuman kawawas cekap, Nuh ngaturaken kurbandhumateng Gusti ingkang dados renaning penggalihipun Gusti (P. Dumadi8:20-21). Gusti Allah paring berkah lan prajanji dhateng Nuh menawi botenbadhe numpes tapis bumi saisinipun malih srana bena ageng. Kluwungpinangka tandhaning prajanji punika ugi nggambaraken anggenipun Allahtetep ngersakaken manungsa lan titah sanesipun saged ngrembaka, tangkar-tumangkar lan jagad raya saisinipun saged lestantun.Rawuhipun Gusti Yesus kangge nindakaken pakaryaning kawilujenganugi mujudaken bukti kasetyanipun Allah dhumateng prajanji punika. Milarahayu kula lan panjenengan ingkang pitados dhateng Gusti Yesus Kristus,awit panjenenganipun punika pratandha-bukti bilih pakaryaning Allah punikaboten numpes nanging milujengaken. Amin. |*BP
Ahad, 10 Mei 2026 Minggu Paskah VI
Lelakone Para Rasul17:22-31; Jabur 66:8-20; 1 Petrus 3:13-22;Yokanan14:15-21 TETEP SABAR ING LAMPAH BECIK LAN BENER“Sarta sapa ta kang bakal nandukake piala marang kowe, manawa kowesregep gawe becik ? Nanging sanadyan kowe kudu nandhang sangsaramarga saka laku bener, kowe bakal rahayu. Aja wedi marang apakang padha diwedeni sarta aja nganti giris”.(1 Petrus 3:13-14) Gesang miturut tata Kristen punika pancen awrat; boten namung nyanggimomotaning gesang, nanging ugi ngadhepi resiko krana anggenipun ndherekGusti Yesus. Sesanggening gesangipun tiyang Kristen dados dobel.Tata gesang Kristen punika kedah nindakaken kabecikan, jalaran punikawujuding caos panuwun sukor dhateng Gusti Yesus. Limrahipun kabecikannjalari tiyang saged kesengsem lan boten badhe tumindak awon. Ewasemantenkasunyatanipun ugi wonten tiyang ingkang boten karenan lan serik sinaosaancas kita sae. Lan malih krana kasetyan kita nindakaken dhawuhipun Gusti,kita asring ngadhepi panandhang awit wontenipun tiyang ingkang sengitdhateng kekristenan. Satemah kita asring dipun singkiri dening sesami ingsatengahing pasrawungan. Wonten ing Indonesia kemawon, taksih asringkedadosan kasus tiyang Kristen ingkang dipun alang-alangi anggenipun ngibadah;boten pareng ngibadah ing griya, boten pareng mbangun gedung greja.Ngadhepi kasunyatan ingkang kados mekaten punika, Rasul Petrus paringdawuh supados kula lan panjenengan sami tetep tegen ing pitados lan tetepmbangun kasabaran ngadhepi sedayanipun. Awit tiyang ingkang tetep ingpitados lan sabar ngadhepi pekeweding gesang, badhe nampi karahayon.Wontenipun pepalang lan pakeweding gesang, pancen nyata kabukten!Awit punika tata gesang setya ing pitados lan mbangun gesang kebak ingkasabaran, kedah dipun udi. Awit saking punika, sumangga tansah ngganter ingpandonga, pasrah ing Allah lan nyenyuwun mugi kita kasagedna setya dhatengGusti lan pinaringan rohing kasabaran,tanpa was-sumelang. Amin. |*BP
