+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 19 Februari 2026 Minggu Transfigurasi

Yunus 3:1-10; Jabur 51; Rum 1:1-7

DADI KAGUNGANE GUSTI
“Kowe uga padha klebu ing antarane wong-wong mau,
kowe kang wus padha katimbalan dadi kagungane Sang Kristus”
(Rum 1:6)

Rasul Paulus nandhesaken bilih para pitados ing kitha Rum ingkang
asalipun saking bangsa-bangsa sanes Yahudi, punika sampun kadadosaken
kagunganipun Sang Kristus. Punika dados pratandha bilih kawilujengan
ingkang saking Gusti Allah punika kebabar sangsaya wiyar, boten namung
kangge bangsa Yahudi kemawon.
Dados kagunganipun Sang Kristus punika ngemu suraos: sepisan, para
pitados nampi nugraha saking Gusti awit kaangkat dados kagunganipun
Gusti. Minangka kagunganipun Gusti, para pitados badhe tansah dipun
rimati dening Gusti, gesangipun boten badhe kapiran. Kaping kalih, dados
kagunganipun Gusti punika minangka timbalan supados tansah gesang
mbangun turut dhumateng Gusti. Minangka kagunganipun Gusti, para
pitados kedah madhep mantep, ngabekti namung dhumateng Gusti Allah
wonten ing Sang Kristus Yesus. Dados kagunganipun Gusti punika tegesipun
sawetahing gesang kita punika inggih kagunganipun Gusti. Mila kedah
tansah lumadi dhumateng Gusti, kados pangandikanipun rasul Paulus, “…
kowe wus padha mati tumraping dosa, nanging kowe padha urip lumados
marang Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yesus” (Rum 6:11).
Emanipun, bab timbalan gesang lumadi dhumateng Gusti punika asring
dipun lirwakaken dening pada kagunganipun Gusti. Punika kita ugi kalebet
tiyang ingkang asring nglirwakaken timbalanipun Gusti punika? Dinten
punika kita sami kaengetaken supados tansah caos sokur awit kamirahanipun
Gusti ingkang ngangkat kita dados para kagunganipun. Raos sokur punika
kita pratelakaken kanthi nglampahi gesang ingkang anyar, gesang ingkang
lumados dhumateng Gusti. Sawetahing gesang kita: nyawa, badan, nalar
budi, wekdal, bandha, keluarga, kalenggahan sadaya punika kedah kaginakaken
kangge ngladosi karsanipun Gusti. Inggih kanthi mekaten, kita paring paseksi
dhateng sesami bilih kita punika kagunganipun Gusti Yesus. Amin. |*ERY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *