+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 15 Februari 2026 Minggu Transfigurasi

Pangentasan 24:12-18; Jabur 2; 2 Petrus 1:16-21; Mateus 17:1-9

CELAK KALIYAN GUSTI
“Gusti Yesus banjur nyelak njawili para sakabate
sarta ngandika: “Padha ngadega, aja wedi.”
(Mateus 17:7)

Dados umat kagunganipun Gusti Allah punika saestu bingahaken.
Pinarengan lan kasagedaken sowan dhumateng Gusti Allah punika mesthi
ugi sansaya bingahaken. Kita mangretosi bilih manungsa dosa punika
sejatosipun boten pantes lan boten saged sowan dhumateng Gusti. Pramila,
manawi Gusti paring kanugrahan, ngeparengaken kita sowan lan celak
kaliyan Panjenenganipun, punika kedah dipun tampi kanthi raos sokur.
Ing prastwa transfigurasi, tetela bilih Gusti Yesus punika saestu Allah
ingkang sejati. Panjenenganipun sanes namung guru tumrap para
sakabatipun, ananging ugi Gusti Allah piyambak. Aben ajeng kaliyan
kamulyanipun Gusti, para sakabat (Petrus, Yakobus lan Yohanes) sami
rumaos ajrih lan sumungkem ing bumi (ayat 6). Ananging “Gusti Yesus
banjur nyelak njawili para sakabate sarta ngandika: Padha ngadega, aja
wedi.” (ayat 7).
Waosan punika saestu nandhesaken bilih Gusti Yesus punika Allah
ingkang Mahamulya, ingkang keparneg ngasoraken sariranipun lan nyelaki
manungsa ingkang dosa. Panjenenganipun paring kasantosan dhateng sok
sintena ingkang purun pitados lan nampi pakaryanipun. Wonten ing Sang
Kristus, Gusti Allah nyelaki manungsa, nimbali manungsa supados
nggadhahi sesambetan ingkang raket kaliyan Panjenenganipun.
Minangka umat kagunganipun Gusti, kita tansah bingah lan muji sokur
dhumateng Gusti. Kita dipun keparengaken sowan Gusti, ngarosaken
panganthi lan pangrimating Gusti ing saben dintenipun. Kita sami katuntun
dening sabdanipun Gusti ingkang dados dilah ing gesang kita. Sinaosa ing
gesnag punika kathah pambengan dalah pepalang, ananging Gusti Yesus
tansah nglipur lan ngiyataken kita. Nalika kita rumaos ajrih lan lungkrah
ngadhepi kawontenaning gesang, Panjenenganipun tansah celak kaliyan
kita lan ngendika, “Padha ngadega, aja wedi!”. |*EW

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *