Pangentasan 33:7-23; Jabur 78:17-20, 52-55; L. Para Rasul 7:30-34
KADOSDENE KANCA
“Pangeran Yehuwah anggone imbal pangandika karo Nabi Musa
iku aben-ajeng kaya wong guneman karo kancane”
(Pangentasan 33:11a)
Punapa panjenengan kagungan kanca? Limrahipun saben tiyang punika
nggadhah kanca, sae punika kanca sekolah, kanca dolan, kanca ing greja,
kanca ing kantor, ngantos kanca ing dunia maya. Sesambetan kaliyan kanca
punika mesthinipun sesambetan ingkang ngremenaken. Langkung raket
anggenipun kekancan, langkung sae sesambetanipun. Kita saged sesrawungan
kanthi bebas, saged guyonan, saged ngedalaken raos (curhat), saged silih
mbiyantu lan sanesipun.
Waosan dinten punika, mliginipun saking Kitab Pangentasan, punika
nelakaken endahing sesambetan ing antawisipun Gusti Allah kaliyan
abdinipun inggih punika Nabi Musa. Dipun terangaken, saben-saben Nabi
Musa sowan wonten ing Tarub Pasewakan, Gusti Allah kepareng rawuh lan
imbal pangandika kaliyan abdinipun punika kanthi aben-ajeng kadosdene
ngendikan kaliyan kancanipun (ayat 11). Manungsa punika sejatosipun
boten saged aben-ajeng kaliyan Gusti Allah ingkang Mahasuci amargi tiyang
dosa boten kiyat, boten tahan ngadhepi kamulyanipun Gusti. Pangandharing
Toret 34:10 paring katrangan, “Ing sabanjure wus ora ana nabi maneh kang
jumeneng ing antarane Israel kang madhani Nabi Musa, kang ditepangi
dening Pangeran Yehuwah aben ajeng”.
Sejatosipun, kita punika ugi boten pantes sowan wonten ing ngarsanipun
Gusti. Ananging, Gusti Yesus kepareng ngangkat kita dados mitra-mitranipun.
Pakaryan salib nyirnakaken singgetan ing antawisipun manungsa dosa kaliyan
Gusti Allah. Bab punika kagambaraken nalika Gusti Yesus masrahaken
nyawanipun wonten ing kajeng salib, gubahipun Padaleman Suci punika
suwek dados kalih (Markus 15:37-38). Ateges pangurbananipun Sang Kristus
mbikak margi ingkang njalari kita kepareng sowan wonten ing ngarsanipun
Gusti. Mila punika sumangga tansah ngabekti kanthi manah ingkang tulus,
mirengaken lan nindakaken dhawuhipun Gusti kanthi setya. |*ERY
