I Para Raja 19:9-18; Jabur 78:17-20, 52-55; Rum 11:1-6
AMPUN SEMPLAH!
“Kawula tumindak ing damel kalayan sagiyat-giyatipun kagem
Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi,
awit tiyang Israel sami nilar prajanjian Paduka saha mejahi para
nabi Paduka kalayan pedhang, nanging kawula piyambak ingkang
taksih gesang, mangka tiyang-tiyang wau inggih kepengin
njabut nyawa kawula.”
(1 Para Raja 19:14)
Semplah punika tegese putus asa, kecalan pangajeng-ajeng, rumaos
bilih pambudidaya kita badhe muspra tanpa guna. Inggih semplah punika
ingkang nembe karaosaken dening nabi Elia saksampunipun mireng
ancamanipun ratu Izebel (1 Para Raja 19:2). Nabi Elia rumaos ajrih sanget
ngantos mlajar dhateng ara-ara samun. Ing ngriku, piyambakipun nyuwun
supados Gusti mulung nyawanipun.
Ing kawontenan ingkang awrat, kathah tiyang nganggep bilih pejah
punika saged dados margining pangluwaran saking prekawis ing gesangipun.
Mila, ngantos kedadosan tiyang ingkang nglalu (bunuh diri). Krenteg pengen
pejah kewamon punika nelakaken kawontenaning manah ingkang semplah,
rumaos boten gadhah daya lan boten saged mbudidaya punapa-punapa malih.
Nabi Elia punika sampun nyambut damel kanthi saestu. Piyambakipun
netepi timbalan minangka nabinipun Gusti aben ajeng kaliyan prabu Ahab
dalah bangsa ingkang nyingkur Gusti. Nabi Elia sampun mbudidaya
nindakaken punapa ingkang saged katindakaken. Ananging kasilipun kados-
kados muspra kemawon. Pandamelipun ingkang ngedab-edabi inggih
punika ngawonaken 450 nabi Baal ketingal boten wonten ginanipun. Prabu
Ahab minangka pemimpining bangsa Israel punika boten mratobat. Garwanipun
Ahab ingkang nami Izebel sapunika badhe mejahi piyambakipun. Punika
ingkang dadosaken semplahing manahipun nabi Elia.
Ananging, Gusti Allah ingkang Mahakuwaos boten negakaken abdinipun
rumaos semplah. Gusti Allah kepareng ngiyataken abdinipun lan paring
pitedah punapa ingkang kedah dipun lampahi. Gusti Allah paring dhawuh
supados Elia wangsul dhateng marginipun, “Sira mangkata, metua ing
dalanira…” (1 Para Raja 19:15). Nabi Elia kadhawuhan supados nglajengaken
gesangipun lan tansah netepi timbalanipun Gusti. |*ERY
