1 Para-raja 21:1-29; Jabur 2; Markus 9:9-13
SIRA AJA MELIK!
“Sang Prabu Akhab ngandika marang Nabot: “Kebon anggurira iku caosna
marang ingsun, arep sundadekake kebon sayuran, sabab dumunung ing
sacedhake kadhatoningsun. Sira bakal sunparingi kebon anggur kang
luwih becik tinimbang iku minangka gantine, utawa manawa sira luwih
seneng, ingsun bakal maringi dhuwit marang sira, sapira pangajine.”
(1 Para Raja 21:2)
“Sira aja melik …” (Pangentasan 20:17) punika salah satunggaling
angger-anggeripun Gusti ingkang kaparingaken dhateng umat lumantar
nabi Musa. Melik punika tegese nduweni pepenginan kangge nguwasani
punapa ingkang dados darbekipun tiyang sanes. Inggih mekaten ingkang
dados krentegipun prabu Ahab dhateng kebonipun Nabot. Sinaosa prabu
Ahab sampun nggadhahi bandha kathah, ugi kagungan siti ingkang wiyar,
ananging piyambakipun kepengin nguwasani kebon anggur gadhahan Nabot,
salah satunggaling rakyatipun. Nabot boten purun nyade sitinipun amargi
punika warisan saking leluhuripun. Bab punika nelakaken bilih Nabot punika
kalebet tiyang ingkang ngurmati para leluhuripun lan netepi pranatanipun
Gusti kangge njagi siti peparingipun Gusti (ingkang sampun kaedum nalika
jamanipun Yosua).
Saestu boten prayogi kekajenganipun prabu Ahab, ngantos Izebel
garwanipun ngrancang bab ingkang nistha dhateng Nabot. Nabot dipun
pitenah, dipun pejahi lan sitinipun dipun rampas. Sipat melik punika pranyata
nuwuhaken tumindak ingkang awon lan dhatengaken dosa. Mila punika
umatipun Gusti tansah kaengetaken ampun ngantos melik dhateng barang
darbekipun sesami.
Kadospundi kita saged mbudidaya nebih saking sipat lan tumindak
melik punika? Kanthi tansah nampi kawontenan ing gesang kita saha tansah
caos sokur dhumateng Gusti. Punapa ingkang kaparingaken dening Gusti,
kathah utawi sakedhik punika wujuding katresnanipun Gusti tumrap kita.
Ing sisih sanes, kita ugi prelu ngurmati sesami, kalebet ngajeni punapa
ingkang dados hakipun saha sadaya barang darbekipun. Kanthi mekaten
kita saged tansah waspada lan tinebihaken saking sipat melik. |*ERY
