Pangentasan 19:9b-25; Jabur 2; Ibrani 11:23-28
MARGA SAKA PRACAYA
“Marga saka pracaya Nabi Musa nalika wus diwasa ora karsa
sinebut putrane Sang Prabu Pringon, jalaran panjenengane
milaur nandhang sangsara karo umate Gusti Allah, katimbang
karo ngraosake kamuktening dosa sawatara mangsa”
(Ibrani 11:24-25)
Musa punika salah setunggaling pemimpin ingkang misuwur ing Israel.
Musa wiyos ing Mesir, nalika kedadosan kathah lare-lare tiyang Ibrani
ingkang dipun pejahi amargi dhawuhipun prabu Pringon. Awit pitulunganipun
Gusti lumantar putrinipun prabu Pringon, Musa saged uwal saking kacilakan
malah dipun rimati an dipun angkat dados putranipun sang putri. Musa gesang
mulya ing kratoning prabu Pringon. Ananging saksampunipun dhiwasa, Musa
rumaos prihatos dhateng nasibipun para tiyang Ibrani. Musa nggadhahi
krenteg kangge mbelani bangsanipun ngantos nat emejahi tiyang Mesir.
Jalaran tumindak punika, Musa mlajar saking prabu Pringon.
Musa punika ing salajengipun tinimbalan dados abdinipun Gusti ingkang
kadhawuhan supados ngirid tiyang-tiyang Ibrani medal saking negari Mesir.
Musa nilaraken kamulyaning gesangipun. Sesarengan kaliyan umat kagunganipun
Gusti, Musa ngadhepi rupi-rupi prekawis lan ngumbara ing ara-ara samun
ngantos 40 taun dangunipun. Sadaya punika katindakaken “Marga saka
pracaya…” (ayat 24). Awit kapitadosanipun dhumateng Gusti, Musa tansah
mituhu lan netepi dhawuhipun Gusti.
Para sadherek, punapa kita ugi purun pitados dhumateng Gusti lan
netepi dhawuhipun Gusti kanthi setya? Sinaosa awrat lan kedah ngurbanaken
punapa ingkang kita gadhahi, sumangga tansah tuhu setya dhumateng Gusti.
Gusti Allah kagungan rancangan ingkang endah tumrah para kagunganipun.
Gusti Allah boten badhe negakaken, Panjenenganipun sampun nyawisaken
punapa ingkang langkung aji lan endah tumrap para abdinipun ingkang
setya tansah. |*EW
