+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 12 Februari 2026 Minggu Limrah

Pangentasan 6:2-9; Jabur 2; Ibrani 8:1-7

NYENYUWUNA MARANG GUSTI
“Sira nyenyuwuna marang Ingsun, mesthi sira Sunparingi para bangsa
dadi pusakanira, lan pungkasaning bumi dadi darbekira.”
(Jabur 2:8)

Limrahipun, saben tiyang punika nggadahi pepinginan lan kebetahan
ing gesangipun. Kabetahaning manungsa punika kathah, pepenginanipun
manungsa langkung kathah malih. Ing salebeting ngudi kabetahan lan
pepenginanipun punika saben tiyang nindakaken mawerni-werni cara.
Punika wujuding pambudidayanipun manungsa ing gesangipun. Ananging
sadaya pambudidayaning manungsa punika boten saged paring jaminan
bab kasilipun.
Lumantar waosan Jabur 2 punika kita kaengetaken bilih gesang punika
winengku ing panguwaosipun Gusti Allah. Inggih namung Panjenenganipun
ingkang saged namtokaken punapa ingkang kelampahan ing jagad punika.
Pramila, punapa ingkang dados rancangan dalah pambudidayaning manungsa
ingkang cengkah kaliyan karsanipun Gusti, punika namung muspra kemawon.
Kadosdene pangrantamipun bangsa-bangsa ingkang badhe nyilakani umat
kagunganipun Gusti dalah abdinipun Gusti (ayat 1-2).
Gusti Allah kagungan panguwaos kangge mitulungi para abdinipun
saking reridhu. Gusti Allah badhe mitulungi abdinipun ngadhepi para bangsa
ingkang sedya nyilakani umatipun Gusti. Gusti Allah nelakaken katresnanipun,
kanthi ngendika, “Sira nyenyuwuna marang Ingsun, mesthi sira Sunparingi
para bangsa dadi pusakanira, lan pungkasaning bumi dadi darbekira.”(Jabur
2:8). Ateges, abdinipun Gusti boten pareng ngandelaken kekiyatanipun
piyambak, ananging kedah tansah nyenyuwun pitulunganipun Gusti.
Wonten ing gesang punika, kita ugi kaatag supados tansah kumandel
lan sumendhe dhumateng Gusti. Mekaten ugi ing salebeting ngupadi
punapa ingkang dados kabetahan saben dintenipun. Punapa dene nalika
ngadhepi ruwet rentenging gesang, ampun ngantos namung ngendelaken
kekiyatan piyambak. Dhawuh “sira nyenyuwuna” nandhesaken bilih
pambudidaya kita kedah tansah kinanthenan pandonga. Ateges, tansah
pitados lan mitadosaken gesang namung dhumateng Gusti. |*ERY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *