Wulang Bebasan 5:6-23; Jabur 119:105-112; Yokanan 8:12-30
NINGALI PEPADHANG
“Aku iki pepadhanging jagad; sing sapa ngetut-buri Aku, ora bakal lumaku
ana ing pepeteng, nanging bakal nduweni padhanging urip”
(Yokanan 8:12)
Mangga kita bayangaken, menawi boten wonten pepadhang ing jagad
punika. Kawontenanipun namung peteng lan temtu boten wonten pagesangan,
awit titah ingkang gesang punika betahaken pepadhang. Pramila Gusti Allah
damel pepadhang ing wiwitaning pakaryanipun (Purwaning Dumadi
Wontenipun padhang nyagedaken tiyang kangge mirsani lan obah. Gusti
Yesus nelakaken bilih Panjenenganipun punika saestu pepadhanging jagad.
Gusti Yesus ugi paring prasetya, sok sintena ingkang ndherek Panjenenganipun,
boten badhe dipun kuwaosi dening pepeteng awit Gusti badhe maringi
padhanging gesang.
Gusti Yesus sampun nindakaken kathah pakaryan ing satengahing jagad
punika: paring piwucal yekti, nyirep prahara, nyarasaken tiyang sakit,
nundhung demit, paring tedhi dhateng tiyang kathah, nelakaken katresnan
dhateng tiyang ingkang ringkih lan papa. Bab punika dadosaken kathah
tiyang sami pitaken bab sinten ta panjenenganipun punika ngantos saged
nindakaken bab-bab kados mekaten.
Gusti Yesus sampun nelakaken jatidhirinipun. Emanipun kathah ingkang
boten pitados, mliginipun para pangarsaning agami Yahudi, kadosta tiyang-
tiyang saking golongan Farisi. Para Farisi punika nampik paseksenipun Gusti
Yesus, tumrap tiyang-tiyang punika, paseksinipun Gusti Yesus punika boten
sah lan tanpa dhasar. Sadaya punika kalampahan amargi para Farisi punika
njeksani namung miturut ukuraning manungsa (ayat 15).
Pancen, saben tiyang ingkang namung ngginakaken nalar budi lan nampi
paseksinipun Gusti kanthi ukuraning manungsa, temtu angel anggenipun
badhe pitados dhumateng Sang Kristus. Ananing kita sami ingkang sampun
pitados lan nampi Gusti Yesus, Sang Padhang punika, sumangga tansah
gesang ing salebeting pepadhangipun Gusti. Nyirik piala, mbudidaya
nindakaken dhawuhipun Gusti kanthi pitulunganipun Gusti. Amin. |*EW
