Ayub 38:12-21; Jabur 8; 2 Timotius 1:12b -14 NGREKSA “RAJABRANA” KANG PENGAJI“Rajabrana kang endah, kang wis dipitayakake dening Panjenenganemarang kita, iku reksanen kalawan Roh Sucikang dedalem ana ing kita”( 2 Timoteus 1:14) Mas-masan mujudaken rajabrana pengaji, pramila menawi botendiagem mesthi dipun simpen utawi dipun reksa kanthi temen. Miturutkatranganipun rasul Paulus ing ayat nginggil wau, kita para tiyang pitadosugi nggadhahi rajabrana endah lan pengaji inggih punika Injil, pawartoskawilujengan lan tentrem rahayu, ingkang dipun titipaken Allah dhateng kita.Tentrem rahayu punika kawontenaning gesang ingkang rineksa lanrinengkuh dening Allah, inggih jatining kawilujengan, uwal saking pamengkunipunsi dosa lan ukumanipun. Rajabrana punika ingkang nalari kita gesang langeng,nunggil ing kamulyanipun sang Kristus. Peparing peparing punika ingkangdipun pitadosaken dening Allah dhateng kita,s upados kita reksa, kita jagilan kita rimati.Supados saged ngreksa peparing punika ing satengahing maneka-warnipepalang lan pangodha, kita kedah ngandelaken dayaning Sang Roh Suciingkang paring daya kekiyatan dumateng kita temahan kuwagang njagi,ngreksa lan ngrembakakaken rajabrana peparing titipanipun Gusti wauDene wujud anggen kita njagi, ngreksa lan ngrembakakaken peparingpunika kanthi cara mbiwarakaken bab Injili kawilujengan dumateng sedayatiyang. Supados tiyang sanes ugi mangertosi pakaryaning Allah anggenipunmilujengaken jagad lantaran Gusti Yesus.Kasinggihan, kita para pitados sampun nampi rajabrana saking Gustiingkang pengajinipun linangkung inggih punika kawilujengan..Kita temtubingah sanget!. Ewasemanten kabingakan kita sumangga kita dum-dumaken ugidhateng tiyang sanes. Amin! |*BP
Kemis, 28 Mei 2026 Minggu Pentakosta
Ayub 38:1-11; Jabur 8; 2 Timoteus 1: 8-12a ALLAH NYATA MAHAKWASA“Sira ana ngendi, nalika Ingsun nalesi bumi. Munjuka manawa siramangerti! Sapa kang nemtokake ukurane – Sira rak ora sumurup ?Tuwin sapa kang menthang ukurane ?”(Ayub 38: 4-5) Kita sami sampun mangertos cariyosipun Ayub, tiyang ingkang mursidlan sugih ing jamanipun. Nanging lajeng barang darbekipun ludhes, gusis,telas-telasan krana kacobi dening iblis. Mesakaken sanget! EwasemantenGusti Allah lajeng karsa mulihaken kawontenanipun Ayub kados wingi-unimalah langkung tinimbang saderengipun. Ing kawontenan nalika nedhengngraosaken praharaning gesang, Ayub rumaos boten dipun gatosakendening Allah, kamangka ing sakawit rumaos dipun gatosaken sanget deningAllah. Satemah Ayub ngantos rumaos “aku mengerti sakabehing kahanan”.Pungkasanipun nalika Gusti Allah ndadar Ayub pranyata Ayub botenmangertos perkawis-perkawis ingkang kelampahan ing jagad punika. Ayubboten mengertosi sinten ingkang mranata alam. Ayub ugi boten mangertosikados pundi Allah nitahaken jagad punika, lsp. Ayub punika tiyang mursidlan leres, ananging boten ateges mangertosi sedayanipun, Ayub tetep kemawonwinates !Gilir gumantining lelampahanipun saben titah ing jagad raya, gantosingkahanan, wewujudaning titah sapunika mekaten lan lan ing wekdal sanessaged dados beda; ingkang sakawit tanpa kaendahan nanging ing wekdalcandhakipun dados endah…punika krana daya pangwasanipun Allah. Ayubboten mangertosi ing sawetahipun. Tegesipun Allah boten namung migatosakenlan ngeman manungsa kemawon, nanging ugi migatosaken lan ngeman sedayajinising titah sanesipun ing jagad raya ngriki. Makaten Mahakwasanipun Allah.Allah migatosaken manungsa, boten namung saperanganing manungsakemawon; nanging ugi sedaya titah lan lantaran manungsa, Allah nresnanisaha ngrimati sedaya titahiPun. Mila puji sukor dhateng Allah dene kita dadosmargining berkah tumrap sedaya titah. Amin. |*BP
Rebo, 27 Mei 2026 Minggu Pentakosta
Wilangan 11:24-20; Jabur 104:24-34,35b; Yokanan 7:37-39 DAYANING SANG ROH SUCI (2)“Sing sapa pracaya marang Aku, iku kaya wiraose kitab: ilen-ilen bayu uripbakal padha mili saka ing batine. Pangandikane mangkono iku maukang dikarsakake yoiku Roh, kang bakal ditampa dening wong-wongkang padha pracaya marang Panjenengane”.(Yokanan 7:38-39) Kita sami nembe kemawon mahargya dinten Pentakosta, pengetantumedhakipun Roh Suci, inggih Rohing Allah ingkang nuntun, nglipur, ngiyatakan,mucal bab kaleresan, ugi Roh ingkang kuwaos nunggilaken kita para pitadosklayan daya pangwasanipun sang Kristus ingkang milujengaken.Sabdanipun Gusti ing injil Yokanan punika, nyariosaken saben tiyangingkang ngelak-ngorong sami pinaringan wewengan sowan Gusti Yesus.Dene sowan dhateng Gusti punika pilihan bebas, tanpa wonten ingkangmeksa-meksa; dhedhasar krenteg lan niyatipun piyambak. Tegesipun tiyangwau pitados krana krentegipun piyambak, boten kok dipun ojok-ojoki kanggesowan. Krenteg wau dhedhasar kayakinan; dhedhasar pasrah, mitayakakengesangipun dhateng Gusti Yesus.Waosan dinten sapunika nelakaken pakaryaning Sang Roh Suci kadosdene“ilen-ilene banyu urip” , toyaning gesang ingkang mili terus nyarengilampahipun tiyang pitados, tansah nglelipur, ngiyataken, madhangi manahsamangsa pepeteng anglimputi. Sang Roh Suci tansah mucalaken sedayabab ingkang leres lan prayogi.Pramila manah karaos ayem trentrem jalaran wonten ingkang tansahnganthi kita; kita boten nate berjuang piyambakan. Krana panganthiningSang Roh Suci, kita boten badhe nglokro lan semplah, kita mesthi tansahsemangat; sadaya lelampahaning gesang kita adhepi kinanthenan gumbiralan optimis. Mila sumangga kita mbiwarakaken pangwasanipun Sang RohSuci ingkang njalari kita ayem-tentrem. Kita suka paseksi bab Sang Roh Suci;kita luberaken dayaning Roh Suci dhateng tiyang sanes supados samingraosaken ayem-trentrem ing manahipun. Amin. |*BP
Slasa,26 Mei 2026 Minggu Pentakosta
Yehezkiel 39:7-8; 21-29; Jabur 104:24-34;35b; Rum 8:26-27 DAYANIPUN SANG ROH SUCI (1)“Mangkono uga Sang Roh iya mbiyantu kita ing sajroning kaapesan kita;awit kita padha ora sumurup apa kang sabenere kita suwun ana ingpandonga; nanging Sang Roh piyambak kang ndedonga kanggo kitamarang Gusti Allah kanthi pasambat kang ora kena winirasa”( Rum 8:26 ) Barang ingkang awrat lan boten saged kaangkat piyambak, kedah dipunpikul sesarengan kaliyan tiyang sanes. Makaten gambaran anggening Roh Sucimbiyantoni kita ing kapesan kita. Tanpa pambiyantunipun sang Roh Suci, kitaboten kuwagang nyanggi momotan krana kaapesan kita Punika cetha dipunngandikakaen “Sang Roh iya mbiyantu kita ing sajroning kaapesan kita”.Andharanipun rasul Paulus nelakaken kadospundi murih kita sagedgesang ing kasampurnan minangka putraning Allah. Ing sakawit Paulus botengadhah daya kekiyatan kangge ngudi kasampurnan. Manahipun taksih terus-terusan nyuwun pitedahipun Gusti kadospundi sagedipun gesang ing kasampurnan.Ewasemanten krana pengalaman ngraosaken pitulunganipun Gusti, milalajeng ngendika bilih Rohipun Gusti paring pambiyantu ngangkat awratingmomotan. Namung mikul momotan piyambak, mokal saged kiyat! Mila dayaningsang Roh Suci ngiyataken. Roh Suci, Rohipun Allah paring pepadhang, milakita lajeng saged matur kanthi leres ing ngarsanipun Allah.Krana kaapesanipun manungsa, anggenipun manungsa matur Gustinamung miturut pikajengipun piyambak. Nanging menawi kita tinarbuka ingpakaryanipun Sang Roh Suci, Rohipun Allah lajeng mbiyantoni kita kanggesaged matur miturut punapa ingkang kinersakaken dening Gusti. Boten namungnyenyuwun ing pandonga, nanging ugi mbiyantoni ing sedaya prakawisinggesang kita. Namung kemawon kita mesthinipun tansah cumadang dhatengRoh Suci; kedah nggega dhateng Roh Suci ingkang terus makarya. Sumanggatansah nyenyuwun lan cumadhang nampi Sang Roh Suci, Rohipun Allah.Amin! |*BP
Senin,25 Mei 2026 Minggu Pentakosta
Lelakone Para Rasul 16:9-15; Jabur 67; Wahyu 21:10:10,22-22:5;Yokanan 14:23-39 INJILING TENTREM RAHAYU ESTU TANPA WINATES“Bengine Rasul Paulus mirsani wahyu ana wong Makedhoniangadeg lan matur marang panjenengane: Panjenengan kula aturinyabrang mriki saha mitulungi kula sadaya”(Lelakone Para Rasul 16:9) Sesambetan kaliyan bab ngabaraken Injil, wonten sesanti ”… from … tothe other world”; semangat kangge ngabaraken Injil kawiwitan saking kithatertemtu ngantos dumugi ing saindhenging jagad. Daya pangwasanipun SangRoh Suci punika ngedab-edabi, ngantos wonten pembereg kiyat sanget tumraprasul Paulus kedah ngabaraken Injil dhateng negari manca. Paulus sarom-bonganipun sampun wiwit nindakaken ngabarakenInjil ing sakjawining Yerusalem.Tebaning laladan pakabaran Injil saya wiyar malih kadhasaran wontenipunwahyu tetingalan ingkang dipun tampi dening rasul Paulus. Ing wahyunipun,Paulus ningali wonten tiyang Makedhonia ngawe-awe, mrenea, tulunganaaku kabeh ing kene! Tetingalan punika dados pratandha easul Paulus kedahkekesahan ngabaraken Injil dhateng wilayah ingkang langkung tebih ingsabranging segara. Rasul Paulus sakanca lajeng ngemban misi mangilennumpak kapal nyabrang mrika. Ngabaraken Injil ing laladan pulo Samotrake,wilayahipun peprentahan Rum. Pranyata ing taun-taun candhakipun, sayakathah tiyang manjing pitados dhateng Gusti, lajeng tuwuh pasamuwan-pasamuwanipun Gusti.Nekseni cariyos pakabaran Injil kala semanten wau, saestu ngresepakenmanah kita. Pakaryanipun Allah lan daya pamberegipun Sang Roh Sucindadosaken para rasul kebak ing kekendelan, ingkang tundhanipun tuwuhpasamuwan-pasamuwan.Cariyos punika mbereg kula lan panjenengan sami purun kautusngabaraken Injil ing pundia kemawon. Lan ugi mbereg kita sampun ngantoskendho ngabaraken Injiling tentrem rahayu. Ing dinten punika 25 Mei, kitamengeti dinten Oikoumene Indonesia, dinten pengetan madegipun PersekutuanGereja-gereja di Indonesia (PGI). Manunggaling greja-greja mila ugi perlulan punika dados kekiyatan kangge ngabaraken Injil. |*BP
Ahad, 24 Mei 2026 Minggu Pentakosta
Wilangan 11:24-30; Jabur 104:24-35b; Lelakone Para Rasul 2:1-21;Yokanan 7:37-39 ROH SUCI TUMEDHAK DHATENG TIYANG PITADOS“Besuk ing dina-dina kang wekasan … Ingsun bakalngesokake RohingSun marang sakabehing maungs …”(Lelakone Para Rasul 2:17) Dinten punika tiyang Kristen mengeti lan mahargya riyaya Pentakosta,dinten tumedhakipun Sang Roh Suci. Miturut sejarahipun, riyaya Pentakostapunika riyayanipun bangsa Yahudi kangge mengeti peparing angger-anggerToret lan pista panenan ingkang kelampahan seket dinten sasampunipun PaskahYahudi kangge mengeti bab anggenipun Allah ngganjar berkah dhateng umat.Ing jamanipun para rasul, nalika riyaya Pentakosta, wonten lelampahaningkang ngedab-edabi! Ing pungkasaning riyaya wau, Roh Suci tumedhak,nedhaki para rasul lan tiyang-tiyang pitados ing Yerusalem. Miturut katranganipunrasul Petrus ing khotbahipun, Roh ingkang tumendhak punika wujudkaleksananing pamecanipun nabi Yoel (ayat 16 ).Nalika jamanipun bangsa Israel ing kitab Prajanjian Lawas, ingkangnampi Roh Suci namung tiyang tertemtu, inggih punika nabi, ratu utawiimam. Nalika jamanipun Gusti Yesus langkung kathah ingkang nampi RohSuci. Dene sasampunipun Gusti Yesus mekrad, Roh Suci nedhaki sedayatiyang pitados. Jaman Roh Suci, miturut nabi Yoel, sinebut jaman “dina-dinawekasan”; Roh Suci tumedhak dhateng sedaya tiyang pitados.Gusti sampun sumengka dateng swarga, kamangka Injiling tentrem rahayukedah kaundhangaken wradin sajagad-rat, tebaning pawarta kabingahan sayarowa. Krana tebaning laladan pakabaran Injil saya rowa, mila sedaya tiyangpitados katimbalan kangge ngabaraken Injilipun Gusti punika.Krana dayaning Roh Suci ingkang ngedab-edabi, ingkang nuwuhakenwontenipun tiyang Kristen lan madegipun greja, mila kita mahargya Pentakostadados dinten pengetan tumedhakipun Sang Roh Suci. Tumrap kita, pengetanlan pahargyan Pentakosta ugi dados pengetan ingkang mbereg kita caos sokurpanuwun dhateng Gusti dene Rohipun Gusti tansah ngrimati kita. Ugi dadospambereg tumrap kita kangge saya mempeng ngabaraken Injil. Amin. |*BP
Setu, 23 Mei 2026 Minggu Paskah VII
Pangentasan 20:1-21; Jabur 33:12-22; Mateus 5:1-12 SWARGA KACAWISAKEN KANGGE INGKANG MLARAT“Rahayu wong kang mlarat ing budi, awit ikukang padha nduweni Kraton ing Swarga”(Mateus 5:3) Pangandika ingkang kita raos-raosaken dinten punika pethikan sakingpiwulangipun Gusti Yesus ing redi. Tantu kemawon sami cingak, gumun,mosok inggih Kraton Swarga punika kacadhangaken dados darbekipun paraingkang mlarat? Lajeng sanesipun kadospundi? Lan boten wonten ginanipunkita dados tiyang sugih menawi nyatane ora mlebu ing Kraton Swarga?Kraton Swarga punika peprentahananipun utawi pangrehipun GustiAllah ingkang swasanipun tentrem rahayu; tanpa wonten swasana ingkangndhatengaken karisakan. Satunggaling tatananing gesang ingkang ayem-nentremaken, kalis nir- ing sambekala, kebak ing sih-rahmat lan kabingahan.Gusti ngandharaken bilih ingkang ndarbeni lan ngraosaken kahanan waupranyata para tiyang ingkang mlarat ing budi.Mlarat ing budi boten ateges sekeng ing bab ekonomi kemawon,nanging mlarat ing budi (miskin di hadapan Allah) punika kawontenanipuntiyang ingkang tanpa daya (boten namung cara ekonomi ringkih), nangingugi tetiyang ingkang rumaos boten gadhah kekiyatan, tiyang ingkang dadosreh-rehaning para pangwasa lan katindhes dening tiyang-tiyang sugih, ingkangboten saged ngraosaken kaadilan. Inggih tetiyang ingkang boten gadhahpangajeng-ajeng luwar saking kasangsaranipun.Tetiyang ingkang kawontenanipun makaten wau, namung saged sesambat,nyenyuwun lan pasrah dhateng pangwasanipun Gusti Allah ingkang kwasamitulungi. Rahayunipun tetiyang wau jalaran sami mangertos ”dalan padhang”kangge luwar saking karibedan lan tanpa dayanipun lan namung sagedsesambat dhateng Gusti, ingkang badhe mitulungi, satemah sami luwarsaking karibedanipun. Mila saben tiyang ingkang mlarat ing budi, tetepasumeleh ing pamengkunipun Gusti. Kratoning Swarga kacadhangaken kanggetiyang ingkang mlarat ing budi. Amin. |*BP
Jemuwah, 22 Mei 2026 Minggu Paskah VII
Pangentasan 19:16-25; Jabur 33:12-21; Rum 8:14-17 DADOS PUTRANIPUN ALLAH“Kabeh wong kang katuntun dening Rohe Gusti Allah, iku dadiputrane Gusti Allah, awit kowe padha ora nampani rohing pangawulankang njalari kowe dadi wedi maneh…”(Rum 8:14,15) Manungsa ingkang mangertos bab “dalan padhang”, inggih marginingkarahayon peparingipun Allah, mesthi anggadhahi pepenginan dadosputranipun Allah. Adeg putraning Allah punika dados ahli waris, ingkang mesthinampi warisan gesang langgeng. Lah kados pundi jalaranipun saged dadosputraning Alllah ?Rasul Paul ngajak para tiyang kristen sageda mbedakaken kadospunditata gesang rikala dereng pitados dhateng Gusti Yesus lan sasampunipun.Ing wekdal saderengipun pitados, tiyang-tiyang wau sami ngawula dhatengToret, dipun reh dening Toret, raosing manahipun tansah was sumelangbab paukuman jalaran boten sampurna anggenipun sami nindakaken Toret.Sasampunipun pitados dhateng Gusti Yesus, gesangipun boten kaancammalih ing bab paukuman, sampun uwal saking anggenipun dados abdiningToret lan sapunika madeg dados traning Allah. Minangka putraning Allahsedaya karingkihan lan kekirangan saha dosan kita sampun kaapunten,katebus lantaran kurbanipun sang Kristus. Awit pitadosipun dhateng sangKristus, mila Rohipun Allah mulihaken sesambetanipun manungsa klayanAllah. Patrap makaten punika mujudaken kekeranipun Allah ingkang namungsaged kita pitadosi kemawon.Sanes namung mulihaken sesambetan kita klayan Sang Kristus ngantoskita saged madeg dados putraning Allah, nanging Rohipun Allah wau ugi nuntunkita supados tetep setya dhateng Allah lan mbangun-turut ing sakarsanipunAllah.Krana kita putranipun Allah, mila kita ugi wajib terus-terusan purunkatuntun dening Roh Suci. Pratanda yen kita tetep dados putraning Allah inggihpunika tansah sumadhiya katuntun dening Rohipun Allah kangge gesang ingpambangunturut dhateng Allah. Amin. |*BP
Kemis, 21 Mei 2026 Minggu Paskah VII
Pangentasan 19:1-9a; Jabur 033: 12-22; Lelakone Para Rasul 2:1-11 PINIJI DADOS KEKASIHIPUN ALLAH“Kang iku saiki, menawa sira padha ngestokake dhawuhingSunkalawan temen-temen sarta padha netepi prasetyaningSun, mesthi sirapada dadi kekasihingSun pinilih saka ing antarane sakehe bangsa,awit salumahing bumi iku kagunganingSun”(Pangentasan 19:5) Tresnanipun Gusti Allah dhateng sedaya manungsa lan sedaya bangsasampun nyata. Allah mberkahi sedaya bangsa tanpa mbeda-bedakaken.Nanging manawi kita nyatitekaken bab kaadilanipun Allah, tetep nyata bilihAllah kagungan panglimbang tertemtu kangge nemtokaken sinten ingkangkepareng nampi kanugrahan gesang langgeng. Pranyata boten namungingkang gadhah pangandel dhateng Allah, nanging pangandel wau kedahkinanthenan mituhu; ngestokaken dhawuhipun Allah.Sabdanipun Allah dinten punika, paring piwulang bilih Panjenenganipunkepareng paring ganjaran dhumateng umat ingkang saestu mituhu lanngestokaken dawuhipun badhe kapiji minangka kekasihing Allah.Ing jamanipun nabi Musa, ngestokaken dhawuhipun Allah, tegesipunsetya nengga rawuhipun Allah ing gunung Sinai lan satuhu nyepengiprajanjinipun Allah ingkang badhe ngandika saking tengahipun mendhunglelimengan lan gludhug ageng sesautan (ayat 9). Sikepipun umat ingkangsetya dhateng Allah lan teguh nggondheli prasetyanipun, dados dhasaranggenipun Allah milih umat saking antawisipun bangsa-bangsa dados umatkekasihipun Allah. Umat ingkang pinilih dados kekasihipun Allah wau dipunkeparengaken nampi angger-angger ing Sinai. Lan lantaran umat kekasihipunAllah wau ugi, bangsa-bangsa sanesipun saged nampi piwucal bab angger-anggeripun Allah ingkang katampi wau.Kula lan panjengan sami sampun kapiji minangka umat kagunganipun.Dosa lan kalepatan kita sampun katebus dening Panjenenganipun. Krana kitasampun dados umat kekasihipun Gusti, mila kita kedah nyatakaken sikep setyadhateng Gusti lan tansah ngundhangaken pranatan-dhawuhipun Gusti dhatengsedaya tiyang supados sami mangertosi lan nindakaken dhawuhipun Gusti.Amin. |*BP
Rebo, 20 Mei 2026 Minggu Paskah VII
1 Para Raja 8:54-65; Jabur 99 ; Yokanan 3:31-36 KAADILANIPUN ALLAH“Sing sapa pracaya marang Sang Putra, iya nduweni urip langgeng,nanging sing sapa ora mituhu marang sang Putra, iku bakal ora weruh ingurip, nanging malah langgeng anggone kataman ing bebeduning Allah”(Yokanan 3:36) Ngrembag bab kaadilan punika saged nuwuhaken maneka warni pamanggih.Wonten ingkang mawas bilih adil punika menwi nampi bagian ingkang samicacahipun, wonten ingkang nganggrp adil punika uman wrata lan tapis,kabeh entuk bagian sanadyan beda-beda gunggunge, undha-usuk gedhe lancacahe, mawa-mawa kahanane. Nanging ugi wonten pamawas adil iku carahukum : yen salah ya diukum, dene yen ora salah ya ora diukum.Ing waosan Yokanan 3:31-36 kita nampi piwucal bab kaadilanipun GustiAllah. Cetha kapangandikakaken sinten ingkang pitados dhateng Sang Kristusnampeni gesang langgeng, dene ingkang boten badhe nampi bebendu/ukuman langgeng. Punika patrap kaadilanipun Allah!Pangandika “sing sapa pracaya” punika nedahaken bilih Allah paringkamardikan dhateng manungsa kangge milih; badhe pitados utawi boten.Ingkang menika menawi kelampahan nampi bebendhu, punika amargipilihanipun piyambak, sanes lepatipun Allah! Mila cetha, urip langgeng badhedipun tampi boten namung menawi manungsa punika pitados makatenkemawon, ananging kedah pitados lan mituhu. Miturut Serat Yakobus 2:20-24 cetha bilih pangandel kang tanpa panggawe iku namung kothong kemawon.Mila pracaya inggih kedah kinanthenan pandamel mituhu Allah.Begja kula lan panjenengan sami pitados dhateng Gusti Yesus Kristussang Juru Wilujeng. Ewasemanten sampun ngantos krana begja lajenggumunggung rumaos mesthi slamet ing Gusti Yesus. Jalaran kita taksih kedahndadar lan neter manah kita, punapa pitados kita sampun temen-temenkinanthenan mituhu ing Allah, kinanthenan caos panuwun dhateng Allahingkang kabukten wonten ing amal kasanenan, awujud pambangunturutdhateng Allah! Apa aku wus pracaya kinantenan mituhu ing Allah? Amin. |*BP
