Wilangan 21:4-9; Jabur 128; Ibrani 3:1-6
KUMANDEL GUSTI
“… Angger kita padha kukuh ing pracaya sarta ing pangarep-arep
kang kita agung-agungake nganti tumeka ing wekasan”
(Ibrani 3:6)
Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI), kumandel utawi iman
inggih punika kapitadosan ingkang lebet sinartan pangaken lan pandamel.
Wondene miturut Kitab Suci, mirungganipun ing Ibrani 11:1, kumandel
inggih punika “dhasaring samubarang kang kita arep-arep sarta cihnaning
samubarang kang ora katon”. Bebasan taneman, menawi wijinipun dipun
dhedher lan dipun sirami, temahan thukul, ngrebda lan ngrembaka; ngedalaken
uwoh. Sanajan tuwuhing tanaman, wiwit winihan ngantos awoh punika
boten dumadakan. Dipun betahaken wekdal lan pambudidaya. Emanipun,
kathah tiyang ingkang ngarah kepengin uwohipun kemawon. Boten purun
ngrabuk, matun lan nyemprot. Kados pundi anggenipun badhe uwoh?
Makaten ugi nalikanipun bangsa Israel kapiji minangka umat prasetyanipun
Gusti. Bangsa Israel linuwaran saking pangawulaning bangsa Mesir lan
kaparingan tlatah prasetyan Kanaan, ingkang luber puwan lan madu.
Emanipun, bangsa Israel sami boten sabar lan nggege mangsa anggenipun
enggal nampi tlatah prasetyan. Satemah sami mbalela Gusti klawan pangucap:
“Kenging punapa kula kok sami panjenengan kesahaken saking tanah
Mesir? Punapa supados kula sami pejah wonten ing pasamunan ngriki?
Wusana sami dipun ukum dening Gusti kalawan sawer mandi. Sanyata kumandel
punika boten mandeg ing lesan kemawon, ananging kedah kebabar ing sadengah
pandamel klawan sabar lan tumemen.
Kumandel ingkang kinanthenan pandamel sabar lan temen, sampun
kebabar ing pakaryan kawilujenganipun Gusti Allah wonten ing Sang Kristus
Yesus lumantar pakaryan salib lan sedanipun. Menawi Gusti Allah sampun
kepareng netepi prasetyanipun klawan sabar lan temen, sampun sakmesthinipun
anggen kita kumandel inggih kinanthenan sabar lan temen. Inggih punika
srana ngabekti marang Panjenengane lan ditansah ngambah ing margi
pitedah-ipun. Kumandela ing Gusti.|*AJ
