+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 03 Maret 2026 Minggu Pra Paskah II

Yesaya 65:17-25; Jabur 128; Rum 4:6-13

RAHAYU!
“Rahayu saben wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah,
sarta kang ngambah ing dalan pitedahe.”
(Jabur 128:1)

Pamujinipun sedaya tiyang ingkang gesang inggih punika karahayon.
Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia, rahayu nggadhahi teges kawontenaning
gesang ingkang santosa, tentrem, sarwa cekap (rahardja) lan wilujeng.
Kawontenan ingkang saestu dados idham-idhamaning sedaya tiyang ingkang
gesang.
Murih kebabaripun kathah ingkang sami ngupadi karahayon kalawan
neter kakiyatan lan kasudibyanipun. Boten ngemungaken sekolah, ananging
kedah dherek les punapa dene Bimbingan Belajar murih saged pikanthuk
biji ingkang sae. Boten ngemungaken nyambut damel, ananging kedah
nggadahi samben mawerni-werni murih cekaping kabetahanipun. Bebasan
sirah dadi sikil, sikil dadi sirah. Boten mawang wayah lan sayah. Emanipun,
saksampunipun pambudidaya ingkang saklangkung punika, kathah ingkang
sami gela lan semplah nalikanipun boten kajurungan sedyanipun. Wondene
ingkang kajurungan, boten ngraosaken marem, malah sangsaya ngangah-angah.
Benten nalikanipun karahayon punika kita ecakaken minangka peparing,
sanes pambudidaya. Satemah, kados pundia kemawon kawontenan kita,
bingah sisah; begja cilaka, karahayon tansah karaosaken. Paribasan “Asu
ajag lan cempe bakal nyenggut bebarengan, singa bakal mangan dami kaya
sapi sarta ula uripe bakal saka lebu.” (Yesaya 65:25) perangan ingkang
saestunipun benten, bebencengan lan tansah bengkeran, wonten ing Gusti
Allah saged sami gesang sesarengan.
Salajengipun, punapa pambudidaya boten kabetahaken malih murih
sagedipun rahayu? Pambudidaya tetep kemawon dipun betahaken. Sanajan
boten malih kalebet piranti utawi ubarampe, ananging minangka wujuding
raos kumandel lan panuwun sokur wonten ing ngarsanipun Gusti ingkang
sampun kepareng paring karahayon. Laras kaliyan nas “Rahayu saben wong
kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah, sarta kang ngambah ing dalan
pitedahe.” Rahayu! |*AJ

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *