+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 04 Maret 2026 Minggu Pra Paskah II

Yehezkiel 36:22-32; Jabur 128; Yokanan 7:53-8:11

AMPUN NJEKSANI!
“Aku uga ora ngukum kowe. Lungaa, lan wiwit saiki
aja gawe dosa maneh!”
(Yokanan 8:11)

Satunggaling karakter menggah tiyang ingkang ngabekti Gusti inggih
punika njagi kasucening gesangipun. Emanipun kathah ingkang sami salah
kaprah menggah kasucening gesang. Inggih punika anggenipun netepi
sedaya angger-anggeripun Gusti klawan wanthah (tersurat). Kadosta boten
gepok senggol tumrap sedaya ingkang kawawas najis/reged. Badhea punika
gegayutan kaliyan tetedhan, sesrawungan punapa dene pandamel ingkang
cengkah kaliyan angger-anggeripun Gusti. Memper nalikanipun wonten
sedherek ingkang dhumawah ing dosa, anggenipun nyaruwe lan njeksani;
prasasat “enthek amek; kurang golek”. Laras kaliyan paribasan “Kuman di
seberang lautan tampak, gajah di pelupuk mata tidak nampak.”
Waosan injil dinten punika nyariosaken wontenipun para ulama lan
tiyang Farisi ingkang nyowanaken sawijining pawestri ingkang konangan
lampah jina wonten ing ngarsanipun Gusti Yesus. Ancasipun murih Gusti
Yesus njeksani lajeng paring paukuman dhateng pawestri kalawau kalawan
rajam. Inggih punika dipun benturi sela ngantos dumugi pejah. Satunggaling
paugeraning Yahudi ingkang cengkah kaliyan angger-angger katresnan
ingkang dados piwucalipun Gusti Yesus, minangka jiret ingkang kapasang
dening para ulama lan tiyang Farisi anggenipun nyingkiraken Gusti Yesus.
Begjanipun Gusti Yesus boten njurungi punapa ingkang dados
pikajengipun tiyang-tiyang kalawau. Timbangipun njeksani lan ngukum
pawestri kalawau, Gusti Yesus dangu: “Sapa bae panunggalanmu kang
tanpa dosa, iku miwitana mbenturi watu wong wadon iku.” Pangandika
ingkang mbereg kawula sedaya murih mulad sariranipun piyambak,
saderengipun sami njeksani punapa dene ngukum asanes. Satemah boten
wonten satunggal kemawon ingkang kumawantun mendhet sela lan
benturi pawestri kalawau. Tumunten Gusti Yesus lajeng ngendika: “Aku uga
ora ngukum kowe. Lungaa, lan wiwit saiki aja gawe dosa maneh!”. Ampun
Njeksani Pepadha! |*AJ

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *