Purwaning Dumadi 12:1-4a; Jabur 121; Rum 4:1-5, 13-17; Yokanan 3:1-17
PIRANTINING BERKAH
“… sarta sira bakal dadi jalarane para bangsa ing salumahing bumi padha binerkahan.”
(Purwaning Dumadi 12:3b)
Satunggaling pamuji tumraping para pitados boten sanes dados
pirantining berkah dhateng asanes. Inggih punika peranganing gesang
ingkang migunani tumrap ing sesami. Emanipun, kathah ing antawis kita
ingkang rumaos gesang ing salebeting karingkihan lan kasekengan. Kadospundi
saged mitulungi asanes, mitulungi awakipun piyambak kemawon dereng saged.
Pramila kathah ingkang sami mbudidaya murih anggadhahi kaluwihan,
badhea punika drajat, pangkat punapa dene kasugihan. Iba begjanipun
menawi kadumugen, menawi boten punapa salaminipun kita boten saged
dados pirantining berkah?
Nalikanipun Sang Yehuwah andhapuk Rama Abraham dados pirantining
berkah tumraping bangsa-bangsa, Sang Yehuwah dhawuh supados Rama
Abraham nilar sedayanipun. “Sira lungaa ninggala tanahira, kulawangsanira lan
omahe bapakira.” (Purwaning Dumadi 12:1) Kadhawuhan lumampah tumuju
tlatah ingkang dipun tedhahaken dening Sang Yehuwah. Rama Abraham
lajeng kesah dhateng papan ingkang dereng dipun mangertosi. Bab punika
nelakaken kapitadosanipun dhumateng Gusti.
Sanyata, Rama Abraham anggenipun dados berkah tumraping bangsa-
bangsa awit kumandelipun ing Sang Yehuwah. Laras kaliyan pangandika ing
serat Rum 4:3 makaten: “Rama Abraham banjur pracaya marang Gusti
Allah, lan iya bab iku kang kaetang dadi kabeneran tumrap panjenengane
dening Gusti Allah.” Cundhuk kaliyan paseksinipun jabur 121 ingkang mratelaken
bilih etuking pitulungan punika namung saking Sang Yehuwah ingkang nitahaken
langit lan bumi.
Pramila mekaten pranyata bilih sarana punapadene ubarampe anggenipun
dados pirantining berkah punika sanes kaluwihan lan kasugihan kejawi
amung kumandel ing Gusti Allah. Laras kaliyan cakepaning KPJ 106 “Amung
Kumandel iku uwiting karosanku. Amung kumandel iku etuking kraharjanku.”
Sangsaya bakoh kumandelipun sangsaya santosa karosan lan karaharjanipun
satemah kasagedaken dados pirantining berkah tumrap asanes. |*AJ
