+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 28 Februari 2026 Minggu Minggu Pra Paskah I

Yesaya 51:4-8; Jabur 121; Lukas 7:1-10

JUJUR PUNIKA AJUR?
“Padha ngrungokna Ingsun, he sira kang padha sumurup marang
ing kabeneran, he bangsa kang nyimpen piwulangSun ana ing
sajroning atinira! Aja padha wedi manawa padha kawewada
dening manungsa lan aja padha kaget manawa kaala-ala.”
(Yesaya 51:7)

“Jujur iku ajur”. Tembung punika asring ndadosaken tiyangnglokro, ajrih lan
kuwatos manawi badhe jujur. Mila kathah ingkang lajeng tumindak boten
jujur. Pancen, ing gesang padintenan asring kelampah, tiyang ingkang jujur
lampahipun kadosipun kok malah rekaos gesangipun. Wonten ugi tiyang
jujur ingkang lajeng dipun sengit ngantos dipun singkiraken dening tiyang
sanes. Kedadosan-kedadosan ingkang kados mekaten sangsaya damel semplah
lan ndadosaken pesimis. Ananging punapa leres tiyang jujur punika mesthi
badhe ajur?
Pangandikanipun Gusti lumantar Nabi Yesaya, nandhesaken bilih Gusti
Allah ngersakaken umatipun tansah tuhu setya lumampah lan nindakaken
kabeneran. Pancen, kangge nindakaken bab punika kathah pepalangipun.
Ananging Gusti Allah ngiyataken umatipun supados ampun ngantos ajrih
dhateng manungsa. Sinaosa dipun pitenah lan dipun sengit dening tiyang
sanes, umatipun Gusti ampun ngantos giris. Sejatosipun, daya kekiyataning
manungsa punika boten langgeng, kosokwangsulipun panguwaosipun Gusti
Allah punika langgeng salami-laminipun. Inggih namung Gusti Allah ingkang
kagungan panguwaos mengku gesang lan pejah, namung Gusti Allah ingkang
saged milujengaken.
Payo sami mbudidaya tumindak jujur lan lumampah ing marginipun
Gusti, tansah tatag mbelani kabeneran lan kaadilan. Punika gesang ingkang
aji wonten ing ngarsanipun Gusti. Kita katimbalan ngabekti lan ngaosi Gusti
Allah nglangkungi raos urmat lan ajrih kita dhateng manungsa. |*EW

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *