Purwaning Dumadi 2:15-17; 3:1-7; Jabur 32; Rum 5:12-19; Mateus 4:1-11
SAMPUN NGANTOS KOMPROMI
“Ing kono Gusti Yesus banjur ngandika marang Iblis:
Wis, lungaa, setan! Sabab ana tulisan mangkene:
Pangeran Allahira kang kudu sira sembah
lan Panjenengane Piyambak kang kudu sira abekteni”
(Mateus 4:10)
Kita sami mangertos bilih Iblis punika tansah mbudidaya bab ingkang
cengkah kaliyan karsanipun Gusti Allah. Iblis punika tansah nggodha manungsa
kangge nerak angger-anggeripun Gusti. Gusti Yesus sampun paring tuladha
dhateng para kagunganipun supados tansah waspada sampun ngantos kenging
godha dening Iblis. Gusti Yesus nundhung Ilbis ingkang nggodha Panjenenganipun,
“Wis, lungaa, setan!”. Gusti Yesus boten badhe kompromi kaliyan Iblis.
Manawi kita niteni gesanging manungsa, pranyata taksih kathah ingkang
remen kekancan kaliyan Iblis. Iblis punika saged kita prangguli kanthi wujud
ingkang mawerni-werni, kadosdene Judi Online, Miras, Narkoba, pergaulan
bebas, korupsi, nindhes sesami, KDRT, budi kethaha, lan sapiturutipun.
Sadaya punika ndhatengaken kasisahan lan ndadosaken kasangsaraning
manungsa, sinaosa mekaten tansah dipun lampahi dening manungsa.
Minangka pendherekipun Gusti Yesus, kita tinimbalan mujudaken gesang
ingkang tansah waspada, sampun ngantos kagodha dening Iblis. Wonten
pitembungan, “Kejahatan terjadi bukan hanya karena ada niat pelakunya
tetapi karena ada kesempatan”. Mila punika sampun ngantos aweh
kesempatan dhateng Iblis (ingkang awujud punapa kemawon) kangge nggodha
kita. Caranipun inggih punika tansah njagi sesambetan ingkang raket kaliyan
Gusti. Sumangga tansah nyuwun pitulunganipun Gusti supados kita saged
ngadhepi panggodhaning Iblis.
Sikep boten kompromi kaliyan Iblis punika wigati kita udi. Kadosdene Gusti
Yesus ingkang kanthi tegas nundhung Iblis, “Wus, lungaa, setan!” |*ERY
