Yesaya 58:1-12; Jabur 51; Mateus 18:1-7
MAKNANING PASA
“Lah apa pasa kang kaya mangkene iki kang Sunkarsakake,
tuwin nganakake dina kanggo ngesorake badan, manawa sira
ndhingkluk kaya glagah lan njereng bagor sarta awu sira
anggo lemek turu? Apa iku kang sira arani pasa,
nganakake dina kang dadi keparenge Pangeran Yehuwah?”
(Yesaya 58:5 )
Limrahipun tiyang nganggep bilih pasa utawi siyam punika ngengingi
bab boten ngombe lan boten nedhi. Manawi sampun nglampahi ingkang
mekaten rumaos sampun saestu pasa. Inggih punika ingkang dipun lampahi
dening umatipun Gusti ing jaman Nabi Yesaya. Umatipun Gusti punika
tansah nglampahi punapa ingkang dados kawajiban agaminipun kalebet
pasa. Emanipun, pasa punika boten dipunsarengi tumindak ingkang
prayogi. Pramila, lumantar Nabi Yesaya, Gusti Allah melehaken umatipun,
“Ing nalikane sira pasa nyatane sira isih tetep ngurus urusanira, tuwin sira
padha ngerasi sakehing buruhira. Sanyatane anggonira padha pasa iku
kalawan padu lan regejegan sarta kalawan ngantemi tanpa reringa …”
(Yesaya 58:3-4).
Pasa ingkang dipun kersakaken dening Gusti inggih punika saestu
ngasoraken dhiri wonten ing ngarsanipun Gusti. Tiyang ingkang ngasoraken
dhirinipun punika boten badhe gumunggung lan nengenaken kepentinganipun
pribadi. Pasa ingkang sejati punika nyingkur badanipun piyambak lajeng
sumadya ngladosi karsanipun Gusti. Gusti Allah ngersakaken supados
umatipun tansah andum katresnan lan ngudi karaharjaning gesang kanthi
nguculi blengguning gambek siya, ngudhari tali-talining pasangan, ngluwari
tiyang ingkang kinaniaya, andum tetedhan dhateng ingkang keluwen, lan
sapiturutipun (ayat 6-7).
Ing jaman samangke, kathah tiyang Kristen ingkang nglampahi siyam
ing mangsa pra-paskah. Bab punika sampun ngantos kelampahan minangka
formalitas utawi namung ikut-ikutan kemawon. Pasa ingkang dipun lampahi
kadadosna sarana nelakaken pamratobat lan kangge nggladhi dhiri supados
tansah sumuyud nindakaken karsanipun Gusti. |*ERY
