+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 23 Februari 2026 Minggu Pra Paskah I

I Para Raja 19:1-8; Jabur 32; Ibrani 2:10-18

DADOS SAMI KALIYAN MANUNGSA
“Kang iku sarehne anak-anak iku saka getih lan daging,
mulane panjenengane iya banjur dadi padha karo anak-anak mau
lan oleh panduman ing kaanane, supaya marga saka sedane
Panejenengane nyirnakake Iblis kang nguwasani pati”
(Ibrani 2:14)

Sinten ta Gusti Yesus punika? Kathah tiyang sami nganggep bilih Gusti
Yesus punika salah satunggaling nabi. Ateges nganggep Gusti Yesus punika
manungsa limrah kemawon ingkang dipun timbali dening Allah kangge
martosaken kasaenan. Pangertosan punika beda sanget kaliyan kapitadosanipun
tiyang Kristen. Adhedhasar paseksinipun Kitabb Suci, tiyang Kristen sami
pitados bilih Gusti Yesus punika Gusti Allah piyambak ingkang kepareng
manjalma dados manungsa. Bab punika katindakaken minangka sarana
Panjenenganipun milujengaken manungsa ing dipun kuwaosi dening pamengkuning
dosa lan pati.
Kenging punapa Gusti Allah boten ngginakaken cara sanesipun kangge
milujengaken manungsa? Amargi Panjenenganipun punika Allah ingkang
setya lan boten ingkar janji. Gusti Allah sampun netepaken bilih pituwasing
dosa punika pati. Pramila Panjenenganipun kedah ngawonaken pati kanthi
rawuh ing dosa awujud manungsa, nandhang sangsara, seda sinalib lan wungu
malih. Wungunipun Gusti Yesus punika dados pratandha Panjenenganipun
sampun ngawonaken pati. Mila sintena kemawon ingkang pitados lan nampi
pakaryanipun Gusti Yesus punika ugi badhe kawungokaken kangge nampi
gesang langgeng. Tegesipun, para gesangipun para pitados punika boten
kawengku ing pati ananging gesang ing salebeting sih rahmatipun Gusti.
Para sadherek, prayogi kita rumaos bingah lan tansah caos sokur dhumateng
Gusti Yesus, dene panjenengan lan kula kepareng nampi sih rahmat
kawilujenganipun. Mila, sampun ngantos keguh ngadhepi piwucal-piwucal
ingkang badhe nggered kita nebih saking sih rahmatipun Gusti. Gusti Yesus
punika saestu Gusti Allah tuking kawilujengan lan karaharjan ing bumi dalah
ing swarga. Amin. |*ERY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *