Kaimaman 15:25-31; 22:1-9 ; Jabur 40:1-8; 2 Korinta 6:14-7:2 WIGATOSING KASUCENING GESANG“… Mulane payo kita padha nucekake badan kitasaka sarupaning jejembering daging…”(2 Korinta 7:1) Wonten ing gesang padintenan, kita asring mireng tetembungan “resik”lan “boten resik”. Nanging resik ing ngriki boten namung babagan lahiriahkemawon ananging ugi ngemot makna rohani. Ayat-ayat ing dinten punikangajak kita ningali sepinten wigatosipun kasucening gesang wonten inglampahing pangibadah lan ing sesambetan kita kaliyan Gusti Allah.Kaimaman 15:25-31; 22:1-9 mratelakaken bab pangibadah ingkang suci.Gusti paring dhawuh dhumateng bangsa Israel supados sami netepi pranatanutawi aturan-aturan babagan kasucening gesang. Gusti Allah nedahaken bilihkasucen ing tata lair punika sesambetan kaliyan bab karohanen. Wontenipunpaugeran punika dadosaken kita enget, bilih saben tiyang ingkang sowaning ngarsanipun Gusti Allah kedah suci lahir batin; ngadhep kanthi ajrih lanasih/ngaosi Gusti Allah.Wondene ing Jabur 40:1-8 dipun pratelakaken bab katresnan lan kasetyanGusti. Juru Masmur matur: “Kula ngentosi Gusti kanthi sabar, Panjenenganmirengaken swanten kula” (ayat 2). Gusti punika maha welas lan sabar.Waosan dinten punika paring panglipur lan dados pangandel bilih Gustiboten nganggep gesang resik kita minangka prekawis legalistik/formalitas.Nanging kasucening gesang minangka wujud timbalan dhateng katresnan,kasetyan, lan kabecikan. Enget: Panjenenganipun boten ngersakaken kurbantata kajasmanen kemawon, nanging “talingan ingkang kabikak” — tegesipunGusti Allah ngersakaken bab manah ingkang purun mirengaken dhawuh lankarsa Dalem dadya tetalesing gesang Suci. Pancen gesang suci punikasatunggaling proses ingang kedah katindakaken kanthi temen.Serat 2 Korinta 6:14–7:2 nandhesaken gambaranipun tiyang ingkangdipun pindah saking pepeteng lumebet ing pepadhang. Rasul Paulus ngajakkita sami supados boten madha rupa kaliyan “ingkang boten pracaya”.Sumangga sami ngrasuk gesang suci wonten ing ngarsanipun Gusti. |*LES
Ahad, 7 Juni 2026 Minggu Limrah
Hosea 5:15-6:6; Jabur 50:7-15; Rum 4:13-25; Mateus 9:9-13, 18-26 GUSTI YESUS RAWUH MITULUNGI TIYANG DOSA“Sebab tekaKu ini ora ngundang wong sampurna nanging wong dosa”(Mateus 9:13) Saben tiyang mesthi nate ngraosake lelara: lelara badan, lelara batin,utawi lelara secara karohanen. Nanging kathah tiyang ingkang remenndhelikake raos lan sesakit mawi ngendelaken agami, kamangka sejatosipuntebih saking Gusti Allah. Sami migunakaken topeng kesalehan palsu, kemunafikan,kanthi ngendelaken kasagedan, kesalehan, amal ingkang mboten sampurna,malah kepara nampik katresnaning Gusti Allah lumantar Sang Kristus.Piwulang wigati saking waosan dinten punika, (1) Gusti nelakaké sih-rahmat kang tanpa wates (ayat 9–13). Nalika Gusti nimbali Mateus, tiyangpungut pajeg, paningal umum sami nganggep Mateus minangka tiyangdosa. Nanging Gusti mirsani manahipun. Punika ngélingaké kita, bilih GustiYesus boten mawang tiyang namung saking punapa ingkang ketingal.Panjenenganipun kersa rawuh ing griyanipun tiyang dosa, dhahar bebarengan,dados pratandha katresnanipun Gusti kang narima saben tiyang.(2) Gusti Yesus nimbali manungsa supados mratobat (ayat 12–13).Panjenenganipun ngendika, “Wong waras iku ora butuh dhukun, sing butuhiku wong sing lara.” Kita punika kadang remen ndhelikaké dosa, nganggepawake sampurna. Nanging Yesus ngelingaké, tobat punika margi kawilujengan,lan katresnan luwih utama tinimbang syariat-syariat agamawi.(3) Gusti Yesus maringi pangarep-arep lan panguripan (ay. 18–26) Anaktiyang kepala rumah ibadah tilar donya, lan satunggaling wanita 12 taungering, loro-lorone sami nyedhaki Gusti kanthi pengandel. Gusti paring sih-rahmat: wanita punika dipun warasaken, anak punika dipun wungokaké.Pengandel ngundang sih-rahmatipun Gusti, sanajan kahanan katingal tanpapangarep-arep.Sumangga kita ndedonga supados kita tansah ngraosaken sih-rahmatipunGusti. Boten namung netepi kawajiban agami minangka tugas, nanging mbangunsesambetan ingkang raket kaliyan Gusti. Pangapunten lan karahayon punikakagem tiyang ingkang ngakoni lepat lan ngandel dhateng sih-rahmatingGusti. Amin |*LES
Setu, 6 Juni 2026 Minggu Trinitas
Pangentasan 34:1-9; Jabur 50:7-15; Mateus 9:27-34 GUSTI INGKANG WELAS, GUSTI INGKANG MARASAKE“… Yehuwah, iku Allah kang asipat welas lan asih,luwih dening sabar, gedhe kamirahane lan kasetyane”(Pangentasan 34:6) Nalika nabi Musa minggah ing gunung Sinai ingkang kaping kalihipun(Keluaran 34:1–9), panjenenganipun ndedonga lan sumungkem dhatengSang Yehuwah Allah, nyuwun kawelasan. Gusti Allah paring pangandikamekaten: “…Yehuwah, iku Allah kang asipat welas lan asih, luwih dening sabar,gedhe kamirahane lan kasetyane, kang netepake sih susetyane marangwong ewon, kang ngapura kaluputan, panerak lan dosa; nanging babarpisan ora ngalisake wong kang salah saka ing paukuman…” (ayat 6-7).Punika sanes namung dados pepeling sejarah, nanging wigati tumrap kita— Gusti ingkang ngapura, gething marang dosa, nanging keparengnelakaken katresnan tumrap umatipun. Pramila memper bilih wonten ingJabur 50:7–15 nyariyosaken bilih Gusti boten ngersakaken kurban lahiriyah,nanging kurban puji sokur lan tulusing manah. Gusti ngendika: “Ing dinakarubedan sira padha nyebuta marang Ingsung, nuli Ingsun bakal mitulungisira…” (ayat 15)Katresnan ingkang nyata ugi pinanggih kababar wonten ing paseksinipunInjil Mateus 9:27–34, kita manggihaken cariyos bilih Gusti Yesus marasaketiyang wuta lan nyarasaken tiyang bisu. Tiyang wuta nyuwun: “Dhuh tedhakipunSang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi”. Gusti Yesus kepareng mitulungilan ngandika, ““Padha katekana kaya kang dadi pangandelmu.” (ayat 29).Punapa kita purun lan wantun pitados dhumateng Sang Yehuwah Allahingkang maha welas, ingkang tansah paring tetulung dhumateng para pitados?Punapa kita purun mateb pitados dhumateng Sang Yesuwah ingkang makaryaugi wonten ing Gusti Yesus Kristus?Samangke sangsaya cetha bilih (1) Gusti Allah punika Maha Welas lanMaha Asih, (2) Gusti Allah ngersakaken supados kita tansah kadunununganmanah ingkang kebak raos sokur (3) Gusti Allah wonten ing Sang Kristus Yesuskepareng paring pitulung dhumateng manungsa, supados sami mratobatlan mitadosaken gesang dhunateng Juru Wilujenging jagad. Amin. |*LES
Jemuwah, 5 Juni 2026 Minggu Trinitas
Kidung Pangadhuh 3:40-58; Jabur 50:7-15; Lelakone Para Rasul 28:1-10 GUSTI MIDHANGETAKE PASAMBATKU“Mara, payo padha naliti lan mriksa urip kita, sarta padhabali sowan marang Sang Yehuwah”(Kidung Pangadhuh 3:40) Saben tiyang ingkang gesang, mesthi nate ngalami wekdal ing swasanapeteng — wekdal angel, sangsara, sakit, utawi cilaka. Nanging ing satengahingpepeteng ingkang mekaten punika punika, Gusti Allah tansah asung pitulung,midhangetake pasambat kita, lan ngluwari kita saking karubedan. KidungPangadhuh 3:40–58 ngatag kita mekaten: “Mara, payo padha naliti lanmriksa urip kita, sarta padha bali sowan marang Sang Yehuwah.” Punikadados pratandha bilih pangajeng-ajeng ing Gusti boten badhe muspra.Gusti rawuh, mitulungi, lan ngendika: “Aja wedi!” Mitrurut paseksi ingJabur 50:7–15 nedahaken bilih Gusti boten namung ngersakaken kurbanritual, nanging kurban pamuji sokur ingkang miyos saking manah ingkangtulus. Mekaten timbalanipun tumrap kita sami: “Sowanana Aku, nalika kowekasangsaran, Aku bakal nylametake kowe, lan kowe bakal ngluhurake Aku.”.Punapa kita purun mbikak manah nyuwun sih pitulungipun Gusti. Punapakita purun sumarah lan mboten ngendelaken kekiyatan kita piyambak?Nalika Rasul Paulus dipun cakot dening sawer ingkang mbebayani, tiyanging Malta sami nganggep bilih Paulus punika tiyang awon lan mesthi badhepejah. Ananging Paulus tetep tenang, piyambakipun nguncalaken ula punikadhateng geni, lan pranyata boten ngantos cilaka. Tiyang ing pulo Malta lajengkaget lan nganggep Paulus punika dewa. Nanging Paulus boten gumunggung,malah ngawula kanthi tulus. Paulus nresnani, ndedonga, lan nyarasaken tiyangsakit.Awit saking punika, sumangga sesarengan kita: (1) Mriksa gesang kitapiyambak-piyambak lan mratobata kanthi tulus, (2) Sowana dhateng Gustipunapa malih nalika kita ngadhepi marupi rupi masalah – kasisahan, Gustimesthi mitulungi, (3) Tetep sumarah lan yakin dhateng pangrehipun Gusti,gumregah tetep leladi dhateng sesami. Engeta bilih: Nalika kita sesambatdhumateng Gusti, Panjenenganipun saestu midhanget lan ngandika: “Ajawedi!” . Amin. |*LES
Kemis, 4 Juni 2026 Minggu Trinitas
Kidung Pangadhuh 1:7-11; Jabur 50:7-15; 2 Petrus 2:17-22 ELINGA LAN BALIA MARANG GUSTI“… luwih becik padha ora tau nyumurupi dalaning kayekten,katimbang karo sawise sumurup banjur mungkur ninggaling pepakon suci kang wis kadhawuhake …”(2 Petrus 2:21) Ing satengahing gesang, asring kita supe temah nilar margining kautamen.Supe dhateng sabdanipun Gusti. Supe sanes namung kelalen pikiran, nangingkelalen ing ati – Supe dhateng margining kautamen, temahan nyingkur Gusti.Kidung Pangadhuh 1:7–11 ing sakawit ngandharaken edhahing Yerusalem,nanging lajeng tampi paukuman: suwung, dina-dina kebak piala, awit supelan nyingkur Sang Yehuwah Yerusalem ingkang suwau dipunaosi , dipunurmati tumuli dados panggonan ingkang sepi mamring, amargi dosanipun.Tiyang sami nglampahi dosa lan nglirwakaken pangandikanipun Allah. Sedayakemewahanipun sirna, kaluhuranipun ical, namung dados reruntuhan. Dosasaestu ndhatengaken paukuman.Jabur 50:7–15 nedahaken piwulang saha pangandikanipun Gusti:“Ingsun ora melehake sira marga saka kurbanira, amarga kurbanira obaranrak tansah ana ing ngarsaningSun?” (ayat 8). Gusti Allah botenngersakaken ritual palsu, ritus ingkang kothong, ananging manah ingkangmurni, tansah eling lan nyuwun sih pitulunganipun Gusti, “Ngaturna panuwunminangka kurban marang Gusti Allah, lan luwarana nadarmu marang KangMahaluhur! Ing dina karubedan sira padha nyebuta marang Ingsun” (ayat14-15) . Awit saking punika, Rasul Petrus paring pepenget ing 2 Petrus 2:17–22.Petrus paring pepenget dhateng tiyang-tiyang ingkang sampun nampipangertosan bab kayekten, supados tetep setya. Sampun ngantos lajengkecalan iman, lajeng mbalik dhateng dosa, punika gambaranipun kados asuingkang balik dhateng muntahanipun piyambak, ingkang najis lan njijiki.Inggih mekaten punika gambaraning gesang tanpa pamratobat lan tanparaos ajrih asih dhumateng Gusti.Mangga sami sumarah: Dhuh Gusti nyuwun kakiyatan supados kawulatetep setya ing margining kautamen ingkang sejati. Tansah engeta sanajankita kadhang kala ngraosaken sedih, bingung, sakit, isin, utawi asor amargadosa lan kalepatan. Estokna: “Sowanana Aku nalika kowe susah, Aku bakalnylametake.” (Jabur 50:15). Amin. |*LES
Rebo, 3 Juni 2026 Minggu Trinitas
Ayub 39:26-40:5; Jabur 29; Yokanan 14:25-26 SWANTENING GUSTI ALLAH PARING KATENTREMAN“Swantene Sang Yehuwah kebak kakuwatan,swantene Sang Yehuwah kebak kamulyan”(Jabur 29:4) Gusti Allah punika Maha Kawasa lan Maha Wicaksana. Ing Ayub 39:26–40:5, Gusti ngersakaken supados Ayub sinau bab kawruh lan kawicaksananingSang Yehuwah. Kanthi nggatosaken sato kewan ingkang cinipta: manukgagak, elang, jaran, lan maneka warna makluk sanesipun ingkang ciniptaadhedhasar kawicaksananing Allah. Ayub ing pungkasanipun manggihaken,tumuli ngakeni kawicaksananipun Gusti Allah ingkang maha agung. Bab ingsami kapratelakaken wonten ing Jabur 29 ingkang ngandharaken bilih“swantenipun Gusti” ingkang mawi pangwasa: prasasat swanten ingkangmbedhah redi, wit aras sami gonjing, nggeteraken siti, nanging panguwaosingGusti ugi paring katentreman. Swanten punika dados pralambang bilih GustiAllah mengku samukawis ing gesang, saha pangandikanipun Gusti punikaboten namung nggeteraken, nanging ugi maringi tentrem dhateng ingkangsami nyumurupi.Gusti Allah ingkang Maha Suci lan kebak panguwasa punika, kapratelakakendening Gusti Yesus bilih nedya kababar wonten ing pakaryaning Sang RohSuci. Ing Yokanan 14:25-26 Gusti Yesus paring janji dhateng para sakabatbilih Roh Suci — Sang Juru Panglipur — bakal maringi pepenget, piwulang, lanpangertosan. Inggih Roh Suci punika mawujud dados swanten sejati ingsaklebeting manah kita, ingkang tansah paring panuntun dhateng kayektenlan ngengetaken kita dhumateng sabda Dalem Gusti Yesus.Ing kalodhangan samangke, kita sami kaengataken bilih: (1) KawicaksananingGusti Allah punika ngungkuli pikiran kita,(2) Swantenipun Gusti saged nggeterakenjagad, nanging ing swanten punika ugi wonten sih lan katentreman, (3) RohSuci punika lir swanten ingkang alus dedalem ing manah, tansah maringipitedah ing sauruting gesang kita para pitados ing saben dintenipun. Pramilasumangga tansah elinga maring Gusti. Menawi manah raos sumelang, nyuwunpanglipur saking Roh Suci lan menawi kita boten mangertos pundi marginingpangluwaran, pasrah sumaraha dhateng Gusti. |*LES
Slasa, 2 Juni 2026 Minggu Trinitas
Ayub 39:13–25; Jabur 29; 1 Korinta 12:4–13 PANGANDIKA, PANGWASA, PANYANGGANING ROH SUCI“He para kang manggon ing swarga, pratelakna manawa Sang Yehuwah,ya mung Sang Yehuwah iku kang kagungan kamulyan lan kakiyatan!”(Jabur 29:1) Gusti Allah punika kagungan daya, pangwasa, saha katresnan ingkangkapratela wonten ing samukawis; ingkang cinipta wonten ing sedayapakaryanipun. Kitab Ayub 39 nelakaken bab kewan-kewan ingkang pinilihdening Gusti: manuk unta, jaran perang, saha kekiyatanipun. Sanajan sedayamakluk punika ketingal boten sampurna, nanging Gusti tansah maringi sihlan rinimat supados saben makluk nglakoni peranipun piyambak-piyambaking jagad punika.Jabur 29 ngandharaken bilih swantenipun Gusti punika mirunggan,pinanggih ing gludhug, banyu, lan mega, nanging ugi mratelakaken katentreman.“Swantene Sang Yehuwah kebak kakuwatan, swantene Sang Yehuwahkebak kamulyan” (ayat 4), nanging ing wekdal ingkang sami, Gusti paringtentrem rahayu dhateng umatipun. Piwulang punika ngengetaken kitasami, bilih panguwaosipun Gusti boten asipat nggetak utawi ngajrih-ajrihi,nanging malah nuwuhaken katresnan, pangayoman, saha panglipur.Woten ing 1 Korinta 12:4–13, kita manggihaken bilih Sang Roh Sucipranyata paring daya, ugi paring pepadhang, kalebet piwulang, kawicaksanan,iman, karohanen, lan basa-basa ingkang anyar. Ateges, saben tiyang ingpasamuwan punika kadunungan kalenggahan mirunggan, nanging sedayapunika asali-muasalipun saking Roh ingkang sami. Rohing Gusti Allah ingkangsuci. Kita katunggilaken dados satunggal wonten ing Sang Kristus. AlandhesanSabdaning Gusti, kita manggihaken bab-bab ing wigati: (1) Gusti Allah punikaMahakuwaos, nanging ugi maringi katentreman (Jabur 29), (2) Sang Roh Sucimaringi maneka warni karunia ingkang migunani tumrap gesang patunggilan (1Korinta 12), (3) saben tiyang pitados kaparingan peran ingkang unik, kadostamanuk unta utawi jaran perang (Ayub 39), murih sedaya titah nindakakentimbalanipun piyambak-piyambak. Mekaten ugi kita, kaatag tansah makaryaing gesang kita saben dinten katur kagem kaluhuraning Gusti Allah. |*LES
Senen, 1 Juni 2026 Minggu Trinitas
Ayub 38:39-39:12; Jabur 29; 1 Korinta 12:1-3 KAJABA KANTHI ROH SUCI“… ora ana wong kang bisa ngakoni: “Yesus iku Gusti,”yen ora marga dening Sang Roh Suci”(1 Korinta 12:3) Rasul Paulus saestu prihatos awit para pitados ing Pasamuwan Korintapunika kathah ingkang kenging penyakit sombong Rohani. Bab punikaketingal kanthi ciri ngunggul-unggulaken peparingipun Gusti ingkang dipuntampi — wonten ingkang pamer kabisanipun bab wawan rembag mawibasa roh, wonten ugi ingkang kepengin kaanggep langkung rohani awitsaged nindakaken daya mukjijat, lan sanesipun malih sami mameraken babkawaskithanipun.Pramila, Rasul Paulus ngengetaken pasamuwan kanthi saestu bilih:karunia-karunia punika peparingipun Gusti. Tiyang ingkang nampi peparingipunGusti punika sanes ateges langkung sae tinimbang tiyang sanesipun. PeparingipunGusti punika namung sarana, piranti kangge ngluharaken asmanipun Gusti lannuntun kita dhateng pangaken iman ingkang sejati bab Gusti Yesus minangkaSang Mesih, Juruwilujeng. Mila punika boten pastes manawi tiyang pitadossami gumunggung.Ing 1 Korinta 12:3, rasul Paulus ngandika mekaten: “ora ana wong kang bisangakoni: “Yesus iku Gusti,” yen ora marga dening Sang Roh Suci”. Pangandikapunika pancen ketingal prasaja, nanging estunipun lebet sanget maknanipun.Rasul Paulus nandhesaken bilih pangaken kasebat asal-muasalipun sakingpanuntuning Sang Roh Suci. Kathah tiyang saged matur: Gusti Yesus.Ananging boten sadaya tiyang saestu ngakeni Gusti Yesus minangka tukinggesang lan kawijulengan saha nglampahi gesang ingkang mbangun turutdhumateng Gusti. Manungsa kanthi kodratipun asring kepengin mardika,nglampahi gesang miturut pikajengipun piyambak. Nanging Gusti Yesusnimbali kita sumarah dhateng pangrehipun Sang Roh Suci. Namung Roh Suciingkang saged mranata manah kita ingkang atos punika, lan nuntun kitangucap kanthi jujur ngakeni: “Yesus punika Gustiku.” Sang Roh Suci ingkangnuntun manungsa dosa, mbikak mripating karohanen lan maringi kapitadosan.Inggih namung Sang Roh Suci ingkang madhangi gesang kita satemah sagednampi paseksinipun Kitab Suci lan nglampahi gesang ingkang sembada.Amin. |*LES
Ahad, 31 Mei 2026 Minggu Trinitas
Purwaning Dumadi 1:1-2:4a; Jabur 8; 2 Korintus 13:11-13; Mateus 28:16-20 BERKAHING ALLAH TRITUNGGAL“Sih-rahmate Gusti Yesus Kristus, lan sihe Gusti Allahtuwin patuggilane Sang Roh Suci,anaa ing kowe kabeh”(2 Korinta 13:13) Dinten Minggu punika sinebat Minggu Trinitas. Tumrap greja, punikamujudaken pahargyan lan pengetan wujud panggunggung kagem Allah kita,inggih Allah ingkang makarya ing sauruting sejarah kanthi sebutan SangRama, Sang Putra lan Sang Roh Suci. Kapitadosan Kristen ngakeni, estunipunAllah kita punika Esa, Satunggal, boten kok cacahipun tiga.Tumrap para tiyang Kristen estunipun sampun rampung anggenipunsami rerembagan/diskusi bab Allah Trinitas utawi Tritunggal; bab sinten taPanjenenganipun, inggih Allah kita punika! Kita para tiyang pitados anamungkantun mitadosi kanthi gumolonging manah nampi, ngakeni lan pitados bilihAllah kita punika tetela wonten ing Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci.Kangge nggampilaken paham bab Allah Tritintas, Pokok-Pokok PiwulangGKJ (PPA-GKJ) nerangaken: Allah jumeneng Rama kita, nelakaken bab pangwasaanggenipun nitahaken jagad saisinipun, kalebet anggenipun miji tiyangpitados minangka putraniPun. Temtu Allah boten ngersakaken titahipuntumpes awit dosa kadurakanipun, mila Allah manjalma wujud Manungsaasma Yesus Kristus sang Juruwilunjenging jagad. Manungsa lan sedaya titahkarancang dening Allah tetep gesang kanthi prayogi ing salamiminipun, milaAllah makarya lantaran Sang Roh Suci, inggih Rohing Allah ingkang nuntunmanungsa supados saged mangertosi margining kawilujengan. PakaryanipunAllah wau kelampahan ing sauruting sejarah saking kalanggengan dumugiing kalanggengan.Makaten kawontenanipun Allah Trinitas: Sang Rama, Sang Putra lanSang Roh Suci. Inggih Allah ingkang paring berkah dumateng umat kagunganipunlan kepareng ngagem umat kagunanipun minangka margining luberipunsih-rahmat dhateng sadaya titah ing jagad ngriki. Sumangga suka bingah,awit sih-rahmatipun Allah Trinitas; Sang Rama, Sang Putra, Sang Roh Sucisampun kaparingaken dhateng kita. Amin. |*BP
Setu, 30 Mei 2026 Minggu Pentakosta
Ayub 38: 22-38; Jabur 8; Yokanan 14:15-17 MBANGUN TURUT GUSTI“Menawa kowe padha tresna marang Aku, padha netepana pepakon-Ku.Aku bakal nyuwun marang Sang Rama, nuli kowe bakal diparingiSang Juru Panglipur liyane, supaya Panjenegane nunggal karo kowe,iya iku Rohing Kayekten”(Yokanan14:15-16) Sampun dados wajibing tiyang pitados yen ing sawetahing gesangipunsami netepi, mbangun turut dhateng dhawuhipun Gusti Yesus. Namungkemawon sanyatanipun punapa kita sampun gesang ing pambangunturutwiwit sakawit ngantos sapriki? Punapa kita konsisten mbangun turut dhatengGusti?Pambangun turut netepi dhawuhipun Gusti punika dados bukti anggenipunpara tiyang pitados nresnani Gusti. Emanipun perkawis punika dereng sagedkita tindakaken kanthi wetah/sampurna awit kathah pepalang lan godhanipun.Dene wijuding panggoda punika saged panggoda wau saking njawi, sakingtiyang-tiyang utawi kawontenan ing sakupeng kita. Punapa dene sakingjroning manah kita piyambak; raos aras-arasen, kuwatos, ajrih , minder, lansapiturutipun.Anggen kita gumregah kedah tinalesan manah ingkang tinarbuka dhatengSang Roh Suci. Roh Suci kuwaos ngiyataken ing karingkihan kita, nyarengilan nunggil gesang kita, nuwuhaken tekad kangge nindakaken dhawuhipunAllah. Rohipun Gusti ugi jumeneng Rohing Kayekten, inggih Roh ingkangnenuntun lan memulang kita ngambah margi ingkang bleres, lan kita sagedkendel utawi wani ngadhepi resiko pepalang lan godha ingkang kita adhepi.Mila ingkang wigati boten kok raos pesimissaged boten mbangun turutGusti krana nyawang kathahing pepalang, ananging sami pitados dhatengpangwasanipun Sang Roh Suci ingkang nyagedaken kita mbangun turutdawuhipun Gusti. Amin. |*BP
