Pangentasan 17:1-7; Jabur 95; Rum 5:1-11; Yokanan 4:5-42
AJA DUMEH
“Kowe padha Dakutus ngeneni kang dudu garapanmu. Wong liya kang
padha nggarap, lan kowe kang padha ngundhuhi pametuning garapane.”
(Yokanan 4:8)
Nalikanipun Gusti Allah ngganjar gesang ingkang linangkung, adhakanipun
tiyang punika lajeng nggadhahi patrap ngadhi-adhi. Rumaos unggul
piyambak, rumaos sugih piyambak, rumaos wasis piyambak. Tundhanipun
kumalungkung lan ngremehaken asanes. Saperangan malah wonten ingkang
nyatroni Gusti Allah lan nganggep bilih sedaya kaluwihanipun punika awit
saking pambudidayanipun piyambak.
Awit saking punika, nalika Gusti Yesus nguningani para sakabat kepareng
nelakaken baptisan ingkang gunggungipun langkung kathah katimbang baptisan
ingkang katindakaken para sakabatipun Nabi Yokanan, Panjenenganipun
anggenipun kundur ing Galilea nratas margi ingkang nglangkungi wewengkon
Samaria. Dilalah nalikanipun dumugi Sikhar, ing pundi wonten sumuripun
Rama Yakub, Gusti Yesus wawan pangandika kaliyan pawestri Samaria. Wosipun
pawestri kalawau sami nelakaken paseksi menggah Gusti Yesus, inggih Sang
Kristus piyambak, lan kathah tiyang Samaria ingkang sami manjing pitados.
Wonten ing ngriki Gusti Yesus paring piwucal bilih saestunipun saben
tiyang punika wonten bagianipun piyambak-piyambak. Ampun dumeh
sampun kepareng baptisi tiyang-tiyang Yahudi, lajeng rumaos unggul lan
ngremehaken sesami. Kamangka saestunipun peranganing kaunggulan ingkang
ginayuh punika ugi wonten eguh pratikeling asanes, sanes pambudidayanipun
piyambak. Punapa malih ngengeti panjurung pitulunganipun Gusti Allah
lumantar Rohipun ingkang suci ingkang makarya ing telenging batos para-
para ingkang sami manjing pitados.
Pramila makaten, aja dumeh. Sageda sami rumaos. Ampun rumaos saged.
Laras kaliyan pangandika: “Kang siji nyebar, sijine kang ngeneni. Kowe padha
Dakutus ngeneni kang dudu garapanmu. Wong liya kang padha nggarap,
lan kowe kang padha ngundhuhi pametuning garapane.” Aja Dumeh! |*AJ
