Pangentasan 16:9-21; Jab’ur 95; Efesus 2:11-22
BOTEN PARENG MERI
“kang ngukup akeh ora turah lan kang ngukup sathithik ora kurang.
Saben wong pangukupe manut tadhahe.”
(Pengentasan 16:18)
Wonten bebasan iri tanda tak mampu. Nelakaken bilih raos meri, boten
remen menawi ningali tiyang ingkang linangkung, tundhanipun namung
mratandhani bilih awakipun piyambak punika boten saged. Mirungganipun
boten saged ngaturaken panuwun inggih awit berkah saha pangrimat
ingkang sampun kepareng kaparingaken Gusti Allah wonten ing gesangipun.
Sanajan dereng kantenan bilih berkahipun Gusti dhateng tiyang sanes langkung
kathah tinimbang berkahipun Gusti wonten ing gesangipun piyambak. Awit
saestunipun berkahipun Gusti punika murwat, boten langkung punapa
malih kirang. Mawa-mawa miturut kabetahan lan tanggunganipun. Laras
kaliyan dhawuhipun Gusti: “Sira ngukupana iku, siji-sijine wong miturut
tadhahe dhewe-dhewe; saben wong njupuka kanggo brayate, wong siji
sagomer, saben brayat njupuka miturut jiwane.” (Pangentasan 16:16)
Menawi boten saged sami ngaturaken panuwun tundhanipun namung
nuwuhaken raos srei lan drengki malah asring ngedumeli Gusti. Wusananipun
mujudaken pandamel ingkang andlarung dosa lan mitunani awakipun
piyambak. Punika saumpami peksi alap-alap ingkang meri dhateng alap-alap
sanesipun ingkang nggadahi dedeg piadeg ingkang langkung ageng lan wulu
ingkang langkung endah jer anggenipun mabur, langkung inggil saking alap-
alap sanesipun. Sawijing wegdal wonten juru pambedhag ingkang mlebet
wana saperlu sami mbujeng kewan alasan. Kaleres pinanggih peksi alap-alap
ingkang meri kalawau. Lajeng sami pradondi murih sagedipun dhawahaken
peksi alap-alap srana jemparing. Murih sagedipun, jemparing punika kedah
ngangge wulunipun peksi alap-alap ingkang meri kalawau. Satunggal mbaka
satunggal, jemparingipun kalepasaken. Begjanipun boten wonten satunggal
jemparing kemawon ingkang nempuhi peksi alap-alap ingkang sae punika.
Wusana peksi alap-alap ingkang meri punika wulunipun ngantos telas lan
brondol, tundhanipun kacepeng dening juru pambedag lan dipun bekta
wangsul. Milanipun boten pareng meri mundak rugi. |*AJ
