Yeremia 18:12-17; Jabur 69:7-10, 16-18; Ibrani 2:5-9 GUSTI, AMPUN NYINGIDAKEN WEDANA PADUKA“Sampun ngantos nyingidaken wedana Paduka saking abdi Paduka,amargi kawula karupekan; mugi enggal karsaa paring wangsulandhumateng kawula!”(Jabur 69:18) Gusti Allah nyingidaken wedananipun tumrap manungsa, ngemu tegesGusti boten karsa mirsani, boten karsa nggatosaken manungsa. Kawontenanmekaten saged kelampahan, awit manungsa boten nggatosaken pangandikanipunGusti, menapa dene boten purun nindakaken dhawuh-dhawuhipun kanthigumolonging manah. Ing wusananipun, manungsa ngraosaken karupekan,kawontenan ingkang mboten prayogi ing gesangipun.Sampun leres lan jumbuh kaliyan karsanipun Gusti, kados ingkangsinerat ing Jabur 69:18. Rikala manungsa ing kahanan karupekan, manungsanyenyuwun dhumateng Gusti, sageda Gusti boten nyingidaken wedananipun.Sewalikipun, sageda Gusti mirsani, nggatosaken dhumateng manungsa ingkanggesang ing karupekan. Kanthi pitados lan pangajab, Gusti paring pitulungan,nyingkiraken karubedan ing gesanging manungsa. Lan candhakipun, manungsasaged luwar saking karubedan lan ngraosaken lodhang ing manahipun.Boten mbeseseg malih.Tumraping manungsa, karupekan minangka satunggaling prekawis limrahing gesangipun. Awit manungsa dados titah ingkang dereng sampurnagesang ing jagad menika. Taksih saged ketaman sesakit, ekonomi ingkangcumpen, brayat nandhang cecongkrahan, menapa dene rejeki karaosakenseret. Tumraping tiyang pitados, kahanan ingkang mekaten ampun ngantosdados dhadhakan nebih kaliyan Gusti. Nanging sewalikipun, sageda dadospamecut saya celak kaliyan Gusti, gesang nindakaken dhawuh-dhawuhipungusti, tuwin setya tuhu dherek Gusti.Gusti Allah punika saestu Gusti ingkang Maha Asih tumraping manungsasaha sedaya titah. Rikala ing karibedan lan manungsa sowan ing ngarsanipunGusti, prekawis menika dados lampah ingkang leres. Dados solusi utawimargining pangluwaran. Mila, rikala ketaman ing karibedan, prayogi sagedasaya kenceng ing pandonga, ugi saya celak srawunganipun kaliyan GustiAllah kaswargan, inggih ing asmanipun Gusti Yesus. |*KR
Rebo, 17 Juni 2026 Minggu Limrah
Wulang Bebasan 4:10-27; Jabur 105:1-11, 37-45; Lukas 6:12-19 WONG MURSID MINANGKA PEPADHANG“Nanging dalane wong mursid iku kaya pepadhang ing wayah esuk,kang mundhak-mundhak padhange ngati tumeka ing wayah tengange”(Wulang Bebasan 4:18) “Pepadhang” punika ngemu suraos ingkang mawerni-werni. Kadosdene Roh Suci, Rohing Pepadhang, ingkang madhangi, paring panglipur lanayem-tentrem ing gesanging manungsa. Ulate padhang ateges manahipunsuka bingah, ketingal ing pasuryan ingkang mbingahaken lan tumindak leres.Tiyang mursid inggih tiyang ingkang setya tuhu ndherek Gusti kapralambangakenminangka pepadhang ing wayah enjing. Ngemu teges, gesangipun tiyangmursid ing prekawis sae, ing bebener, ingkang ndadosaken kabingahanipuntiyang sanes. Mila, tiyang mursid kathah sedherekipun, dipunantos-antosdhatengipun, ingkang saged ngguyubi lan ndamel kabingahanipun tiyang kathah.Manungsa saged dados tiyang mursid awit adrengipun manah pribadi,kajurungan dening Rohing Allah, Rohing pepadhang. Gusti Allah maringipepadhang ing manahipun tiyang pitados, ingkang ndayani tiyang mursidkuwagang gesang ing pepadhang. Purun gesang ing karukunan kaliyantyang sanes, saged apunten-ingapunten kaliyan tiyang ingkang nandhanglepat, ugi tansah memuji asmanipun Gusti kanthi gumolonging manah.Pepadhangipun tiyang mursid ampun ngantos mbleret, saya sudaurubipun. Saya malih ampun ngantos pejah. Menawi urubipun pejah, ategesgesangipun tiyang mursid mboten migunani dhateng tiyang sanes. Gesangipuntaksih ambegan, taksih ngersakaken dhahar lan ngunjuk, nanging mbotenmigunani ing bebener dhateng tiyang sanes. Muspra kemawon, gesangipunngamplah.Gusti Allah ngersakaken, manungsa sageda milih dados tiyang mursid.Godhanipun dados tiyang pancen mawarni-warni. Nanging, Sang Roh Suci,Rohing pepadhang tansah madhangi manahipun manungsa, supadosmanungsa tansah dados tiyang mursid. Ugi, manungsa purun dados tiyangmursid. Ateges, purun dados astanipun Gusti madhangi tiyang kathah ingsakiwa-tengenipun. Ndamel tentrem rahayu, panglipuran, saha guyub-rukunkaliyan tiyang sanes. Tiyang mursid dipunremeni dening tiyang kathah.Pawartos ingkang mbingahaken. |*KR
Selasa, 16 Juni 2026 Minggu Limrah
1 Samuel 3:1-9; Jabur 105:1-11, 37-45; 2 Tesalonika 2:13-3:5 PAKARYANE GUSTI PADHA SUWURNA“Padha saosa puji sokur marang Pangeran Yehuwah, padha nyebutaasmane, pakaryane padha suwurna ana ing antarane para bangsa!”(Jabur 105:1) Pakaryanipun Gusti Allah dhateng manungsa saestu kathah lan mawarni-warni. Gusti maringi kawilujengan, bagas-warasing raga, katentreman ingmanah, guyub-rukun ing brayat, menapa dene rejeki ingkang katampi sabendinten lan saged nyekapi kabetahaning brayat.Kidung ingkang sinerat ing Jabur 105 mirungganipun ayat 1 nimbalidhateng para pitados, supados nyuwuraken pakaryanipun Gusti Allah. Timbalanmenika ngemu teges, bilih (1) pakaryanipun Gusti Allah dhateng manungsatuwin titah sajagad saestu nyata, wonten wujudipun; (2) manungsa ingkangkaparingan pikiran, raos, ugi kawicaksanan dening Gusti Allah, sagedamratelakaken pakaryanipun Gusti ing gesang saben dintenipun.Pakaryanipun Gusti sageda saestu dados pakaryanipun Gusti. Ampunngantos manungsa ngaku-aku pakaryanipun Gusti Allah dados pakaryanipunmanungsa pribadi. Manungsa dados sarana, dipun agem dening Gusti satemahpakaryanipun Gusti mawujud ing jagad, tuwin saged karaosaken deningmanungsa. Mila, manungsa sampun samesthinipun atur panuwun sokur,ngluhuraken asmanipun Gusti, tuwin sedaya pakaryanipun Gusti dipunsuwuraken. Ampun ngantos kuwalik, manungsa nyuwuraken pribadinipun,ngengungaken pakaryanipun piyambak.Kadospundi anggenipun manungsa nyuwuraken pakaryanipun Gusti Allah?Manungsa nyuwuraken pakaryanipun Gusti Allah lumantar kapitadosanipuningkang bakoh, tumuju namung dhumateneg Gusti Allah kaswargan, ingasmanipun Gusti Yesus. Tansah ngibadah ing saben dinten Minggu tuwindinten-dinten pangibadah sanesipun kanthi tumemen. Tansah ndedongakanthi gumolonging manah, atur panuwun sokur awit berkah-berkahipun,ugi nyenyuwun ingkang dados kabetahanipun. Gesang ing lampah ingkangpener ing panguwaosipun Sang Roh Suci. Memuji asmanipun, Gusti ingkangMaha Asih dhateng sedaya titah ing jagad. Setemah asmanipun Gusti Allahingkang Maha kuwaos saha Maha Asih saya dipun raosaken tuwindipunpitadosi dening sedherek kathah. |*KR
Senen, 15 Juni 2026 Minggu Limrah
Yusak 1:1–11; Jabur 105:1–11, 37–45; 2 Tesalonika 3:1–5 TANSAH KENDEL, NGLESTANTUNAKEN PANGANDEL“Ingsun rak wus dhawuh marang sira: disantosa lan diteguh?Aja giris lan semplah, amarga Pangeran Yehuwah, Allahira nunggilkaro sira ing saparanparanira.”(Yusak 1:9) Kacariyosaken bilih saksampunipun Sang Musa seda, senapati Yosuaangsal tugas ageng piniji nglajengaken pakaryanipun Musa, kedah lumampahmimpin umat pilihan lumebet ing tanah Kanaan. Gusti Allah paring pangandika,“Sira disantosa lan diteguh atinira, amarga sira kang bakal nuntun bangsa ikisupaya bisa ndarbeni nagara kang Sunjanjekake kalawan supaos marang paraleluhure, menawa bakal kaparingake marang dheweke kabeh.” (Yusak 1:6)Gusti Paring Dhawuh lan paring kakiyatan dhumateng Yosua (Yosua1:1–11). Ingkang baken, Yosua kedah sumarah mring Gusti Allah sahakadunungan kakendelan. Gusti Allah paring pepenget, “Mung bae siradisantosa lan diteguh, tumindaka kalawan ngati-ati condhong karo angger-angger kang wus diprentahake abdiningSun Musa marang sira, aja nylewengngiwa utawa nengen saka iku, supaya sira oleh kabegjan menyanga ngendibae paranira.”Mekaten ugi kita. Kita minangka pelados, pemimpin, utawi peranganingpasamuwan, kedah gadhah kakendelan ingkang asalipun tuwuh saking iman,tumuju mring sih pitulungipun Gusti; boten saking kaprigelan, kasagedankita piyambak. Supados saged tumindak mekaten kedah enget lan pitadosdhumateng Gusti Allah. Juru Masmur ugi ngengetaken, sampun ngantos supedhateng kasaenan lan sih palimirmanipun Gusti. Panjenenganipun ingkangsampun nuntun saha setya ngreksa gesaning para kagunganipun.Awit saking punika, sumangga tansah enget dhateng katresnaning GustiAllah. Rikala ngadhepi kasangsaraning gesang, mbok menawi awit sakingkesrakat, awit saking kasusahan ekonomi, awit saking krisis iman, manggatansah enget bilih Gusti Allah boten nate negakaken kita. Pramila kita kedahtetep yakin estu bilih Gusti Allah punika setya, sanajan kawontenan botencetha (2 Tesalonika 3:1–5). Saestu, Gusti iku setya tuhu, Panjeneganipunbadhe nyantosakaken manah kita. Amin |*LES
Ahad, 14 Juni 2026 Minggu Limrah
Pangentasan 19:2-8a; Jabur 100; Rum 5:1-8; Mateus 9:35-10:8, (9-23) DIPUN PILIH, DIPUN TRESNANI, DIPUN UTUS“Panjenenganipun mirsani wong akeh, atine padha trenyuh,amarga wong-wong iku padha kaya wedhus tanpa pangon.”(Mateus 9:36) Kita sami mangertos bilih gesang ing jaman samangke punika pinanggihkaliyan maneka warni tantangan: ekonomi ingkang saya angel, pajak ingkangsaya awrat, moral ingkang saya owah, kabudayan global ingkang asring nggesernilai-nilai adiluhung, lan raos “kesepian rohani” ingkang saged tumempuhing umat. Ing satengahing kahanan punika, pitedah Kitab Suci nyarengi kita,paring pepadhang saha panglipur, saha ngajak kita ngraosaken timbalanipunGusti Yesus ing jaman menika.Ing Pangentasan 19: 2 – 8a Gusti Allah nimbali lan miji bangsa Israeldadps umatipun. Bangsa punika dipun undang mebet prasetyanipun Gusti,“Kang iku saiki, manawa sira padha ngestokake dhawuhingSun klawan temen-temen sarta padha netepi prasetyaningSun, mesthi sira padha dadi kekasihingSunpinilih saka ing antarane sakehe bangsa, awit salumahing bumi iku kagunganingSun”(ayat 5). Bab punika nelakaken babagan identitas umat pilihan, ingkangboten dipun pilih awit jasa, kasaenan, nanging amarga sih-rahmat.Ing jaman samangke, gereja lan umat Kristen ugi dipun sebat minangkaumat kagungane Gusti (1 Petrus 2:9). Kita punika dados pewaris prasetyan,lan kadunungan timbalan lan tanggung jawab. Kita boten pareng gesangkanthi saksekecanipun piyambak, nanging kedah kanthi tanggel jawabkangge nelakaken katresnan lan kautamenipun Gusti wonten ing donya.Ing Matius 9:35-10:8 Gusti Yesus mirsani kawontenaning tiyang kathah,Panjenenganipun trenyuh. Ing basa Yunani, tembung “trenyuh” punikamaknanipun kraos nggregel, pangraos kang jero, tulus. Tiyang kathah punikakados menda tanpa pangen. Awit saking punika, Gusti Yesus milih lan ngutuspara sakabat. Panjenenganipun maringi panguwaos, nanging ugi ngelingakebab tantangan: bakal dipun tampik, panganiaya lan dipun adili. Punika gambarangereja jaman sapunika: dipun paringi misi, nanging kedah sumadya ngadhepitantangan pelayanan Kristen punika adhedhasar katresnan lan kawelasandhateng tiyang ingkang ringkih. |*LES
Setu, 13 Juni 2026 Minggu Limrah
Pangentasan 6:28–7:13; Jabur 100; Markus 7:1–13 SUMARAH MRING GUSTI ALLAH, MITUHU DHAWUHE“Padha lumebua liwat ing gapurane kalawan memuji asmane,lumebua ing platarane kalawan kidung pangalembana,ngaturna pamuji sokur lan ngluhurna asmane.”(Jabur 100:4) Waosan suci dinten punika mbabaraken lelampahanipun Nabi Musanalika kaparingan dhawuh dening Gusti Allah kangge ngadhepi Sang Pringon.Nanging Musa rumangsa ringkih, boten pantes, boten nggadhahi kawicaksanan,lan boten pinter ngendika. Nanging Gusti Allah ingkang maha kuwaos sampunparing dhawuh, lan Musa piniji, pinilih, kautus dening Gusti. Pranyata GustiAllah boten negakaken, mboten nilar Musa. Malah kepara empati kanti ngutusHarun supados nyengkuyung lan mbiyantu Musa. Gusti Allag ugi paringpangandika lan pratandha-pratandha ingkang ngukuhaken paladosanipun Musa.Inggih pancen mekaten, ing Pangentasan 6–7, kita sinau bilih timbalansaking Gusti punika boten gumantung dhumateng: kasagedan, kapinteran,kawaskithan utawi kemampuan kita. Nanging gumantung dhatengKarsaning Gusti tuwin kasetyan kita, saha sesambetan kita kaliyan Gusti Allah.Wonten Ing Jabur 100, kita dipun ajak tansah ngrimati relasiutawisesambetaningkang raket klayan Gusti Allah. Umat kaajak lumebet ing gapuraningpadalemanipun Gusti kanthi panuwun sokur, pasuryan bingah, sarta kidungpamuji. Juru Masmur ngatag kita supados ngibadah boten kanthi ritual kosong,nanging ingkang tuwuh saking raos sokur lan panggalih ingkang murni.Kapratelaaken kanthi cetha: “Lumebua ing platarane kalawan kidungpangalembana”. Kaandharaken ugi bilih ibadah sejati punika prakara gesang,boten namung pasinaon liturgi, nanging praktik /tumindaking manembahinggih pangibadah ing saben dintenipun.Ing jagad kang kebak ing maneka warni kasangsaran, gangguan punikaGusti ngersakaken tiyang-tiyang ingkang setya, ingkang sumarah, ingkangngibadah kanthi manah suci. Ing Markus 7:1–13; Gusti Yesus ngadhepi paraFarisi lan ahli Torèt, ingkang ngagul-agulaken tradisi, ritual agami ngungkulidhawuhipun Gusti. Punapa kita nate nengenaken tradisi-tradisi manungsangungkuli dhawuhipun Gusti? Punapa pangibadah kita tansah adhedhasarrasa sokur lan tresna? |*LES
Jemuwah, 12 Juni 2026 Minggu Limrah
Pangentasan 4:27-31; Jabur 100; Lelakone Para Rasul 7:35-43 SINERGI, LELADI MARANG GUSTI“Sira methuka Musa menyang ing pasamunan.”Rama Harun tumuli mangkat lan kepanggih karo Sang Musaana ing gununge Gusti Allah, banjur diaras”(Pangentasan 4:27) Piniji dening Gusti Allah kangge leladi kadosdene Nabi Musa punikaestunipun ngremenaken, naning ugi nuwuhaken tanggel jawab ingkang botenentheng malah kepara awrat sanget. Awit saking punika, Gusti Allah tumulindahwuhi Rama Harun supados manggihi Nabi Musa, sung tetulung lan sacarasinergis tumut nyengkuyung leladi kangge mimpin Umat Pilihan medal sakingnegari Mesir tumuju dhateng ing tanah Kanaan.“Anadene Pangeran Yehuwah wus ngandika marang Rama Harun,mangkene: “Sira methukna Musa menyang ing pasamunan.” Rama Haruntumuli mangkat lan kepanggih karo Sang Musa ana ing gununge Gusti Allah,banjur diaras.” (Pangentasan 4:27). Inggih mekatenNabiMusa lan RamaHarunlajeng makarya sesarengan sacara sinergis, kekalihinipun sumadya kaagemdening Gusti Allah. Kekalihipun lajeng ngempalake para pangarsaning umatIsrael dalah nelakaken pratandha-pratandha ingkang dadosaken umat samipitados bilih Nabi Musa punia saestu utusanipun Gusti Allah.Piwucal ingkang kedah kita gatosaken inggih punika: (1) Gusti Allahboten nate negakaken, mboten ngutus piyambakan, Panjenenganipun mesthiparing mitra kangge makarya sesarengan, (2) Pribadi ingkang manut, mituhu,lan pasrah, setya punika mbikak margi tumrap panglipur lan pakaryan agungGusti, (3) Nalika umat sadaya nampi pangandikanipun Gusti lumantar NabiMusa, lajeng sami sumujud sumarah mring Gusti. Saklajengipun, kita kaatagsupados “ngabekti kalawan sukarena” (Jabur 100), ngabekti dhumatengGusti punika boten kanthi kapeksa ananging kanthi tulus lan bingah ingmanah. (4) Ing salebeting nindakaken timbalanipun Gusti punika dipun betahakenkerja sama. Sumangga minangka para pandherekipun Sang Kristus kita samimakarya sesarengan lan makarya kanthi tatanan sinergis. Bab punika estukita betahaken lan perlu kita kita tindakaken kanthi permati. |*LES
Kemis, 11 Juni 2026 Minggu Limrah
Pangentasan 4:18-23; Jabur 100; Ibrani 3:1-6 ABDI INGKANG SETYA, PINILIH, BINERKAHAN GUSTI“Padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah kalawan sukarena,padha sowan ing ngarsane kambi surak-surak!”(Jabur 100:2)” Saking paseksining Kitab Pangentasan 4, kita manggihaken bab wigati.Gusti Allah paring dhawuh supados Nabi Musa matur dhateng Pringon, bilihbangsa Israel punika umat kagunganipun Gusti, “Israel iku putraningSun, iyaputraning Sun pambajeng” (ayat 22). Tegesipun, Gusti nampeni umatipunboten namung minangka abdi, nanging minangka para putra ingkang kinasih.Ing tadisi kabudayan Yahudi, putra kapisan punika nggadhahi kaluhuranlan tanggung jawab mirunggan, ing ngriki Gusti maringi tanggel jawab sahaajining dhiri ingkang luhur dhateng umat pilihanipun. Ing jaman samangke,sesampunipun Gusti Yesus makarya, kita kaetang ugi minangka umatkagunganipun Gusti. Umat ingkang piniji. Pramila kita punika ugi kaetang/dipun angkat minangka putra-putri Allah, boten amargi pancen pantes, nangingamargi sih-rahmatipun Gusti. Punika ngajak kita nglapahi gesang kanthi ajrihlan tresna dhumateng Gusti, dados putra-putri ingkang ngluhuraken asmanipunGusti.Jabur 100 nimbali umat Allah: “Padha ngabektia marang Pangeran Yehuwahkalawan sukarena” Ngabketi utawi ngawula ingkang sejati ngemu teges: setyabekti, sumuyud, boten ngresula. Nanging ngawula kanthi bungah, tulus, lankebak panuwun sokur, awit kita mangertos sinten ingkang dipun bekteni.Inggih punika Panjenenganipun punika Gusti Allah ingkang nitahaken kitalan ngayomi kita. Wekasanipun, ngawula punika boten namung tumindaklahiriah, nanging minangka wujud katresnan, ngabdi, ngabekti lan saos sokurdhumateng Gusti.Renungan ing kalodhangan punika nandhesaken bilih: (1) Gusti maringikita ajining diri minangka putra-putri dalem, (2) Gusti nimbali kita tansahngawula/ngabekti kanthi kabungahan lan tulus, (3) Sang Kristus punikaPutranipun Allah ingkang sejati, Panjenenganipun dados dhasar iman kita.Menika dhedhasaripun timbalan kita saben dinten: Gesang minangka abdiingkang setya, dados putra ingkang ajrih asih, lan umat ingkang ngluhurakenasmane Gusti. |*LES
Rebo, 10 Juni 2026 Minggu Limrah
Hosea 14:1-9; Jabur 40:1-8; Mateus 12:1-8 MRATOBATA, NINDAKNA WELAS ASIH!“… padha mratobata marang Pangeran Yehuwah, Allahmu,dene anggonmu keplesed iku marga saka kaluputanmu.”(Hosea 14:2) Sang Yehuwah Allah, nimbali para umat kagunganipun supados gersanging salebeting pamratobat supados saged nindakaken welas asih tumrapsesami. Ing Kitab Hosea, kapratelakaken bilih umatipun Gusti dipun dhawuhakesupados wangsul, mratobat, lan nyuwun pangaksami awit dosa-dosanipun.Nabi Hosea paring pangandika kanthi katresnan, bilih sanadyan tiyang Israelsampun nerak angger-anggeripun Gusti, Gusti Allah tetep mbikak koriningpangapura lan paring sih-kadarman. Katresnanipun Gusti Allah punika botenwinates.Ing gesang kita punika, kathah kalepatan, kathah kekirangan, nangingGusti kepareng paring pangaksami. Nanging, pangapuntening dosa punikakedah dipun tanpi kanthi sikep gesnag ingkang saestu mratobat, sanesnamung pangucap, nanging mujudaken ewah-ewahan ingkang sejati.Paseksi wigati sinerat ing Jabur 40, kita sinau kadosdene Juru Masmur:“Aku nganti-anti banget marang Sang Yehuwah…”. Punika nelakakenkesabaran ing salebeting ngantu-antu pitulunganipun Gusti. Amargi kadhangkala,Gusti Allah nguji lan ngasah kesabaran lan pangajeng-ajeng kita, ngantosdumugi wekdal ingkang katetepaken dening Gusti. Ingkang cetha ing tengahingkasangsaran, Gusti midhangetaken pandonga, pasambat kita. Gusti Allahngentasaken kita saking “luweninging bilai”, lan mindahkaken kita ing “parang”ingkang teguh. Tegesipun, iman boten mesthi paring urip linuwih, nangingparing tuwuhing raos pitados ingkang kukuh, amargi Gusti badhe nyekapikabetahan kita kanthi sedaya berkah ingkang rumentah.Para Farisi nggadhahi panginten bilih kesalehan punika dipun ukur sakingpranatan/aturan, ritual, lan maneka warni larangan, nanging Gusti Yesusngandharaken bilih katresnan lan welas asih punika ingkang langkung utama.Ritual ingkang tanpa katresnan badhe kecalan maknanipun. Piwulang sakingMateus 12:1-8 punika nggigah kita supados boten namung manut aturanagami, nanging langkung-langkung gesang suci lan nindakaken katresnan,welas asih, lan pangapunten tumrap sesami. Amin.|*LES
Slasa, 9 Juni 2026 Minggu Limrah
Hosea 8:11-14; 10:1-2 ; Jabur 40:1-8; Ibrani 13:1-16 TANSAH SETYA DHUMATENG GUSTI“Israel wus nglalekake Kang nitahake,lan wus ngadegake kraton-kraton …”(Hosea 8:14) Gesang setya dhumateng Gusti kanthi mirengaken lan nglampahi karsanipunGusti pancen boten gampil. Kita kedah purun sinau, sumarah lan nyuwunsih pitulungipun Gusti Allah.Bangsa Israel punika tansah binerkahan, nanging malah tumuli botensetya. Gusti Allah sampun paring berkah ingkang kathah, nanging bangsapunika malah nglampahi gesang ingkang boten prayogi. Bangsa Israel punikakados wit anggur kang makmur, nanging wohing kamakmuranipun malahdipunginakaken kangge nyembah brahala (Hosea 10:1). Ing bab punika, kitasaged sinau bilih kabecikan, kasil, lan rejeki punika saged salah kedaden,njalari tiyang supe dhumateng sesembahanipun inggih punika Gusti Allah.Nalika wohing berkah malah nuntun dhateng kesombongan, sapa sira sapaingsung tundhonipun kita sami kalantur, nebih saking Pangeran.Ing Jabur 40, kita dipun wulang, bilih Gusti punika setya lan keparengmidhangetaken swantening tiyang kang ndedonga kanthi sabar. Dawuhipun,“cangkemku diparingi kidung anyar. Kidung pamuji marang Allah kita” (ayat4) punika artosipun, saben tiyang kang nyelak marang Gusti, badhe diparingikasagedan kangge ngucap syukur lan pangandel, satemah saged tansahmemuji lan ngluhuraken asmanipun Gusti.Serat Ibrani 13, ngengetaken para pitados supados tansah mujudakenkatresnan dhateng sesami lan njagi gesang ingkang suci. Gusti prasetya, “Ingsunora bakal negakake sira lan sira ora pisan-pisan bakal Suntilar” (ayat 5).Ing kalodhangan punika, kita dipun ajak manembah Gusti boten namungkanthi ritual, nanging langkung malih kanthi nindakaken katresnan dhatengsesami. Kita dipun atag “… padha tansah saos kurban pamuji sokur marangGusti Allah lumantar Panjenengane, iya iku arupa wohing lambe kangngluhurake asmane. Sarta saja lali nindakake kabecikan lan aweh pitulungan,jalaran iya kurban-kurban kang mangkono iku kang ndadekake keparengeGusti Allah” (ayat 15-16). |*LES
