1 Samuel 16:1-13; Jabur 23; Efesus 5:8-14; Yokanan 9:1-41
AMPUN MAWANG TIYANG!
“Aja mawang marang paraupan lan dhuwuring dedege, amarga iku
wis Suntampik. Pamirsane Gusti Allah iku beda karo pamawange
manungsa; manungsa mung nyawang marang kang kasat-mripat;
nanging Sang Yehuwah mirsani isining atine.”
(1 Samuel 16:7)
Menawi kita mireng panyaruwe “wong ndesa”, “plonga-plongo” utawi
“jokodok”, adhakanipun anggen kita mawas dipun engetaken kaliyan
panjenenganipun Bp. Ir. Djoko Widodo, mantan Presiden RI kalih periode.
Saestu boten nginten babar pisan menawi presiden ingkang “plonga-plongo”
menika ingkang kelampahan mbangun radosan, bandar udara, bendungan
lan infrastruktur sanesipun. Panjenenganipun ugi kelampahan dhatengaken
investasi ngamanca bangun pabrik wonten ing Indonesia srana UU Cipta
kerja, lan ngedalaken kebijakan hilirisasi lan ngawisi ngekspor barang mentah
kadosta nikel, mangan, timah, almunium, bauksit, CPO (lisah sawit mentah)
lan sanes-sanesipun. Inggih presiden ingkang “ndesa” punika ingkang
kelampahan mbubaraken mafia minyak Petral, nasionalisasi Freeport punapa
dene asetipun negara sanesipun kados dene TMII lan sanes-sanesipun.
Inggih presiden ingkang “jokodok” punika ingkang kasil dadosaken bangsa
Indonesia dipun ajeni dening jagad Internasional lan sangsaya dipun trensani
kawulanipun kanthi tingkat kepuasan ingkang nglangkungi wolung puluh persen.
Makaten ugi Gusti Allah anggenipun miji calon ratunipun bangsa Israel,
saking salah satunggaling putra-putranipun Rama Isai, tanpa mawang pasuryan,
dedeg piadeg punapa dene prejenganipun. Sarehne Saul kang dedeg piadegipun
inggil tur inggih bagus piyambak saking antawisipun sedherek-sedherekipun,
tundhanipun nyingkur Gusti lan dipun tampik Gusti. Pramila nalikanipun
satunggal mbaka satunggal putra-putranipun Isai dipun ajengaken, sanajan
blegeripun endah, prejengan ratu, boten wonten ingkang dipun kersakaken
Gusti Allah.
Begjanipun taksih wonten satunggal ingkang kantun; kang wuragil inggih
punika Dawud, ingkang nembe ngengen menda ing pasamunan. Lan punika
ingkang dados pilihanipun Gusti Allah. Ingkang mangkenipun kepareng dados
ratuning Israel ing saestu luhur boten wonten ingkang nyameni kaluhuraning
Daud. Sampuna mawang tiyang! |*AJ
