Yesaya 60:1-6; Jabur 72:1-7, 10-14; Efesus 3:1-12; Mateus 2:1-12 BUNGAH BANGET“Bareng weruh lintang mau, padha banget bungahe”(Mateus 2:10) Ing satungaling dalu, wonten lare ingkang nami Riko nembe mlampahing pinggir seganten kaliyan bapakipun. Dalu punika ketingal peteng awitrembulan lan lintang boten jumedul, manahipun Riko lajeng ajrih.Bapakipun ingkang nggatosaken mangertos bilih Riko ajrih, lajeng paringpangandikan “Riko, aja wedi, ana bapak lan maneh sedhelok engkas bakalana cahya saka Mercusuar kang bakal menehi padhang.” Sekedhap netra,padhanging lampu Mercusuar madhangi margi ingkang katempuh kekalihipun.Riko ngraosaken ayem awit nampi padhanging cahya saking lampu punika.Semanten ugi ingkang karaosaken dening para Majus ing Injil Mateus2:10. Para Majus punika sampun mlampah tebih, nglangkungi ara-arasamun lan ngadhepi bebaya kangge madosi Raja ingkang nembe lair. Ingsalebeting mlampah ingkang tebih punika, tetiganipun ngetutaken tandhalintang ing langit ingkang sumunar terang. Saksampunipun punika,manggihaken lintang punika mandheg ing sakinggiling papan ing pundhiGusti Yesus kalairaken. Nalika Para Majus manggihaken pitedah babbrayatipun Yusuf lan bayi Yesus, raosing manahipun sami bingah sanget.Kados kasebataken ing ayat 20 “Bareng weruh lintang mau, padha bangetbungahe.” Bingah, awit anggenipun mlampah tebih saged manggihakeningkang dipunpitadosi. Bingah awit sampun manggihaken Sang JuruWilujeng lan bingah sanget awit nugraha ingkang kaprasetyakaken deningGusti Allah sampun kebabar tumraping para tiyang ingkang pitados dhatengPanjenenganipun.Asring ing salebeting gesang punika, kita ugi nempuh lampahing gesangingkang boten gampil lan nrajang bebaya. Mbokbilih ugi kita ginubel ingpepeteng lan boten mangertos margi ingkang pundhi ingkang kita pilihsupados tentrem malih. Namung, kadosdene para Majus ingkang mitadosilintang punika tandha tumuju dhateng Juru wilujeng semanten ugi tumrapkita. Kedah pitados bilih Gusti mesthi paring tandha kangge mitulungi kitangantos kita saged manggihaken kawijungen lan tentrem rahayu. |*IAS
Senen, 5 Januari 2026 Minggu II Saksampunipun Natal
Yusak 1:1-9; Jabur 72; Ibrani 11:32-12:2 DISANTOSA LAN DITEGUH“Sira disantosa lan diteguh atinira, amarga sira kang bakal nuntunbangsa iki supaya bisa ndarbeni nagara kang Sunjanjekakekalawan supaos marang para leluhure”(Yusak 1:6) Nelson Mandela kinunjara watawis 27 taun awit anggenipun nglawanapartheid ing negarinipun piyambak, Afrika Selatan. Ing satengahingkinunjara punika, Mandela ngraosaken kapeteg manahipun, sangsara lanboten mangertos saged luwar saking pakunjaran benjang punapa. Nangingpiyambakipun pitados bilih kaadilan lan kamardhikan badhe maujud ingnegarinipun. Saksampunipun luwar saking pakunjaran, Mandela pinilihdados presiden Afrika Selatan mawi pilihan demokratis, lajeng nunggilakenbangsanipun ingkang kasingget-singet awit diskriminasi rasial. Mandelanate ngandika: “Saya telah belajar bahwa keberanian bukanlah ketiadaanrasa takut, tetapi kemenangan atasnya.”Cariyosipun Mandela nggambaraken pepenget ingkang kaserat ingkitab Yusak 1:6. Saksampunipun Nabi Musa seda, Yusak katimbalan mimpinbangsa Israel mlebet ing tanah prasetyan. Tanggel jawab punika awrat, awitsaksisih mimpin bangsa ingkang asring mbalela ugi ngadhepi bangsa Kanaaningkang boten gampil katelukaken. Sanadyan Gusti Allah mbotennedahaken margi ingkang gampil ananging paring prasetyan badhe nuntunlan nunggil dhateng Yusak. Pramila Gusti Allah ngandika: “Sira disantosa landiteguh atinira” Kenging punapa? Awit manah ingkang santosa lan teguhpunika dados dhasar anggenipun nglampahi timbalan ingkang botengampil. Kadosdene nalika kita nglampahi lan nindakaken ayahan punapakemawon, menawi manah ingkang santosa lan teguh, kita badhe nampikekiyatan kangge ngrampungaken ayahan. Kosokwangsulipun, menawianggen kita kebak ing pamangu-mangu, boten badhe nampi woh kadosingkang kita angen-angen.Ing gesang punika, nalika nglampahi gesang lan nindakaken ayahan,kita asring nglampahi tantangan lan perkawis ingkang awrat. Mbokbilihtuwuh raos ajrih lan mangu-mangu ing manah. Ananging lumantarpangandika punika, kita mangertos bilih Gusti Yesus badhe tansah nganthiing sauruting gesang kita. Awit saking punika tansah “disantosa lan diteguhatinira…” sampun ngantos kebak ing pamangu-mangu. |*IAS
Ahad, 4 Januari 2026 Minggu II Saksampunipun Natal
Yeremia 31:7-14; Jabur 147:12-20; Efesus 1:3-14; Yokanan 1: (1-9), 10-18 GUSTI SAMPUN MAKUWON“Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon anaing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane …”(Yokanan 1:14) Ing kamaripun ingkang peteng, Riko nangis sesenggukan,piyambakipun ajrih. Ibukipun ingkang taksih lenggah ing meja makanmireng, lajeng ngandika: “ora usah wedi cah bagus, kowe wis mulai gedhe,kudu wani, wis ndang turu. Riko mireng ingkang kapangandikaken deningibunipun, nanging tetep nangis. Tundhanipun inkang ibu lajeng mlebet kamaripun,lajeng ngrangkul Riko kanthi ngandika: “Ibu neng kene thole, aja wedimaneh ya” Riko lajeng kendel lan tentrem awit ibukipun ngrangkul piyambakipun.Kados mekaten punika sih katresnanipun Gusti Allah ingkang sampunkatindakaken dhateng kita sedaya. Nalikanipun jagad dipunkuwaosipepeteng lan dosa; Panjenenganipun boten namung paring pangandikaananging ugi rawuh ing jagad manjalma manungsa inggih lumantarrawuhipun Gusti Yesus Kristus. Gusti Allah boten namung mbabarakensabdanipun ananging Panjenenganipun piyambak ingkang rawuh minangkapangandika ingkang gesang lan dedalem ing antawis kita.Injil Yokanan 1:14 punika minangka punjering sih katresnanipun GustiAllah ingkang nyata. Sabda ingkang manjalma manungsa punika nggadahiteges bilih Gusti Allah ngersakaken lan ngraosaken gesang kita, gesangingkang ringkih, kadhangkala katempuh ing prahara, kebak ingkaprihatosan. Ing saklebeting manjalma dados manungsa, Gusti Yesuskembul bujana sesarengan kaliyan tiyang dosa, nyarasaken tiyang sakit,mungokaken tiyang pejah, kebak welas asih kaliyan tiyang ingkang siniya inggesanging masyarakat. Ing puncaking pakaryanipun, Gusti Yesus kersangurbanaken sariranipun, paring pangapunten lan kawilujengan tumrapmanungsa.Menawi wekdal punika, para sedherek nembe ngraosaken panandhanglan kaprihatosan, sumangga tansah engeta dhumateng Gusti Yesus. AwitGusti Yesus sampun rawuh lan kersa dedalem ing manah kita.Panjenenganipun ugi tansah paring kekiyatan, pangayoman lan panglipurtumrap samukawis perkawis ingkang kita adhepi ing jagad punika. |*IAS
Sabtu, 3 Januari 2026 Minggu I Saksampunipun Natal
Purwaning Dumadi 28:10-22; Jabur 72; Ibrani 11:13-22 GUSTI NUNGGIL“Lah Ingsun nunggil kalawan sira lan Ingsun bakal ngayomi marang siraing saparan-paranira lan sira bakal Sunulihake, menyang ing tanah ikimaneh, marga sira ora bakal Suntegakake, nganti Ingsun wus nindakakesabarang kang wus Sunprasetyakake marang sira.”(Purwaning Dumadi 28:15) Yakub nembe keplajeng nilar griyanipun saksampunipun ngapusi Esapkakangipun. Piyambakipun kesah saking griyanipun, mlampah piyambakaning ara-ara samun, raosipun ajrih lan sumelang. Nalika dumugi satunggalingpanggenan (ayat 11), “banjur nginep ana ing kono, marga wus kasurupaning srengenge. Nuli njupuk watu siji saka ing panggonan mau dianggobantal.” Ing tilemipun, Yakub ngimpi wonten andha ingkang ngadeg ingbumi ingkang pucukipun sundhul ing langit saha katingal wonten Malaekatingkang sami minggah mandhap ing andha kalawau. Lajeng kapirengswanten “lah Ingsun nunggil kalawan sira ing saparan-paranira…” (ayat 15).Pangandikanipun Gusti ingkang kados mekaten pancen kabetahakendening Yakub, awit ngraosaken lungkrah ing manahipun. Piyambakipunkijenan, tebih kaliyan brayat, rumaos lepat lan boten mangertos punapaingkang badhe kelampahan ing gesang tembenipun. Ananging ingkawontenan ingkang mekaten, Gusti Allah rawuh lan paring keyakinandhateng piyambakipun bilih Gusti Allah boten badhe nilar piyambakipun.Gusti Allah paring prasetya badhe tansah ngayomi, boten negakaken, badhenuntun lan nganthi Yakub ing pundi papan ingkang dipun dhatengi.Mbokbilih lampahing gesang kita kadosdene Yakub, boten mangertosingkang badhe kelampahan, nembe kapeteg, rumaos lepat utawi raoskuciwa awit kawontenan gesang ingkang tinampi. Sumangga kita sami,mijekaken wekdal, nilingaken manah lan kapitadosan dhumateng Gustimalih, supados kita mangertos sejatosipun Gusti boten nilar kita. Gusti Allahboten negakaken gesang kita. Panjenenganipun tansah ngamping-ampingilan nedahaken margi ingkang kedah dipun lampahi. Inggih margi kayekteningkang badhe nuntun kita ing kamulyan lan kraharjaning gesang dados ingjagad punapadene ing kalanggengan. |*IAS
Jemuwah, 2 Januari 2026 Minggu I Saksampunipun Natal
Purwaning Dumadi 12:1-7; Jabur 20; Ibrani 11:1-12 BAKAL KATEDAHAKE“Sang Yehuwah dhawuh marang Rama Abram: Sira lungaa ninggalatanahira, kulawangsanira lan omahe bapakira, menyanga ing nagarakang bakal Suntedahake marang sira.”(Purwaning Dumadi 12:1) Abram manggen kanthi tentrem ing tanah Ur-Kasdim, inggih papanlairipun. Binerkahan raja brana ingkang kathah, gesang ing satengahingbrayat ingkang tentrem, lan kawontenanipun mbingahaken. Ananging,Gusti Allah nimbali rama Abram, kadhawuhan nilar papan lairipun, tiyangsepuh, sedherekipun saha kulawangsanipun tumuju ing negari ingkangbadhe kaparingaken dening Gusti. Sanadyan papan punika botenkapangandikakaken kanthi gamblang dhateng rama Abram. Punapa papaningkang langkung sae punapa malah langkung rekaos. Para sedherek sagednggambaraken kadospundi raosing manahipun rama Abram, kita sagedmbayangaken bilih timbalan punika boten gampil. Rama Abram nalikatinimbalan yuswanipun sampun ngancik 75 taun. Ananging rama Abramtanpa suwala, nindakaken dhawuhipun Gusti. Rama Abram pitados bilihGusti Allah badhe tansah mitulungi lan kagungan rancangan ingkanglangkung sae tumrap gesangipun.Cariyosipun rama Abram, nalika tinimbalan dening Gusti Allah punika,kadosdene gambaran lampahing gesang kapitadosan kita. Kadhangkala,Gusti Allah nimbali kita supados nilar ingkang sampun mapan, pratingkahlami, kepara ugi nilar rancanganing gesang kita piyambak. Panjenenganipunnimbali kita kanthi rancangan ingkang ugi angel kita mangertosi tinampi ingnalar. Mbok bilih kita tinimbalan nindakaken ayahan ingkang mokal,ingkang boten dados karemenan, ingkang njalari kita mangu-mangu.Ananging Gusti pirsa sepinten dayaning kekiyatan lan tanggel jawab kita.Milanipun ingkang baken, nalikanipun Gusti nimbali kita, kadospundi kitasami langkung rumiyin nampi timbalan punika tanpa suwala lan pitadosbilih Gusti mesthi badhe tansah mitulungi lan nyagedaken kita nindakakenayahan peparingipun Gusti ing gesang kita. |*IAS
