Purwaning Dumadi 12:1-7; Jabur 20; Ibrani 11:1-12
BAKAL KATEDAHAKE
“Sang Yehuwah dhawuh marang Rama Abram: Sira lungaa ninggala
tanahira, kulawangsanira lan omahe bapakira, menyanga ing nagara
kang bakal Suntedahake marang sira.”
(Purwaning Dumadi 12:1)
Abram manggen kanthi tentrem ing tanah Ur-Kasdim, inggih papan
lairipun. Binerkahan raja brana ingkang kathah, gesang ing satengahing
brayat ingkang tentrem, lan kawontenanipun mbingahaken. Ananging,
Gusti Allah nimbali rama Abram, kadhawuhan nilar papan lairipun, tiyang
sepuh, sedherekipun saha kulawangsanipun tumuju ing negari ingkang
badhe kaparingaken dening Gusti. Sanadyan papan punika boten
kapangandikakaken kanthi gamblang dhateng rama Abram. Punapa papan
ingkang langkung sae punapa malah langkung rekaos. Para sedherek saged
nggambaraken kadospundi raosing manahipun rama Abram, kita saged
mbayangaken bilih timbalan punika boten gampil. Rama Abram nalika
tinimbalan yuswanipun sampun ngancik 75 taun. Ananging rama Abram
tanpa suwala, nindakaken dhawuhipun Gusti. Rama Abram pitados bilih
Gusti Allah badhe tansah mitulungi lan kagungan rancangan ingkang
langkung sae tumrap gesangipun.
Cariyosipun rama Abram, nalika tinimbalan dening Gusti Allah punika,
kadosdene gambaran lampahing gesang kapitadosan kita. Kadhangkala,
Gusti Allah nimbali kita supados nilar ingkang sampun mapan, pratingkah
lami, kepara ugi nilar rancanganing gesang kita piyambak. Panjenenganipun
nimbali kita kanthi rancangan ingkang ugi angel kita mangertosi tinampi ing
nalar. Mbok bilih kita tinimbalan nindakaken ayahan ingkang mokal,
ingkang boten dados karemenan, ingkang njalari kita mangu-mangu.
Ananging Gusti pirsa sepinten dayaning kekiyatan lan tanggel jawab kita.
Milanipun ingkang baken, nalikanipun Gusti nimbali kita, kadospundi kita
sami langkung rumiyin nampi timbalan punika tanpa suwala lan pitados
bilih Gusti mesthi badhe tansah mitulungi lan nyagedaken kita nindakaken
ayahan peparingipun Gusti ing gesang kita. |*IAS
