Kohelet 3:1-13; Jabur 8; Wahyu 21:1-6a; Mateus 25:31-46
ANA WAYAHE
“Samubarang kabeh iku ana wayahe,
apa bae ing sangisore langit iki ana wayahe”
(Kohelet 3:1)
Taun anyar asring kita ginakaken kangge ngengeti lan ngraosaken
ingkang sampun kelampahan lan nglandhesaken malih pangajeng-ajeng ing
taun ingkang badhe kita lampahi. Kita ngengeti ingkang kelampahan dadosa
perkawis ingkang bingah punapa dene sisah, sedaya saged ginayuh punapa
malah kosokwangsulipun. Kadosdene lembaran buku ingkang enggal, taun
anyar punika dados sarana kangge nata malih punapa ingkang perlu lan
kedah kita lampahi. Sanadyan ing salebeting nata punika ugi sumelip manah
ingkang kuwatos lan mangu-mangu, punapa saged nglampahi kanthi sae?
Satunggaling kaneman ingkang nama Andi ing taun kepengker ngalami
lampahing gesang ingkang awrat. Piyambakipun kecalan padamelanipun,
dene ibukipun mlebet griya sakit sawetawis wekdal. Janipun menawi
karaosaken awrat, ananging piyambakipun sinau nampi lan masrahaken ing
Gusti; tundhanipun sedaya saged kapulihaken. Andi saged nyambut damel
malih lan ibukipun saras malih. “Maturnuwun Gusti, tumrap sedaya ingkang
sampun kelampahan, kula pitados Paduka sampun kagungan rancangan
ingkang adi tumrap gesang kawula. Kula pasrah”, pandonganipun Andi.
Kitab Kohelet 3:1 ngengetaken ugi dhumateng kita bilih ingkang
lumampah ing gesang punika wonten wekdalipun. Silih gumanti ing gesang
kita. Wonten wekdalipun bingah lan sisah, wonten wekdalipun siang lan
dalu, lan sakpiturutipun, sedaya wonten wekdalipun. Ingkang baken nalika
kita sami mangertosi sedaya wonten wekdalpun, ing ngriku kita mbudidaya
pitados lan nglampahi kanthi pitados dhumateng Gusti, bilih Gusti paring
kaendahan tumrap saben perkawis, tanggel jawab lan kawontenan ingkang
kita adhepi. Gusti kagungan rancangan ingkang adi lan maedahi tumrap
gesang lan pagesangan kita. Mila lumebet ing taun anyar punika, sumangga
kita sami pitados bilih Gusti ingkang sampun nganthi lan paring berkah ing
wekdal kapengker, mesthi ugi badhe paring berkah tumrap gesang kita ing
taun punika. |*IAS
