Yesaya 60:1-6; Jabur 72:1-7, 10-14; Efesus 3:1-12; Mateus 2:1-12
BUNGAH BANGET
“Bareng weruh lintang mau, padha banget bungahe”
(Mateus 2:10)
Ing satungaling dalu, wonten lare ingkang nami Riko nembe mlampah
ing pinggir seganten kaliyan bapakipun. Dalu punika ketingal peteng awit
rembulan lan lintang boten jumedul, manahipun Riko lajeng ajrih.
Bapakipun ingkang nggatosaken mangertos bilih Riko ajrih, lajeng paring
pangandikan “Riko, aja wedi, ana bapak lan maneh sedhelok engkas bakal
ana cahya saka Mercusuar kang bakal menehi padhang.” Sekedhap netra,
padhanging lampu Mercusuar madhangi margi ingkang katempuh kekalihipun.
Riko ngraosaken ayem awit nampi padhanging cahya saking lampu punika.
Semanten ugi ingkang karaosaken dening para Majus ing Injil Mateus
2:10. Para Majus punika sampun mlampah tebih, nglangkungi ara-ara
samun lan ngadhepi bebaya kangge madosi Raja ingkang nembe lair. Ing
salebeting mlampah ingkang tebih punika, tetiganipun ngetutaken tandha
lintang ing langit ingkang sumunar terang. Saksampunipun punika,
manggihaken lintang punika mandheg ing sakinggiling papan ing pundhi
Gusti Yesus kalairaken. Nalika Para Majus manggihaken pitedah bab
brayatipun Yusuf lan bayi Yesus, raosing manahipun sami bingah sanget.
Kados kasebataken ing ayat 20 “Bareng weruh lintang mau, padha banget
bungahe.” Bingah, awit anggenipun mlampah tebih saged manggihaken
ingkang dipunpitadosi. Bingah awit sampun manggihaken Sang Juru
Wilujeng lan bingah sanget awit nugraha ingkang kaprasetyakaken dening
Gusti Allah sampun kebabar tumraping para tiyang ingkang pitados dhateng
Panjenenganipun.
Asring ing salebeting gesang punika, kita ugi nempuh lampahing gesang
ingkang boten gampil lan nrajang bebaya. Mbokbilih ugi kita ginubel ing
pepeteng lan boten mangertos margi ingkang pundhi ingkang kita pilih
supados tentrem malih. Namung, kadosdene para Majus ingkang mitadosi
lintang punika tandha tumuju dhateng Juru wilujeng semanten ugi tumrap
kita. Kedah pitados bilih Gusti mesthi paring tandha kangge mitulungi kita
ngantos kita saged manggihaken kawijungen lan tentrem rahayu. |*IAS
