Yusak 1:1-9; Jabur 72; Ibrani 11:32-12:2
DISANTOSA LAN DITEGUH
“Sira disantosa lan diteguh atinira, amarga sira kang bakal nuntun
bangsa iki supaya bisa ndarbeni nagara kang Sunjanjekake
kalawan supaos marang para leluhure”
(Yusak 1:6)
Nelson Mandela kinunjara watawis 27 taun awit anggenipun nglawan
apartheid ing negarinipun piyambak, Afrika Selatan. Ing satengahing
kinunjara punika, Mandela ngraosaken kapeteg manahipun, sangsara lan
boten mangertos saged luwar saking pakunjaran benjang punapa. Nanging
piyambakipun pitados bilih kaadilan lan kamardhikan badhe maujud ing
negarinipun. Saksampunipun luwar saking pakunjaran, Mandela pinilih
dados presiden Afrika Selatan mawi pilihan demokratis, lajeng nunggilaken
bangsanipun ingkang kasingget-singet awit diskriminasi rasial. Mandela
nate ngandika: “Saya telah belajar bahwa keberanian bukanlah ketiadaan
rasa takut, tetapi kemenangan atasnya.”
Cariyosipun Mandela nggambaraken pepenget ingkang kaserat ing
kitab Yusak 1:6. Saksampunipun Nabi Musa seda, Yusak katimbalan mimpin
bangsa Israel mlebet ing tanah prasetyan. Tanggel jawab punika awrat, awit
saksisih mimpin bangsa ingkang asring mbalela ugi ngadhepi bangsa Kanaan
ingkang boten gampil katelukaken. Sanadyan Gusti Allah mboten
nedahaken margi ingkang gampil ananging paring prasetyan badhe nuntun
lan nunggil dhateng Yusak. Pramila Gusti Allah ngandika: “Sira disantosa lan
diteguh atinira” Kenging punapa? Awit manah ingkang santosa lan teguh
punika dados dhasar anggenipun nglampahi timbalan ingkang boten
gampil. Kadosdene nalika kita nglampahi lan nindakaken ayahan punapa
kemawon, menawi manah ingkang santosa lan teguh, kita badhe nampi
kekiyatan kangge ngrampungaken ayahan. Kosokwangsulipun, menawi
anggen kita kebak ing pamangu-mangu, boten badhe nampi woh kados
ingkang kita angen-angen.
Ing gesang punika, nalika nglampahi gesang lan nindakaken ayahan,
kita asring nglampahi tantangan lan perkawis ingkang awrat. Mbokbilih
tuwuh raos ajrih lan mangu-mangu ing manah. Ananging lumantar
pangandika punika, kita mangertos bilih Gusti Yesus badhe tansah nganthi
ing sauruting gesang kita. Awit saking punika tansah “disantosa lan diteguh
atinira…” sampun ngantos kebak ing pamangu-mangu. |*IAS
