I Para Raja 10:1-13; Jabur 72; Efesus 3:14-21
PANJENENGANE KUWAOS
“Iya Panjenengane kang kuwaos nindakake luwih dening akeh
tinimbang apa kang kita dongakake utawa kita pikir, kaya kang
kacetha ana ing daya-kekuwatan kang tumindak ana ing kita”
(Efesus 3:20)
Thomas Alva Edison kawentar minangka satunggaling penemu bola
lampu. Sakderengipun bola lampu punika kacipta, Thomas Edison ngalami
langkung saking 1000 uji coba lan mesthi boten kasil. Kawontenan punika
njalari tiyang-tiyang ing sakiwa tengenipun lajeng sami boten pitados dhateng
piyambakipun, ananging, Edison tetep pitados bilih ing tembenipun badhe
manggihaken marginipun kados ingkang dipunangen-angen. Edison nate
ngandika: “Aku iki dudu ora iso. Aku mung nemu 10.000 cara sing durung
kasil”. Tanggon lan pitadosipun punika nedahaken bilih Gusti maringaken
kawasisan lan pangertosan ingkang nglangkungi nalaring manungsa.
Samangke, kula lan panjenengan mbokbilih ugi ngadhepi perkawis
ingkang sami kadosdene Edison, ananging menawi kita tansah tegen lan
pitados dhateng Gusti mesthi Gusti badhe nedahaken marginipun. Panjenenganipun
mesthi badhe saged maringaken bab ingkang langkung ageng tinimbang
nalar budi kita ingkang winates.
Perkawis punika dados pangakenipun Rasul Paul ingkang ngengetekan
dhateng pasamuwanipun Gusti bilih “Panjenengane kang kuwaos nindakake
luwih dening akeh tinimbang apa kang kita dongakake utawa kita pikir,
kaya kang kacetha ana ing daya-kekuwatan kang tumindak ana ing kita.”
Gusti Allah Mahakuwaos, panguwaos lan kersanipun tan saged jinajagakan
dening sinten kemawon ing gesang punika. Pangakenipun Rasul Paul ingkang
mekaten sampun kabuktekaken ing saklebeting peladosanipun. Piyambakipun
sami kadosdene rasul sanesipun, ngadhepi panguya-uya, ngadhepi bebaya;
nanging Gusti Yesus kersa mitulungi gesangipun. Para sedherek, asring kita
mangu-mangu, boten pitados rancanganipun Gusti, gampil nggresula lan
ngundhamana tumrap saben perkawis ingkang dipun adhepi. Kamangka
panjangkungipun Gusti nglangkungi winatesing nalar lan budi kita. Tansaha
pitados, awit panguwaosipun Gusti tanpa wangenan. |*IAS
