1 Samuel 3:1-9; Jabur 29; Lelakone Para Rasul 9:1-9
ABDI PADUKA MIRENGAKEN
“… Lan Samuel matur: “Paduka mugi karsaa ngandika,
amargi abdi Paduka mirengaken.”
(1 Samuel 3:10)
Albert Einstein kawentar minangka ilmuwan ingkang jenius ing sajarahing
manungsa. Namung, nalikanipun taksih alit, lare punika kaanggep lelet ing
salebeting wicanten lan ngginakaken pikiranipun. Gurunipun ugi nate
ngandika bilih Einsten boten badhe dados tiyang ingkang kasil. Ananging
Einstein boten semplah, piyambakipun tansah sinau kepingin mangertos lan
tansah nggatosaken bab punapa kemawon ingkang kelampahan ing
gesangipun. Nuju ing sakwijining dinten, piyambakipun tuwuh raos adreng
nalika piyambakipun nggatosaken dom kompas ingkang obah karana
wonten medan magnet ingkang boten ketingal. Piyambakipun mbudidaya
pados jawabanipun satemah manggihaken teori relativitas. Pambudidayanipun
kasembadan kawiwitan saking anggenipun mirengaken lan nggatosaken
punapa kemawon ing kiwa tengenipun.
Samuel nalika dipuntimbali Gusti ugi taksih alit, dereng tepang lan
dereng tepang dhateng suwantenipun Gusti Allah. Piyambakipun katuntun
dening imam Eli, satemah nindakaken kados ingkang dipundhawuhi. Nalika
Gusti ndangu malih ingkang kaping tiganipun; Samuel atur wangsulan
“Paduka mugi karsaa ngandika, amargi abdi Paduka mirengaken.”
Ing gesang punika, Gusti Allah sejatosipun ugi tansah paring pangandika
dhumateng kita. Lumantar Sabdanipun ingkang kita sinau lan pirengaken,
lumantar perkawis ing gesang padintenan, ugi lumantar tiyang-tiyang ing
sakiwa tengen kita. Ananging asring kita boten saged mirengaken swantenipun,
amargi mbokbilih kita namung jinggleng kabetahan, perkawising gesang,
taksih remen nengenaken kekarepaning daging. Menawi kita kepengin
dados Samuel ingkang wicaksana, kita perlu nggadhahi sikeping manah
ingkang purun mijekaken wekdal mirengaken swantenipun Gusti lan mbangun
turut dhateng Panjenenganipun. Sedaya ingkang njalari kita gesang ing
karahayon kawiwitan nalika kita purun mirengaken pangandikanipun Gusti I IAS
