Kejadian 18:1-14; Jabur 134; 1 Petrus 1:23-25 SEGAHAN INGKANG MURWAT“Pangandikane Tamu: Iya tindakna apa kang dadi karepmu!”(Purwaning Dumadi 18:5) Sang Yehuwah ngetingal dhateng rama Abraham nalika pinujulenggahan wonten ing sacelaking wit tarbantin ing lawanging tarubipun.Kita boten mangertos kados pundi caranipun utawi punapa ingkankedadosan dene nalika rama Abraham ndengengek ingkang dipun sumurupipriya tiga jumeneng ing sangajengipun. Ugi boten dipun terangaken kadospundi rama Abraham mangertos bilih ingkang rawuh punika priyantunpenting. Bab punika kacetha anggenipun rama Abraham nyebut bandaradhateng tamu-tamunipun. Mboten namung punika. Abraham ugi ngaturisegahan ingkang sae: glepung alus kangge damel roti, mendhet pedhetingkang empuk lan becik dagingipun. Sedaya nedya kasegahaken kagemtamu-tamunipun. Mekaten anggenipun rama Abraham ngaosi tamu-tamunipun, senadyan mboten mangertos sinten ta tamu-tamunipunpunika. Ingkang cetha, Abraham nganggep wigatos tamu-tamunipun lanngaturi segahan ingkang murwat tanpa ngetang pinten reginipun segahanwau. Ingkang penting malih, bilih para tamunipun karenan dhateng segahaningkang badhe dipun aturaken dening rama Abraham.Gusti Allah sampun maringaken sedayanipun, malah putranipun ontang-anting kangge kawilujengan kita. Gusti Yesus sampun maringakensariranipun kangge kita. Punapa ingkang badhe kita aturaken dhumatengPanjenenganipun? Punapa ingkang badhe kita aturaken minangka aturpanuwun kita dhumateng Panjenenganipun? Inggih gesang kitasawetahipun. Kados pundi cara lan wujudipun? Boten sanes inggih sranasuka kawigatosan dhateng tiyang sanes. Migatosaken kabetahanipuntiyang-tiyang ing sakiwa tengen kita. Abraham mangertos kabetahanimgpara tamunipun. Para tamunipun mbetahaken wekdal kagem ngaso, kendelsakedhap saking anggenipun mlampah. Mila para tamunipun dipun candhetsupados kersa nampi pasegahan saking rama Abraham. Kita prelumangertosi kabetahanipun sesami, lajeng mbudidaya nyekapi punapaingkang dipun betahaken punika, kanthi murwat lan miturut kasagedankita, tanpa ngetang reginipun pinten. Amin. |*WSMS
Ahad, 19 April 2026 Minggu Paskah III
Lelakone Para Rasul 2:14a, 36-41; Jabur 116:1-4, 12-19;I Petrus 1:17-23; Lukas 24:13-35 KATRESNAN PASEDHEREKAN INGKANG BOTEN LAMIS“… satemah padha bisa nindakake katresnan ing pasedulurankang tanpa lamis.”(1 Petrus 1: 22b) Sumangga gatosaken pangandikan antawisipun A kaliyan B punika,A: “Lho, kok ora sida mbokgawa. Trus, sapa sing mbokkon ngeterakemrana? Selak dienggo kok.”B: “Wegah aku. Lha wong abot tur barang ora mingsra.”A: “Mau kowe kan wis saguh. Ora mingsra miturut kowe. Kanggonedheweke kan penting banget.” “Lha kok mencla-mencle. Anggonmusaguh mau ora tenanan ya? Mung kembang lambe ta?”B: “Aku mau mung athuk apleng, mung iseng, mung nyoba-nyoba.”Kasagahanipun B punika saged dipun wastani lamis. Lamis, punapategesipun? Lamis tegesipun boten tulus eklas, tegesipun wontenpamrihipun, boten kanthi trusing manah, wonten pamrihipun kanggedhirinipun piyambak, supados dipun sebut tiyang sae.Ayat 22 nedahaken dhateng kita kados pundi pasamuwan ingkang dipunkintuni serat dening rasul Petrus saged nandukaken katresnan ingkangboten lamis. Punapa ingkang ndhasari tiyang saged nindakaken katresnanpasedherekan ingkang boten lamis? Miturut ayat 22 dhasaripun awitanggenipun mbangun turut dhateng kayekten, bilih Gusti sampunmaringaken sih-rahmatipun, punika satunggaling kayekten (ayat 13). Kitasampun katebus dening Gusti Yesus Kristus srana rahipun, srana seda lanwungunipun, punika satunggaling kayekten (ayat 19). Kita sampunkalairaken malih dening pangandikaning Allah ingkang gesang lan langgeng,punika satunggaling kayekten (ayat 23). Wosipun, gesang kita sampunkatebus lan kaanyaraken dening Gusti Yesus Kristus punika satunggalingkayekten. Inggih punika wujuding sihipun Gusti ingkang ageng lan tulusdhateng kita. Punika ingkang dados dhasar anggen kita bangunpasedherekan kanthi tresna ingkang tulus, boten lamis. Mekatenpiwucalipun rasul Petrus dhateng pasamuwan ingkang dipun kintuni serat,ugi piwucal dhateng kita. Sumangga sami nandukaken katresnanpasedherekan ingkang tulus, boten lamis, dhateng sinten kemawon. Amin.|*WSMS
Setu, 18 April 2026 Minggu Paskah II
Yesaya 25:6-9; Jabur 116:1-4, 12-19; Lukas 14:12-14 SURAK-SURAK“… ayo padha surak-surak lan suka-suka marga saka pangluwarankang kaparingake.” (Yesaya 25: 9b) Tiyang ingkang surak-surak punika nelakaken bilih manahipun bingahlan sukarena. Punapa ingkang jalari surak-surak punika? temtu mawarni-warni. Saged ugi ulangan utawi ujianipun pikantuk biji sae. Saged ugi sarassaking anggenipun sakit. Saged ugi usaha utawi bisnisipun kasil, pikantukbebathen kathah, lan sakpiturutipun.Yesaya 25:9b ngatag umat sami sukarena lan surak-surak amargipangluwaran ingkang kaparingaken dening Sang Yehuwah. Pangluwaransaking punapa? Pangluwaran saking gesang ingkang mrihatosaken awitpanandhanging umat karana pametekipun bangsa-bangsa sanes. Bangsa-bangsa ingkang sampun damel sisahipun umat Isreal sampun kaasorakendening Sang Yehuwah. Boten namung punika, Sang Yehuwah ugi sampunnyuwek-nyuwek sandhangan bagor lan kemul tandha kaprihatosan.Bangsa-bangsa punika sesarengan kaliyan umat Israel nampi kawilujengansaking Sang Yehuwah. Sang Yehuwah paring pangapunten dhateng bangsa-bangsa ingkang sampun damel umatipun nandhang sangsara lan kasisahan.Mekaten kapitadosanipun umat Israel tumrap pakaryanipun Sang Yehuwahingkang badhe paring kawilujengan dhateng kathah bangsa. Sang Yehuwahbadhe ngicali pati lan ngusapi eluh sakehing rai (ayat 8).Karana pakaryanipun Gusti Allah ingkang tetela wonten ing Gusti YesusKristus, sedaya bangsa kaparingan pangapunten lantaran sangsara, seda,lan wungunipun Sang Kristus. Kita ugi sampun kaparingan pangapunten lankawilujengan lantaran Panjenenganipun. Pramila kita prelu tansahnelakaken gesang kanthi sukarena lan sura-surak awit pakaryanipun GustiYesus punika. Punapa gesang kita tansah kalimputan ing kabingahan lansukarena temah kita tansah surak-surak? Kados pundi anggen kitanelakaken gesang ingkang kebak ing kabingahan lan surak-surak punika?Gesang kita ingkang kalimputan sukarena temah kita surak-surakpunika punapa awit anggen kita saestu ngraosaken kawilujenganpeparingipun Gusti utawi karana sebab sanesipun? Amin. |*WSMS
Jemuwah, 17 April 2026 Minggu Paskah II
Yesaya 26:1-4; Jabur 116:1-4, 12-19; I Petrus 1:13-16 PINANGGIH LERES LAN TETEP SETYA“Gapurané padha wengakna, supaya lumebua bangsa kang benerlan kang tetep setya.” (Yesaya 26:2) Sumangga nggatosaken katrangan “leres lan tetep setya”. Punapawonten tiyang ingkang kados mekaten? Sejatosipun boten wonten, kadosingkang sinerat ing Rum 3:10-12, “Ora ana wong kang bener, siji wae oraana. Ora ana wong siji-sijia kang duwe budi, ora ana wong siji-sijia kangngupaya Gusti Allah. Kabeh wong padha nyleweng.” Menawi mekaten,kenging punapa Yesaya 26:2 nyerat “bangsa kang bener lan kang tetep setya”?Yesaya 26 punika mujudaken Masmur liturgis ingkang dipunkidungaken dening umat nalika badhe lumebet ini Padaleman Suci ingYerusalem. Pangibadah punika gegayutan kaliyan pangluwaran sakingnegari pambuwangan. Bangsa Israel sampun kaparingan pangluwaran lansampun kawawas pinanggih leres lan setya ing ngarsanipun Gusti.Sakderengipun mlebet dhateng kitha Yerusalem ingkang gapuranipundipun jagi rinten dalu, kedah wonten panyuwun gapura punika dipun bikak.Panyuwunan ingkang kajurungan punika nelakaken bilih ingkang badhemlebet punika panci tiyang ingkang leres lan setya. Bangsa Israelkawastanan leres lan setya mila saged mlebet kitha Yerusalem saprelunyaosaken pangibadah sokuripun.Migatosaken Rum 3:11-12 (kabandhingaken Masmur 14:1-3) kita ugikalebet tiyang-tiyang ingkang boten leres lan boten setya. Kedahipun kitaboten saged sowan ing ngarsanipun Gusti menawi korining penggalihipunGusti boten kawenganan. Gusti sampun mbikak korining penggalihipunkangge kita sedaya, awit kita sampun pinanggih leres lan setya karanapangurbananipun Gusti Yesus Kristus. Panjenenganipun sampun nganggepkita leres awit anggen kita pitados dhumateng Panjenenganipun, awit kitasampun prajanji badhe gesang miturut kersanipun, miturut pranatanipun,senadyan nyatanipun kita taksih asring gesang miturut pikajeng lanpamanggih kita piyambak. Yesaya 26:2 punika ngengetaken lan mbereg kitatansah gesang ing kaleresanipun Gusti kanthi setya. Gusti maringikasagedan dhateng kita kangge gesang manut ing kersanipun kanthi lereslan tetep setya. Amin. |*WSMS
Kemis, 16 April 2026 Minggu Paskah II
Yesaya 25:1-5; Jabur 116:1-4, 12-19; I Petrus 1:8b-12 AKU TRESNA AWIT …“Aku tresna marang Sang Yehuwah awit miyarsakaké swaraku lanpanyuwunku, sarta talingane nilingake aku, mulane sajegku uripbakal nyebut marang Panjenengané”(Jabur 116:1-2). Tembung “awit” ing ayat punika nelakaken hukum sebab akibat. AwitSang Yehuwah miyarsakake swaraku sarta talingane nililingake aku, mulaaku tresna marang Panjenengane. Juru Masmur ing Jabur 116 punikanelakaken katresnanipun dhumateng Sang Yehuwah. Katresnanipun JuruMasmur punika tuwuh awit Sang Yehuwah sampun midhangetakenpandonganipun ingkang awujud pasambat. Tuwuh pitakenan, yen SangYehuwah mboten miyarsakaken lan boten nilingaken, punapa Juru Masmuringgih badhe tresna dhumateng Sang Yehuwah? Kita boten mangretos.Ayat 1 punika nelakaken katresnanipun Juru Masmur awitpakaryanipun Sang Yehuwah ing gesangipun. Manawi kita gatosaken Jabur116 kanthi wetah, kita saged mangertos bilih Juru Masmur ngaturakenpasambataipun dhumateng Sang Yehuwah, lan pasambatipun punika dipungatosaken dening Sang Yehuwah.Kita ugi nate punapa malah asring sesambat dhumateng Gusti. Kadospundi tanggapan kita samangsa pasambat kita kapyarsakaken, katilingakendening Gusti, nalika panyuwun kita kajurungan? Lan kados pundi samangsapanyuwun kita punika ketingalipun boten kapiyarsakaken, botenkatilingaken dening Gusti? Punapa kita tetep tresna dhumateng Gusti?Punapa kita badhe tetep nyaosaken pandonga pasambat kita dhumatengPanenenganipun? Punapa kita tetep pitados dhumateng Panjenenganipun?Punapa wujuding katresnan kita dhumateng Panjenenganipun?“Aku tresna marang Sang Yehuwah awit …” punika nelakakenlandhesan anggenipun Juru Masmur tresna dhumateng Sang Yehuwah,inggih punika pakaryanipun Sang Yehuwah ingkang karaosaken inggesangipun, kasaenananipun Sang Yehuwah awit sampun miyarsakakenpandonganipun. Kasaenan punapa kemawon ingkang sampun kita tampisaking Gusti? Katresnan kados punapa ingkang sampun kita aturakendhumateng Gusti awit kasaenanipun Gusti punika? Amin. |*WSMS
Rebo, 15 April 2026 Minggu Paskah II
Yunus 2:1-10; Jabur 114; Mateus 12:38-42 PRATANDHANING TIYANG KRISTEN“… lan mangka satemené kang ana ing kéné iki ngngkuli Nabi Yunus… lah mangka ing kéné iki, ana kang ngungkuli Sang Prabu Suleman!”(Yunus 1: 41, 43) Nyuwun pratandha sajakipun dados bab ingkang limrah ing gesang kitapadintenan. Contonipun, “Tandhane apa yen dheweke pancen loma?”“Tandhane apa yen dheweke bocah sregep?” lan sapiturutipun. Mekatenugi panyuwunipun ahli Toret lan tyang Farisi dhumateng Gusti Yesus. GustiYesus paring wangsulan ingkang ingkang nelakaken bilih ahli Toret lantiyang Farisi punika kalebet tiyang ingkang awon lan boten setya. Kanggetiyang-tiyang punika Gusti Yesus boten maringi pratandha, kejawipratandhanipun nabi Yunus lan ratu Syeba (ratu saking tanah kidul) ingkangngakeni kawicaksananipun Sang Prabu Suleman. Kejawi punika, Gusti Yesusugi ngendika bilih tiyang Niniwe ingkang mratobat lan ratu Syeba benjingbadhe ngadili para ahli Toret lan tiyang Farisi ingkang awon lan boten setyapunika. Dados, wonten sambetipun ing antawisipun pratandha kaliyantiyang ingkang awon lan boten setya punika.Gusti Yesus ngendika bilih namung wonten kalih tandha, inggih punikatandha nabi Yunus lan ratu Syeba ingkang ngakeni kawicaksananipun SangPrabu Suleman. Ewa-semanten, wonten pratandha ingkang pinunjul,ingkang ngungkuli nabi Yunus lan Sang Prabu Suleman, inggih punika GustiYesus Kristus piyambak. Gusti Yesus dados pratandha kangge sedaya tiyanging bab katresnanipun Gusti Allah ingkang kepareng milujengakenmanungsa.Kita sami sampun nampi pratandha pangapuntening dosa punika. Kitasedaya sampun nampi Gusti Yesus Kristus dados Juru wilujeng kita.Panjenenganipun sampun maringi kawilujengan laggeng dhateng kita.Punika wujuding pratandha ingkang paling ageng lan unggul ingkangkaparingaken dhateng kita. Boten wonten pratandha ingkang nglangkungikaunggulanipun Gusti Yesus. Punapa ingkang sampun kita tindakakenkangge nanggapi katresnanipun Gusti punika? Punapa kita sampun dadospratandha ingkang sae, ingkang trep kaliyan kersanipun Gusti ingkangsampun milujengakan kita? Sumangga sami nindakaken katresnan, awitpunika pratandhanipun tiyang Kristen. Amin. |*WSMS
Slasa, 14 April 2026 Minggu Paskah II
Yunus 1:1-17; Jabur 114; I Korinta 15:19-28 NEBIHI GUSTI“… sawuse mbayar wragading laku, banjur minggah ing prau,bebarengan karo wong kang menyang Tarsis,adoh saka pangayunane Sang Yehuwah”(Yunus 1:3) “Adoh saka pangayunane Sang Yehuwah” mekaten sinerat ing KitabYunus 1 ayat 3. Yunus ingkang sinebut nabi boten ngestokaken dhawuhipunSang Yehuwah, nanging malah nebihi Panjenenganipun Punapa sebabipun?Awit pamanggihipun beda utawi cengkah kaliyan penggalihanipun SangYehuwah. Dhawuhipun Sang Yehuwah boten damel jenjeming manahipunYunus.Kita saged ugi boten remen dhateng Yunus lan mastani bilih Yunuspunika nabi ingkang boten setya, ingkang namung nggega pikajengipunpiyambak, ingkang boten mbangun turut dhumateng Gusti ingkang paringdhawuh supados piyambakipun kesah dhateng Niniwe. Yunus endha lanngeneraken lampahipun dhateng Tarsis.Sajakipun bab punika saged kita bandhingaken kaliyan dhiri kitapiyambak. Nalika kita alit, kita asring dipun dhawuhi ibu utawi bapaktumbas barang ing wande, mangka kita nembe dolanan kaliyan kanca-kanca. Kita tampi dhawuh punika kanthi grenengan tandha bilih kita botenremen. Kita boten purun tumuju dhateng warung, nanging manggihi kanca-kanca wau lan nglajengaken anggen kita dolanan.Manawi kita raos-raosaken, lelampahanipun nabi Yunus punikangengetaken kita punapa ingkang nate kita lampahi. Kita nate malah sagedugi asring tumindak kadosdene Yunus, inggih punika mlajeng nebih sakingpangayunanipun Gusti, ingkang ateges nebihi Panjenenganipun. Kedahipunkita nindakaken dhawuhipun Gusti, nanging malah ngega pikajeng kitapiyambak. Kedahipun kita mbangun-turut dhumateng Panjenenganipun,boten malah nerak kersanipun Gusti. Sumangga kita sinau tansah tuhusetya netepi timbalanipun Gusti. Pitadosa bilih karsanipun Gusti punikatemtu adhedhasar katresnan saha kawicaksananipun ingkang agung.Sumangga sami nuladha Gusti Yesus ingkang ing sauruting gesangipuntansah ngestokaken dhawuhipun ingkang Rama. Amin. |*WSMS
Senen, 13 April 2026 Minggu Paskah II
Para Hakim 6:36-40; Jabur 114; I Korinta 15:12-20 KEBAK ING KABINGAHAN“… kang ngowahi parang dadi blumbang, tuwin watu kang atosdadi sendhang.“ (Jabur 114:8) “Ngewahi parang dados blumbang, lan sela dados sendhang” punikanelakaken panguwaosipun Gusti ingkang kebabar ing gesanging pra umat.Mila, kabetahaning manungsa ingkang pokok, inggih punika toya, sagedkacekapan, malah kabetahaning sedaya titah, awit tonya punika dipunbetahaken sanget dening manungsa, tetaneman, lan kewan.Jabur 114 punika ngengetaken umat tumrap lelampahanipun nalikamedal saking Mesir tumuju tanah prasetyan. Masmur punika sajakipunperanganing liturgi Paskah utawi kaserat adhedhasar liturgi Paskah.Masmur punika nelakaken kaelokan ing lelampahanipun bangsa Israelpunika. Sedaya titah (manungsa, seganten, bengawan, redi) sami sukarenamangayubagya bangsa Israel ingkang lumampah nglangkungi margi lanpapan ingkang dipun ambah. Juru masmur anggenipun nyariyosakenkawontenan punika saestu gesang: padha mencolot, padha lincak-lincak,padha lumayu. Punika saestu kawontenan ingkang mbingahaken, ingkangngremenaken.Kita punika para tiyang ingkang sampun kaluwaran dening Gusti Yesusingkang sampun seda lan wungu malih. Punika pakaryanipun Gusti ingkangmbingahaken, ingkang ngremenaken. Kados pundi anggen kita nampikasaenanipun Gusti punika? Punapa kita saged niru seganten lan bengawaningkang mlajeng lan mili menginggil, redi pencolotan kadosdene mendajaler lan lincak-lincak kados-dene cempe?Punapa gesang kita, manungsa, saged tansah kalimputan ing sukarenalan bingah-bingah? Punapa malah kalimputan ing kasisahan awitmomotaning gesang kita? Alam saged sukarena kados-dene manungsa,malah manungsa boten saged sukarena kados-dene alam ingkang dipungambaraken dening juru masmur? Punapa kita badhe negakaken gesangkita kabidhung ing sisah? Ing Gusti Yesus Kristus, Gusti Allah sampunnindakaken kasaenan. Mangga kita sami nampi kasaenanipun Gusti punikasrana gesang ingkang kawarna dening kabingahan, kebak dening sukarena.Amin. |*WSMS
Ahad, 12 April 2026 Minggu Paskah II
Lelakone Para Rasul 2:14a, 22-32; Jabur 16; I Petrus 1:3-9;Yokanan 20:19-31 TANSAH BINGAH“… padha bungah-bungaha, sanadyan ing wektu iki padha nandhangprihatin sawetara mangsa marga saka anane godha rencanawarna-warna” (1 Petrus 1:6) Punapa kita saged tansah bingah? Cetha mboten saged. Gesang punikasanes bab ingkang gampil, ingkang prasaja. Kados-dene kita mlampah ingradinan, margi ingkang kita langkungi punika mboten rata mboten alusnanging minggah-mandhap, menggak-menggok, nikung menengen, nikungmengiwa, aspalan, tanah lan sela, pasir lan sanesipun. Kangge lumampahing kawontenan ingkang kados mekaten punika dipun betahaken kekiyatan,kasabaran, pangraos ingkang landhep.Pasamuwan ingkang nampi serat saking rasul Petrus punika sanespasamuwan ingkang gesang kanthi sekeca lan tanpa gangguan, nangingsami ngalami godha rencana mawarni-warni minangka tiyang Kristen.Warganing pasamuwan punika gasang ing satengahing masyarakat ingkanggesangipun mboten tumata, ingkang taksih karem dhateng kanikmataningkadonyan. Tembungipun rasul Perus: mboten gesang ing salebetingkasucen. Pramila, pasamuwan ingkang sampun rinuwat saha kasucekakendening rahipun Gusti Yesus (ayat 2), kaparingan sih-palimirma. Inggihpunika ingkang nuntun pasamuwan nglajengaken lampahipun kanthibingah. Bingah awit wonten ing Sang Kristus gesanging pasamuwankatuntun dhateng kawontenan ingkang langkung sae.Ing saklebeting kita nglampahi gesang padintenan, temtu kathahpepalang lan sandhunganipun. Kathah panggodha ingkang arupi iming-iming, barang lan tontonan ingkang menginaken ingkang saged ndadosakenkita dhawah ing dosa. Rasul Petrus ngengetaken kita supados tansah gesanging salebeting kasucen awit kita sampun kasucekaken dening Gusti.Pepalang ingkang ngalang-alangi lampah kita temtu badhe saged kita atasiawit anggen kita pitados dhumateng Panjenenganipun ingkang sampunnucekaken gesang kita. Inggih ing ngriki kita badhe ngraosaken kabingahanpeparingipun Gusti. Gesang ing salebetng kabingahanipun Gustindadosaken kita tansah ngucap sokur kanthi bingah. Amin. |*WSMS
Setu, 11 April 2026 Minggu Paskah I
Mustikaning Kidung 8:6-7; Jabur 16; Yokanan 20:11-20 NGAYOM DHUMATENG GUSTI“Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa rumeksa dhateng kawula,amargi kawula ngayom dhumateng Paduka”(Jabur 16:1) “Kawula ngayom dhumateng Paduka” punika satunggaling pangakenbilih Gusti Allah, punika dados pangayomanipun Juru Masmur. Ing Bausasratembung “ayom” sami kaliyan “eyub” lan “ngaub” ingkang tegesipun dipunalingi-alingi lan dipun awat-awati. Juru Masmur ngakeni bilih Gusti Allahpunika ingkang ngaling-alingi saking sawernining bab ingkang ngganggu lanngawa-awati saking sawernining bebaya. Adhedhasar pangaken ingkangkados mekaten punika, Juru Masmur masrahaken gesangipun supadosdipun reksa dening Panjenenganipun. Pangreksanipun Gusti Allah dadospangajeng-ajengipun. Pangaken punika nuwuhaken koksekwensi. Ngakenibilih Gusti Allah pangayomanipun ateges boten masrahaken dhirinipundhateng ngasanes, kejawi namung dhumateng Gusti Allah.Ing gesang padintenan, asring pangaken lan tumindak kita beda, malahbebencengan. Kita ngakeni bilih bapak-ibu kita punika tiyang sepuh kita,nanging kita boten purun ngaosi lan nampi panggulawenthahipun. Kitangakeni bilih ingkang mulang kita ing kelas punika guru kita, nanging kitaboten purun nggatosaken piwulangipun. Mekaten ugi ing gesangingkapitadosan kita. kita ngakeni bilih Gusti punika panuntun kita,pangayoman kita, ingkang ngereh gesang kita, nanging kita gesang manutpikajeng kita piyambak, boten maelu dhateng pitedah lan panuntunipunGusti. Kita boten lumampah ing marginipun Gusti, nanging margi kitapiyambak. Kita mranata gesang kita piyambak, boten purun nampipangreksanipn Gusti, nampik pangrehipun Gusti.Kita sami ngakeni bilih Gusti Allah punika pangayoman kita kados-denepangakenipun Juru Masmur. Nanging punapa gesang kita saestu cundhukkaliyan pangaken kita punika? Nalika kita ngadhepi masalah, bebaya,panggodha lan sanes-sanesipun punapa kita ngayom dhumatengPanjenenganipun utawi dhateng bab sanesipun? Bab sanesipun punikasaged awujud dhiri pribadi, tiyang sanes, arta lan bandha kita. Mugi-mugikita tansah ngayom dhumateng Panjenenganipun. Amin. |*WSMS
