Purwaning Dumadi 49:1-2, 8-13, 21-26; Jabur 27:7-14; Lukas 1:67-79 GUSTI NUWENI“Pinujia Pangeran, Allahe Israel, sabab wis nuweni umatelan paring pangluwaran.”(Lukas 1:68) Pitembungan “Gusti mboten sare” punika satunggaling pitutur Jawaingkang ateges Gusti tansah nggatosaken saben titahipun, ing rinten dalahdalu, lan ing pundi kemawon. Pitutur punika ngengetaken dhateng kita bilihPanjenenganipun boten nate nilaraken gesang lan negakaken pagesangansaha ingkang dados kabetahaning gesang kita. Sanadyan kita piyambakkalamangsanipun ngraosaken kados-kados Gusti namung mendel mawonlan boten karsa nyembadani panyuwun kita ing pandonga. Nanging nyatanipunboten mekaten. Gusti Allah punika kagungan rancangan ingkang adi tumrap kita.Injil Lukas 1:68 punika peranganing pepujenipun imam Zakhariasaksampunipun anak prasetyanipun Gusti Allah lair ing jagad, inggih punikaYokanan. Mataun-taun, Zakharia lan umat Israel ngantu-antu babaringprasetyanipun Gusti bab rawuhipun Sang Mesih. Ananging ing pangantu-antu ingkang lami wekdalipun punika, sampun kathah ing antawisipunbangsa Israel ingkang lajeng kendho lan rumaosipun Gusti Allah sampunnyupekaken umatipun. Nalika anakipun lair, Zakharia kanthi bingah memujilan ngluhuraken asmanipun Gusti; piyambakipun ngakeni bilih Gusti Allahboten nate nilar umat kagunganipun.Lelampahan punika ngengetaken dhateng satunggaling tiyang ingkangnama George Frideric Handel (1685–1759), komponis ingkang kawentar.Nalika ngancik yuswa 52 taun, Handel ngalami bangkrut lan nandhang sakitingkang awrat. Piyambakipun rumaos bilih gesangipun sampun ngancik ingpungkasanipun, tiyang kathah ugi sampun mastani bilih Handel botenbadhe saged pulih malih. Ananging Gusti Allah ngewahi gesangipun,lumantar rencang raketipun Charles Jennens, Handel saged akaryaMahakarya Musik ingkang agung inggih punika “Messiah.”Mbokbilih kita ugi nate ngalami perkawis ingkang mekaten. Sumanggatansah kebak ing pangajeng-ajeng, awit Gusti Yesus piyambak ingkangbadhe nuweni umatipun lan paring pangluwaran. Gusti Allah boten natesare, namung nembe ngrancang ingkang langkung sae kangge gesang kita. |*IAS
Slasa, 27 Januari 2026 Minggu Limrah
Para Hakim 7:12-22; Jabur 27:7-14; Filipi 2:12-18 LAKONANA TANPA PANGGRUNDEL“Lakonana samubarang kabeh kalawan tanpa panggrundel lan suwala”(Filipi 2:14) “Narima ing pandum,” punika satunggaling bebasan Jawa ingkangnggadhahi teges nampi punapa kemawon kanthi ekhlas lan kebak ing pangucapsokur. Narima ing pandum punika sikep purun nampi punapa kemawoningkang sampun kaparingaken dening Gusti. Bebasan punika memulangsupados kita boten gampil nggresula utawi ngundhamana nalika ngadhepikawontenan ingkang awrat, ananging saged nampi kanthi manah ingkangwiyar lan pitados bilih Gusti badhe tansah nyawisi ingkang linangkung saeing gesang punika.Bebasan punika trep kados ingkang kapangandikakaken ing serat Filipi2:14. Ayat punika minangka perangan pituturipun rasul Paulus dhatengpasamuwan ing Filipi kadospundi prayoginipun gesang minangkapepadhanging jagad. Ing ngriku rasul Paulus nandhesaken sikeping manahlan tataning gesang ing salebeting nglampahi gesang minangka tiyangKristen. Ingkang sepisan, “lakonana samubarang kabeh”, punika nelakakenbab nindakaken tanggel jawab ing sadhengah kawontenan, sae punika ingsesambetan kaliyan tiyang sanes, ing salebeting nyambut damel lan nalikanindakaken paladosan. Pasamuwan kedah saged nedahaken tanpa pilih-pilih ing salebeting pambangun-turut lan paladosan. Sedaya ingkangkatindakaken adhedhasar kasetyan nuhoni timbalanipun Gusti.Kaping kalih, “tanpa panggrundel”. Tembung panggrundel ing basa Yunanikasebat goggusmos ingkang tegesipun nggresula, sambat utawi boten sagednampi kanthi bingah tumrap sadhengah kawontenan ingkang dipun adhepi.Panggrundel punika asring dados tandha bilih tiyang punika dereng sagednelakaken agenging kapitadosan lan panampinipun tumrap kersanipunGusti, kadosdene ingkang dipun lampahi dening bangsa Israel ing ara-arasamun (Wilangan 14:27).Manawi kita gesang lan nindakaken samukawis kanthi tanpa pilih-pilihlan tanpa panggrundel, mesthi sedaya badhe karaosaken langkung enthenglan sekeca dadosa tumrap gesang pribadi punapa dene dhateng sesami. Pramila,sumangga sami nglampahi gesang lan nindakaken ayahan tanpa nggrundel.Gusti amberkahi. |*IAS
Senen, 26 Januari 2026 Minggu Limrah
Para Hakim 6:11-24; Jabur 27:7-14; Efesus 5:6-14 PUTRANING PEPADHANG“Pancen, biyen kowe iku dadi pepeteng, nanging saiki kowedadi pepadhang ana ing Gusti. Mulane lakumudikaya putra-putraning pepadhang,”(Efesus 5:8) Wonten satunggaling paseksi saking artis musik Country inggih punikaJohny Cash (1932-2003). Johny Cash kawentar minangka penyanyi ingkangnggadhahi bakat ing jagading musik Country. Ananging amargi kawentarpunika ingkang njalari Johny Cash kedlarung ing Narkoba, remen mendem,lan gesang ingkang pepeteng sanesipun. Raos gumantung dhateng alkohollan Narkoba ngrisak gesangipun, padamelanipun lan sesambetaningbrayatipun. Awit boten saged uwal, ngantos Johny Cash kepengin mungkasigesangipun. Ing guwa Nickajack ing celaking lepen Tennessee,piyambakipun sengaja mlebet lan milih kesasar supados kerapan sahadangu-dangu pejah. Ing guwa ingkang sangsaya peteng punika, Johny Cashngraosaken Gusti Allah rawuh lan nuntun piyambakipun medal sakingguwa. Wiwit saking punika, piyambakipun nilar sedaya tumindak ingkangmblasar; piyambakipun ngandika: “kula kinten kula sampun nilarPanjenenganipun, nyatanipun Gusti boten nilar kula.” Saking pengalamanpunika Johny Cash lajeng nyerat nyanyian rohani kados “I Walk the Line” lan“The Man Comes Around”.Ing serat Efesus 5:8 rasul Paulus ngengetaken dhumateng kita babewahaning gesang ingkang langkung sae saksampunipun kita nampi SangKristus. “… biyen kowe iku dadi pepeteng, nanging saiki kowe dadipepadhang ana ing Gusti. mulane lakumu dikaya putra-putraningpepadhang.” Rumiyin kita gesang ing pepeteng, lan kawengku ing dosa lanpratingkahe jagad ingkang ngrisak. Ananging saksampunipun nampi SangKristus, gesang kita kawengku ing pepadhang. Sedaya karaosakenbingahaken lan nentremaken. Ewahaning gesang ingkang mekaten botennamung kita tampi ing manah kita ananging ugi ing lampahing gesang kita.Pramila kados ingkang kapangandikakaken dening rasul Paulus, minangkaumatipun Gusti, kita tansah nglampahi gesang kados putra-putraningpepadang. Inggih putraning Allah ingkang tansah nyunaraken kamulyanipunGusti tumrap sesami. |*IAS
Ahad, 25 Januari 2026 Minggu Limrah (Hari Literasi TPK)
Yesaya 9:1-4; Jabur 27:1, 4-9; I Korinta 1:10-18; Mateus 4:12-23 AJA ANA PASULAYAN“… marga saka Asmane Gusti kita Yesus Kristus, kowe kabeh dipadhasaiyeg sarta aja nganti ana pasulayan ing antaramu; nanging kowepadha raket-rukuna, tunggal budi sarta tunggal pangrasa.”(1 Korinta 1:10) Wonten bebasan Jawi ingkang mekaten: “Rukun agawe santosa, crahagawe bubrah.” Tegesipun, pirukun badhe dhatengaken kekiyatan, denecrah badhe njalari bubrah. Saben tiyang ingkang gesang mesthi kepengingesangipun tansah rukun lan tentrem. Kados bebasan punika, rasul Paulusparing pitedah ingkang sami ing 1 Korinta 1:10. Rasul Paulus paringpepenget dhateng pasamuwan ing Korinta supados saged gesang ingsalebeting tetunggilan ingkang rukun lan nyingkiri tumindak ingkangdhatengaken pasulayan saha njalari bubrahing pasamuwan. Awit GustiYesus nimbali pasamuwan saged mujudaken katresnanipun.Nalika semanten, pasamuwan ing kitha Korinta kapisah-pisah dadospinten-pinten kelompok ingkang sami ngakeni ngetut pimpinaningpasamuwan ingkang beda-beda kados Paulus, Apolos, Kefas (Petrus) lan ugiSang Kristus (1 Korinta 1:12). Kapisah-pisahipun golongan punika lajengnjalari tuwuhing crah ing satengahing pasamuwan. Ningali kawontenaningkang mekaten rasul Paulus ngemutaken bilih gegelitaning badanipunSang Kristus punika boten saged kabagi-bagi. Mila kedahipun, sedaya samisaiyeg sampun ngantos regejegan, malah kepara sami raket rukun, tunggalbudi sarta tunggal pangraos.Bebasan “Rukun agawe santosa” punika ngemutaken bilih kekiyataningpasamuwan punika manawi sami saiyeg lan mujudaken patunggilaningkang nengsemaken. Nalika pasamuwan sami nunggil sesarenganmujudaken katresnanipun Gusti lan nindakaken timbalanipun; sanadyanngadhepi rubeda lan bilai boten badhe gampil kawon lan semplah.Kosokwangsul, menawi pasamuwan lampahipun namung regejegan, kebaking pasulayan, pasamuwan boten badhe tentrem lan majeng ingpeladosanipun.Pramila menawi wekdal punika, pasamuwan-pasamuwanipun Gustiremen regejegan, prelu panjenengan emutaken kanthi katresnan. Supadoswangsul malih ing katresnanipun Gusti Yesus ingkang sejati. |*IAS
Sabtu, 24 Januari 2026
I Samuel 15:34-16:13; Jabur 27:1-6; Lukas 5:27-32 SUPAYA PADHA MRATOBAT“TekaKu ora ngundang wong sampurna,nanging wong dosa, supaya padha mratobat”(Lukas 5:32) Clive Staples Lewis (1898–1963), sakderengipun dados tiyang Kristening tahun 1931 lan mlebet ing pasamuwan Gereja Inggris, piyambakipunboten pitados dhateng Gusti Allah alias Atheis. Piyambakipun kapenuhaning raos mangu-mangu lan nampik iman Kristen. Punapa malih ibukipuntilar donya nalika piyambakipun nembe umur 9 taun, dados boten wonteningkang nggulawenthah lan nuntun dhateng Gusti. Ananging ing lampahinggesangipun, penulis Novel The Chronicles of Narnia punika lajeng ngraosakenbilih Gusti Allah punika nyata lan katresnanipun ugi kaparingken tanpamawang tiyang.Ing bukunipun “Surprised by Joy” Lewis nyariosaken kadospundikatresnanipun Gusti ngrengkuh piyambakipun ingkang asring nglirwakakentimbalanipun. Saksampunipun ngraosaken piyambak katresnanipun SangKristus, Lewis mratobat lan gesangipun karaosaken benten. Piyambakipunngraosaken langkung binerkahan. Sangsaya kasagedaken nglairakenseratan ingkang ngukuhaken imanipun, buku ingkang kawentar sanesipuninggih punika “Mere Christianity.”Gesangipun lewis punika dados bukti boten wonten tiyang ingkangtebih ing panjangkunging katresnanipun Gusti Yesus. Astanipun Gustitansah tinarbuka nimbali lan nampi sinten kemawon ingkang purunmratobat, miwiti gesang anyar, purun ndherek panjenenganipun lannindakaken timbalanipun. Kados ingkang sinerat ing Lukas 5:32 “TekaKu orangundang wong sampurna,nanging wong dosa, supaya padha mratobat”.Gusti Yesus rawuh ing jagad punika kangge tiyang-tiyang kados C.S. Lewis,kula lan panjenengan, ingkang sewau boten pitados dhateng Gusti.Ananging Gusti sampun kersa milih lan paring kanugrahan ing gesang kitasami. Begja tumrap kita ingkang purun mratobat, lumebet lan nampisihipun Gusti ing gesang. Kita punika tiyang ingkang boten sampurna, tiyangcacat ing pangraos, pangertosan bab sampurnanipun Gusti. Anangingkanugrahanipun sampun ngewahi gesang kita. |*IAS
Jemuwah, 23 Januari 2026 Minggu Limrah
I Samuel 9:27-10:8; Jabur 27:1-6; Galati 2:1-10 AKU NGANDEL“Sanyata aku ngandel yen bakal nyumurupi kabecikaning Yehuwahana ing bumining wong urip!”(Jabur 27:13) Uskup Gereja ing Smirna (sakpunika kasebat Izmir ing Turki) asmanipunPolikarpus, ingkang gesang ing abad 2. Polikarpus gesang ing satengahingkawontenan nalika tiyang Kristen ngadhepi panganiaya ingkang awrat.Nalika semanten Polikarpus ugi kacepeng lan aben ajeng kaliyan ancamanpaniksa lan badhe dipun obong. Piyambakipun kapurih milih, selak dhumatengGusti Yesus supados nyawanipun wilujeng punapa kosokwangsulipun.Polikarpus kukuh ngandika: “Kula sampun ngladosi Gusti ngantos 86 taun,Panjenenganipun boten nate nindakaken bab ingkang awon dhateng kula.Kadospundi kula saged nyenyamah Sang Ratuning gesang ingkang sampunparing kawilujengan dhateng kula?” ngantos dipun pejahi, Polikarpus botenpurun nyelaki Gusti Yesus.Jabur 27:13 punika ngemot pangakening imanipun Dawud ing satengahingpameteg lan kawontenaning gesang ingkang tanpa pepesthen. Nalikanipunngadhepi mengsah ingkang nguya-uya, pangancam ing kiwa tengenipun.Dawud boten ajrih, ananging milih tetep pitados dhateng panguwaosipunGusti Allah. Kapitadosanipun Dawud boten kalandhesaken saking kawontenaningkang tansah ewah, ananging saking keyakinan bilih Gusti ingkang dipunsembah punika Gusti Allah ingkang setya lan kersa mbabaraken kasaenan. GustiAllah punika Allah ingkang kebak ing katresnan, sih palimirma lan asih welas.Mbokbilih kita asring ngadhepi kawontenan ingkang mekaten ngantoskita ngraosaken kapeteg lan kecalan ing pangajeng-ajeng. Karana Gustikaraos dereng kersa mitulungi sedaya perkawis ingkang dipun adhepi.Namung ayat punika ngengetaken bilih kasaenanipun Gusti Allah botennamung sesambetan kaliyan raos lan kawontenan ing kiwa tengan,ananging sambet kaliyan katresnanipun Gusti ingkang boten nate ewahgingsir. Kita tinimbalan supados tansah pitados dhumateng kasaenanipunGusti ing satengahing gesang ingkang awrat lan prihatos. Mbokbilih kitadereng nampi pangluwaran saking Gusti, ananging iman kita kedah teteppitados bilih Gusti mesthi badhe kersa mitulungi. |*IAS
Kemis, 22 Januari 2026 Minggu Limrah
I Samuel 1:1-20; Jabur 27:1-6; Galati 1:11-24 SANADYAN SEDIH TETEP NYUWUN“Lan kalawan ati kang sedhih Hana nyenyuwun marang Sang Yehuwah,kambi nangis senggrak-senggruk”(1 Samuel 1:10) George Müller (27 September 1805), satunggaling pendeta sakingInggris ingkang kawentar awit imanipun ingkang ageng ing salebetingdedonga. Muller ngadegaken panti asuhan ingkang nampung ewonan anakyatim tanpa nate nyuwun sumbangan sacara langsung dhateng sintenkemawon. Ing sawijining dinten, nalika kabetahaning tedhan lan danasampun mepet, Muller lajeng jengkeng dedonga lan nyuwun dhumatengGusti. Boten dangu, tukang roti thothok-thothok maringi roti. Kasusulwonten tukang susu ingkang ugi dhateng lan maringaken susu, amargikeretanipun risak celak panti asuhan punika. Kawontenan punika saben-saben dipunadhepi dening Muller, ananging saben-saben ugi piyambakipundedonga lan kumandel dhumateng Gusti Yesus.Saben tiyang nate ngalami mangsa ingkang rekaos dipun adhepi landipun lampahi, manah rempu lan perih, gesang karaos awrat. Anangingsanadyan awrat, paseksinipun Hana ing 1 Samuel 1:10 ngengetakendhateng kita sedaya, bilih kita kedah ngendelaken Gusti Allah, sumendhepasrah kambi nyenyuwun dhateng Gusti kanthi adreng. Temah kanthikapitadosan ingkang ageng Gusti kersa nyembadani. Hana rekaos lan sakitmanahipun awit sampun sawetawis wekdal bebrayatan dereng dipunparingi momongan, punapa malih semahipun, Elkana gadhah semah sanesingkang nami Penina. Penina asring nyakiti manahipun, ngece dirinipunminangka pawestri ingkang gabug. Manahipun sedhih lan prihatos sanget,sanadyan mekaten Hana boten semplah. Kanthi raos sedhih punika Hanakesah dhateng Silo, dedonga lan nyuwun dhumateng Sang Yehuwah ingdalemipun Gusti. Ing ngriku sedaya ingkang karaosaken, kaesokakendhateng Gusti. Piyambakipun boten nutupi raos sakiting manah lan mbotenethok-ethok kiyat, kanthi jujur matur dhumateng Gusti. Tuladha ingkangmekaten ingkang kedah kita wujudaken ing gesang nalika ngadhepipraharaning gesang. Senadyan sedih tetep pitados lan nyuwun Gusti,mesthi Gusti badhe mitulungi lan nyembadani. |*IAS
Rebo, 21 Januari 2026 Minggu Limrah
Yesaya 48:12-21; Jabur 40:6-17; Mateus 9:14-17 AKU DIENTASAKE“Aku dientasake saka luwenging bilai, lan saka ing bladhering rawa,sikilku banjur didegake ana ing parang, jangkahku dikukuhake.”(Jabur 40:3) Horatio Gates Spafford, punika ingkang nyerat himne “It Is Well withMy Soul” (NKB 195 Kendati Hidupku Tentram). Spafford satunggalingpengacara ingkang kawentar lan kasil ing kitha Chicago. Ananging ngalamireribeding gesang ingkang ageng ing gesangipun. Ingkang sepisankelampahan ing taun 1871, nalika rajabrananipun telas awit katut kobonging kitha Chicago. Ingkang kaping kalih, ing tahun 1873, sekawan anakipunestri kleleb ing seganten awit kacilakan kapal nalika badhe layar pinujubenua Eropa. Begjanipun, garwanipun wilujeng, saengga Spafford sagednusul lan manggihi garwanipun. Ing tengah-tengahing lampahing kapalingkang dipuntumpangi lan ing pundi anak-anakipun sami tilar, Horationyerat seratan ingkang kawentar dados lagu rohani punika “When peacelike a river, attendeth my way…”Manahipun Spafford rempu, luhipun dleweran ing pipinipun, anangingsaged nampi kasunyatan ingkang pait, awit panglipuripun Gusti langkungageng katimbang raosing manahipun ingkang sungkawa. Malah sakingkawontenan ingkang mrihatosaken, Gusti maringi “nyanyian enggal” ingmanahipun, ingkang ing tembenipun lagu punika dados berkah kanggetiyang kathah kalebet kula lan panjenengan.Sinten tiyang ingkang gesang, ingkang mboten ngadhepi kaprihatosanlan kasangsaran? Sedaya manungsa ing jagad punika mesthi nggadhahipanandhang, sanadyan bobotipun benten-benten. Ananging ingkangbaken, nalika ngadhepi kasangsaran ingkang awrat, kita kedah tetepmbudidaya ngraos-raosaken sepinten agenging sih kanugrahanipun Gustiing gesang kita. Kadosdene ingkang kaserat dening Juru Masmur “Akudientasake saka luwenging bilai, lan saka ing bladhering rawa, sikilku banjurdidegake ana ing parang, jangkahku dikukuhake” Punika paseksinipunprabu Dawud ingkang tansah karimat lan kalipur dening Gusti. Semantenugi kita sedaya ingkang nembe ngraosaken panandhang, Gusti mesthi badhemitulungi lan paring kekiyatan ing gesang sauger kita tansah pitados. |*IAS
Slasa, 20 Januari 2026 Minggu Limrah
Yesaya 53:1-12; Jabur 40:6-17; Ibrani 10:1-4 GUSTI SAMPUN NANGGEL“Mangka sanyatane lelara kita kang disanggi lan kasangsaran kita kangdirembat, ewasemono kita padha ngira Panjenengane iku kena ing ipat-ipat, kagebag tuwin katindhes dening Gusti Allah”(Yesaya 53:4) Corrie ten Boom punika satunggaling pawestri Kristen saking negariWalandi (15 April 1892) ingkang ngalami kasangsaran ageng nalika kinunjaraing kamp konsentrasiNazi jaman Perang Dunia II. Sesarengan kaliyan brayatipun,Corrie karangket awit sampun ndhelikaken tiyang-tiyang Yahudi sakingpanguya-uyanipun prajurit Nazi.Ing Kamp punika, piyambakipun asring ngraosaken keluwen, katindheslan panganiyaya. Ing kamp punika ugi, piyambakipun kecalan mbakyunipuningkang dipuntresnani nami Betsie. Ananging sakderengipun Betsie tilardonya, taksih saged paring piweling dhateng Corrie “Ora ana jogangan kangjero nganti sih katresnanipun Gusti ora bisa jangkung”. Piweling punikamaringii kekiyatan dhateng Corrie ten Boom.Nalikanipun Corrie ten Boom ngadhepi kawontenan ingkang awrat,piyambakipun manggihaken agenging panglipur saking Sang Kristus. Piyambakipunngrumaosi bilih namung Gusti Yesus ingkang kuwaos paring kekiyatan lanmitulungi ing salebeting manggul sesakit lan ajrih ingkang karaosaken.Malah saksampunipun Corrie ten Boom luwar saking pakunjaran punika,piyambakipun kasagedaken paring pangapunten dhateng para prajuritingkang nate nganiaya piyambakipun lan brayatipun.Cariyos bab lelampahanipun Corrie ten Boom punika nedahakenkayekten saking kitab Yesaya 53:4. Nabi Yesaya paring pameca bilih Sang Mesihbadhe nanggel kasangsaranipun lan pisakitipun manungsa. Lan punika saestukebabar. Gusti Yesus boten namung nanggel saben dosa kita ing kajengsalib, ananging ugi kersa nanggel saben tatu, kasedhihan lan raos sakit kita.Nalikanipun Gusti Yesus sinalib, Panjenenganipun nanggel saben kasangsarankita supados kita nampi pangluwaran saking kasangsaran ingkang sejatosipunkita sanggi. Minangka umatipun Gusti, kita mesthi badhe nampi kasangsaranawit pitados kita dhateng Gusti. Ananging menawi kita tansah kukuh lan ngedalakenwohing kapitadosan kita, Gusti badhe tansah ngiyataken gesang lanpagesangan kita. |*IAS
Ahad, 18 Januari 2026 Minggu Limrah
Yesaya 49:1-7; Jabur 40:1-11; I Korinta 1:1-9; Yokanan 1:29-42 KANDHAKNA“Dhisiki Andreas ketemu karo Simon, sadulure, banjur dikandhani:“Aku wus padha ketemu karo Sang Mesih (tegese: Kristus).”(Yokanan 1:41) Kados ingkang kaserat ing Injil Yokanan, Andreas punika satunggalingmurid ingkang wiwitan tinimbalan dening Gusti Yesus. Saksampunipunpepanggihan kaliyan Gusti Yesus lan mangertos bilih Gusti Yesus punikaSang Mesih, Andreas sanget bingahipun. Saklajengipun ingkang dipunlampahi dening Andreas inggih punika manggihi Simon lan matur: “Aku wuspadha ketemu karo Sang Mesih”. Manah ingkang bingah sanget awit sampunmanggihaken Sang Juruwilujeng njalari kabereg atur paseksi ngaturakenkabar kabingahan dhateng tiyang sanes.Asring kita ngalami perkawis ingkang sami, nalikanipun kita manggihakenbab utawi ngraosaken kawontenan ingkang endah lan aji saha kepinginnyariosaken dhateng tiyang sanes. Kadosdene ingkang katindakaken inglampahing gesangipun Andrew Carnegie, satunggaling pengusaha ingkangsukses ingkang kawentar minangka Raja Baja ing Amerika Serikat.Saksampunipun nggayuh sedaya ingkang dipunpingini, Carniege rumaostinimbalan ngginakaken raja brananipun dados berkah tumrap tiyang sanes.Piyambakipun lajeng mbangun perpustakaan, Universitas lan lembagapendidikan ing saindeing jagad, awit piyambakipun pitados bilih ilmu punikadados raja brana ingkang perlu kabagekaken.Semanten ugi bab punika ngengetaken dhateng kita ingkang sampundherek Gusti Yesus, nampi sih kanugrahan, kabingahan lan kawilujengan.Peparingipun Gusti sampun ngantos kita sidhem lan kaginakaken piyambak.Kuwajiban kita nyariosaken pakaryanipun Gusti dhateng sinten kemawon.Kabingahan ingkang saking Gusti boten namung kangge dhiri kita pribadi,ananging ugi kedah kawartosaken lan kaparingaken dhateng sesami. Andreaskanthi bingah mbekta Simon dhumateng Gusti Yesus supados Simon ugingraosaken karahayon kados ingkang sampun karaosaken. Kita sami keberegmartosaken kabar kabingahan lan nyariosaken dhateng sesami bab Gustikita Yesus Kristus. Kawilujengan sampun kebabar ing gesang kita, mila kitaugi kedah mbabaraken kawilujengan dhateng sesami. |*IAS
