Lelakone Para Rasul 3:12-19; Jabur 4; 1 Yokanan 3:1-7; Lukas 24:36b-48 SAMPUN NGANTOS WAS-SUMELANG“Kowe padha Daktinggali tentrem-rahayu. Tentrem rahayuKuDakwenehake marang kowe lan apa kang Dakwenehake iku ora kayapawewehe jagad marang kowe. Atimu aja melang-melang”(Yokanan 14:27 ) Sedaya tiyang temtu nggadahi raos was sumelang utawi kuwatos.Kados dene para sekabat ing Injil Yokanan 14, ing wekdal semanten rumaosmelang-melang awit badhe tinilar dening Gusti Yesus. Sinaosa Panjenenganipunngendika menawi badhe rawuh malih manggihi para sekabat, ewasemantentetep kemawon taksih sami gadhah raos sumelang.Ningali awrating ayahan ingkang kedah dipun rampungaken, limrahmenawi para sekabat lajeng alit ing manah, sami nyumalengaken nasibipuning tembe. Pramila Gusti Yesus lajeng ngendika paring panglipuran, “atimuaja melang-melang”. Salajengipun ugi ngiyataken para sekabat, “Daktinggalitentrem-rahayuKu”. Wujudipun inggih punika Roh Suci, Juru Panglipur. ( ay.26).Sang Roh Suci, Rohing Panglipur ingkang badhe dedalem ing gesangipunpara sekabat. Dados mitra ingkang nyarengi lampahipun para sekabat salebetingnyariosaken bab katresnan lan kasaenanipun Gusti ingkang milujengakenmanungsa. Roh ingkang ngiyataken para sekabat ing karingkihanipun. Temahanpara sekabat boten perlu was-sumelang kangge lumampah nindakakenayahan lan dhawuhipun Gusti.Saestu sabda wau dados dilahing gesang kita sami. Sumangga kita tetepteguh ing pitados bilih prasetyanipun Gusti mesthi dipun tetepi; inggih punikaprajanji paring Juru Panglipur ingkang nenuntun, ngiyataken lan mbombongkita. Mila sampun ngantos alit ing manah, nguwatosaken kawontenaninggesang ing tembe. Temtu kemawon sedaya pandamel kagem kaluhuranipunGusti… boten kok pandamel ingkang namung mentingaken dhiri kanggekaperluaning dhiri. Amin. |*BP
Jemuwah, 08 Mei 2026 Minggu Paskah V
Purwaning Dumadi 7:1-24; Jabur 66:8-20; Lelakone Para Rasul 27:13-38 SUKA BINGAH KRANA PAKARYANIPUN ALLAH“Padha majua waspadakna pakaryane Gusti Allah; ngebat-ebatikang ditandukake marang manungsa. Segara diwalik dadi dharatan,wong padha lumaku dharat nyabrang bengawan”(Jabur 66:5-6) Tumrap bangsa Israel lampahipun nyabrang ing bengawan Teberau nalikamedal saking tanah Mesir saestu nggeterakan manah. Lelampahan elokpunika tansah dipun gunggung, dipun dadosaken pratandhaning pitados bilihGusti Allah saestu Mahakwasa lan Mahatresna. Mila juru mazmur nganggitkekidungan ngluhuraken Allah “He salumahing bumi,padha surak-surakakagem Gusti Allah; Kamulyane asmane padha kidungna”(ay.1,2).Kanthi gamblang Juru Mazmur ngajak umatipun Allah sami nggatosakenpakaryanipun Allah ingkang elok lan ngedab-edabi. Segara dipun piyaktemahan umat saged lumampah nuju sabranging segara. Lelampahan punikadipun engetaken malih dening Juru Mazmur supados umat sami migatosakenkanthi saestu ing bab katresnanipun Allah, lajeng samia ngluhuraken Allahingkang ngedab-edabi pakaryan lan panguwaosipun.Kaelokaning pakaryanipun Allah boten winates karaosaken namungdening umat rikala jaman semanten, nanging kelampahan ugi ing jamansapunika, malah ugi ing gesang kula lan pajenengan sami. Mirungganipunnalika kita kedah ngadhepi maneka warni panandhang lan perkawising gesang.Panjenenganipun kepareng makarya nelakaken kaelokaning pakaryanipunwonten ing gesang kita sami.Awit saking punika sumanga kita tansah suka bingah, tansah ngunjukakenpanuwun lan raos syukur dhateng Allah krana sih katresanipun. Ugi sumanggatansah mbangun turut ing sadhawuhipun Allah supados lestari nampikabingahan kanugrahaning Allah. Kita saged lestari ngraosaken kasampurnaningkawilujengan saking Allah. Amin. l*BP
Kemis, 07 Mei 2026 Minggu Paskah V
Purwaning Dumadi 6:5-22; Jabur 66:5-22; Lelakone Para Rasul 27:1-12 NGUDIA GESANG PRAYOGI“Gusti Allah tumuli ngandika marang Rama Nuh: Ingsun wus mutusbakal mungkasi uripe makhluk kabeh,marga bumi wus padhadikebaki panganiaya; mulane bakal Sunsirnakake bareng karo bumi”(Purwaning Dumadi 6:13) Kita sami sampun paham cariyosipun nabi Nuh. Nalika Gusti Allah pirsabilihkawontenaning gesangipun titah risak jalaran polah mblasaripun manungsa,Allah paring paukuman dhateng bumi saisinipun sarana banjir ageng ingkangngelebi jagad-rat. Ingkang wilujeng namung nabi Nuh lan brayatipun sahasawetawis jinising kewan ingkang mlebet ing prau yasanipun Nuh.Lelampahan wau estunipun nelakaken bab kawicaksananipun Allah.Krana pamblasaripun manungsa awit saking dosanipun,sedaya titah botenndadosaken renaning panggalihipun Allah. Kangge mungkasi pamblasaripunmanungsa lan ngrimati jagad saisinipun, Allah lajeng ndhawahaken paukumandhateng manungsa lan sedaya titah. Allah ndhatengaken banjir patopan,ngelebi bumi saisinipun, ngukum manungsa lan sedaya isining bumi. KarsanipunAllah makaten punika estunipun wujud kawicaksananipun Allah.Kawicaksananipun Allah kacihna anggenipun milujengaken nabi Nuhsabrayatipun lan sato kewan sajodho-sajodho lantaran sami kadhawuhanmlebet prau. Punika nedahaken bilih Allah boten ngersakaken sedaya titahtumpes. Allah tetep setya ngrimati titahipun, srana milih lan milujengakensawetawis titah ( Nuh sabrayat lan kewan saha tetuwuhan sacekapipun).Ancasipun inggih kangge nglestantunaken titah ing tembenipun.Kita nampi piwucal bilih Gusti Allah saklangkung tresna dhumatengtitahipun. Katresnanipun Allah boten namung wujud ngrimat lan mberkahinanging ugi wujud paukuman krana pamblunthahipun manungsa. Pramilasumangga teguh ing pangandel karimat lan binerkahan dening Allah, nanging ugiterus anggadhahi sikep lan tumindak nebihi lampah dosa. Amin! |*BP
Rebo, 06 Mei 2026 Minggu Paskah V
Wulang Bebasan 3:13-18; Jabur 66:5-22; Yokanan 8:30-38 MARDIKA KANG SEJATIManawa kowe padha ngantepi ing pituturKu, kowe sanyatapadha dadi siswaKu, sarta bakal padha mangerti ing kayekten,lan kayekten iku kang bakal mardikake kowe”.(Yokanan 8:31-32) Tembung mardika limrahipun dipun mangertosi minangka lampahinggesang ingkang boten dipun reh dening tiyang utawi bangsa sanes utawikablenggu dening awrating padamelan. Kados bangsa kita ingkang sampunmardika, uwal saking panindhesing bangsa Welandi.Waosan dinten punika nyariosaken pirembaganipun Gusti Yesus kaliyantiyang Kristen asal Yahudi bab kamardikan. Tiyang Yahudi nggadahi pemanggihbilih piyambakipun sampun mardika awit tedak turunipun Abrahan ingkangmboten nate dipun reh lan ngawula dateng bangsa sanes. Nanging Gusti Yesusmucalaken menawi mardika punika mboten namung uwal saking panindesingbangsa sanes.Gusti Yesus ngandika bilih mardika punika wujuding gesang ingkang luwarsaking pangrehing dosa. Dene tiyang badhe saged luwar saking pangrehingdosa sauger pitados dhateng piwucalipun Gusti Yesus, menawi Panjenenganipunpunika Juruwilujeng ingkang kuwaos ngapunteni dosa. Salajengipun botennamung kandeg ing pitados,piwucalipun Gusti punika kedah dipun antebi,dipun lampahi wonten ing gesang padintenan.Sinau saking waosan dinten punika kita saged mangertos menawi mardikapunika boten namung wujuding gesang ingkang uwal saking panindesingtiyang utawi bangsa sanes kemawon. Mardika ugi nggadahi teges boten purunmalih kacencang ing panguwaosing dosa lan pati, ngendani pangrengkuhingpiawon, lan namung mituhu dumateng kersanipun Gusti.Dene kamardikan sejati punika saged kagayuh sauger kita setya ingiman lan nindakaken dhawuhipun Gusti. Mardika kang sejati punika saneskesempatan kangge nglampahi dosa, ananging kangge nindakaken dhawuhipunGusti. Amin. |*BP.
Slasa, 05 Mei 2026 Minggu Paskah V
Wulang Bebasan 3:5-12; Jabur 102:11-17; Lelakone Para Rasul 7:44-56 BINGAH SUMRINGAH“Aja rumangsa pinter dhewe, wedi lan asiha marang Sang Yehuwahlan ngedohana piala, iku kang bakal marasake awakmu,sarta nyegerake balung-balungmu”(Wulang Bebasan 3:7-8) Kathah para sepuh utawi warga Adiyuswa ingkang sami ngudarasa “balung-balung padha pegel kabeh….wis ora bisa mlaku rikat, lsp”. Punika limrahawit yuswa ingkang sampun sepuh, kawontenaning badan ugi sangsaya ringkihlan winates. Lajeng nalika pepanggihan kaliyan rencang sabarakanipun samidene nglelipur, srana rengeng-rengang ngidungaken “hati yang gembiraadalah obat”, kados pratelanipun Wulang Bebasan 17: 22 ”Ati kang bingarminangka obat kang manjur”. Punapa leres manah ingkang bingah punikasaged dados tamba ingkang manjur tumraping gesang kita?Piwucal dinten punika nyebataken menawi kasarasan lan segeringsarira kelampahan awit tiyang boten rumaos pinter piyambak, tiyang ajrihasih dhateng Allah lan nyingkiri piawon. Liripun kadospundi? Tiyang menawirumaos paling pinter, gesangipun boten jenjem, sumelang menawi dipuntandhingi tiyang sanes. Manah lan pikiranipun namung ngudi ”piye carane bisaminteri wong-wong liya”. Tiyang yen tanpa gadhah raos wedi asih dhatengAllah, mesthi namung mbujeng pepinginaning dhiri lan sikep mekaten mesthiboten nate marem, kebak ambisi, kebak ing pepinginan ingkang muluk-muluk. Temahan saged stress, lan ketaman sesakit sanesipun. Mekaten ugitiyang ingkang boten nyingkiri piawon, mesthi boten perduli dhateng tiyangsanes, boten perduli dhateng tatanan hukum. satemah tanpa sadhar kawengkuing reh-rehaning dosa lan pati.Lah kula lan panjenengen yen kepingin manggihaken gesang seger,bingah sumringah, sehat, sumangga tansaha ajrih asih dhumateng Gusti, lansampun ngantos rumaos pinter piyambak. Ananging tansah andhap asorwonten ing ngarsanipun Gusti lan nyenyuwun kawicaksanan saking Gusti.Sumangga tetep makarya kanthi bingahing manah, kanthi semangat dan tansahngupadi seger, bugar, sehat ! Amin. |*BP
Senen, 04 Mei 2026 Minggu Paskah V
Pangentasan 13:17-22; Jabur 102:1-17; : Lelakone Para Rasul 7:17-40 PANGWASA PANUNTIPUN GUSTI“… dene Gusti Allah tindak ana ing ngarepe, ing wayah awan ana ing tugumega kang diagem nuntun lakune, lan ing wayah bengi ,ana tugu genikang diagem madhangi,supaya padha bisa mbanjurake lakune. Tugunemega ing wayah awan lan tugune geni ing wayah bengi ora tau gumingsirsaka ing ngarepe bangsa iku”(Pangentasan 13: 21-22) Kathah tiyang ingkang pitados dumateng pratandha-pratandha alamingkang dados tenger badhe wontenipun lelampahan tertemtu. Upamnipun,yen kathah swara walang-kerek, ungeling swara gareng-pung, mujudakenpratanda badhe lumebet ing mangsa ketiga. Mekaten ugi menawi wontenpeksi prenjak ingkang ngganter ngoceh ing pekawisan, mujudaken pratandabadhe kerawuhan tamu.Ing wekdal umatipun Allah medal saking tanah Mesir; Allah ingkangngluwari lan nuntun umatipun saking Mesir tumuju dhateng Kanaan. PanuntuningAllah ing sauruting lampahipun umat kapratandhan wontenipun tugu megalan tugu latu (geni). Tugu mega punika tansah ngeyupi umat kados denepayung kangge mayungi sedaya umat saking bentering sregenge ingkangsumelet. Kalajengaken ing wanci dalu wonten tugu latu kangge madhangiumat kadosdene lampu ageng supadus umatipun Gusti tetep saged lumampahsanadyan ing wanci dalu. Tugu mega lan tugu latu punika dados pralambangingkang nelakaken panuntun dalah pangwaosipun Gusti Allah ingkang tansahnjagi lan nganthi umatipun.Wontenipun tugu mega lan tugu latu ing ngajenging barisanipun umatpunika nedahaken bilih saestu dhatan kendhat anggenipun Gusti Allah ngayomilan nganthi umatipun. Panjenenganipun ingkang mbikak margi lan nyingkirakenpepalang, Penjenenganipun ugi ingkang ngaubi lan paring pepadhang satemahsaged rancag lampahing umat tumuju dhateng KanaanPangandika wau mucal dhateng kita, estunipun Allah boten nate nilarkita! Panjenenganipun tansah nganthi lampah kita. Mila sumangga samisuka bingah krana sih tresnanipun Allah ingkang tanpa winates, Amin. |*BP
Ahad, 03 Mei 2026 Minggu Paskah V
Lelakone Para Rasul 7:55-60; Jabur 31:1-5;15-16; I Petrus 2:2-10;Yokanan 14:1-14 PANDONGA DADOS SARANA TUMINDAKING PAKARYAN“Sing sapa pracaya marang Aku, iku bakal nindakake uga panggawe-panggawe kang Daklakoni… malah kang luwih wigati karo iku… Lan apabae kang koksuwun atas saka jenengKu, Aku bakal ngleksanani”(Yokanan14:12-13). Limrahipun menawi wonten pangarsa/pemimpin ingkang badhe mutasiutawi pindhah panggenan dinas, kawontenaken acara pepisahan. Peranganingwaosan dinten punika kelampahanipun nalika Gusti Yesus mratelakakenanggenipun badhe pepisahan kaliyan para sekabatipun. Panjenenganipunbadhe nilaraken para sekabat kangge nyawisaken papan ingkang mulyatumraping para sekabat. Panjenenganipun badhe rawuh malih. Dene parasekabatipun taksih kedah nindakaken ayahan ing donya.Ing kawontenan gesang tanpa sesarengan cara wadhag klayan GustiYesus, mesthi sami raos kecalan, kamangka tugas ayahan taksih kathah, lahlajeng kados pundi? Punapa tetep saged nindakaken paladosan; langkung-langkung Gusti mratelakaken yen para sekabatipun badhe nindakakenpakaryan-pakaryan ingkang langkung wigati… Punapa saged? Nalika Gustinilar para sekabatipun, ayahaning para sekabat saya rowa tebanipun, sayakathah lan maneka warni perkawis ingkang dipun adhepi; kados pundi ayahaningpara sekabat ingkang awrat punika ing tembe saged dipun tindakaken?Gusti Yesus paring dhawuh supados para sekabat sami ngganter ingpandonga. Pandonga ingkang linandhesan ing pakaryan lan kersanipun GustiYesus, boten pikajengipun piyambak. Kanthi makaten Gusti badhe nyembadaniutawi badhe njurungi pandonga wau; Panjenenganipun kepareng paringdaya kekiyatan lan kesagedan nindahakan ayahan awrat ing donya punika.Pangandikanipun Gusti dinten punika, paring piwulang bilih ing salebetingnindakaken pakaryan ing sadinten-dinten, sampun ngantos kendho ingpandonga, tetep teguh ing pangandel dhateng panganthinipun Gusti. MugiGusti mberkahi pakaryan kita. Amin !|*BP
Setu, 02 Mei 2026 Minggu Paskah IV
Yeremia 26:20-24; Jabur 31:1-5; 15-16; Yokanan 8: 48-59 WONTENIPUN GUSTI YESUS WIWIT KAPAN“Paring wangsulane Gusti Yesus: Satemen- temene pituturKu marangkowe: Sadurunge Rama Abraham dumadi, Aku wus ana”( Yokanan 8:58 ) Kangge mangertosi bab wiwitan wontenipun Gusti Yesus, piwulang(dogma) greja mratelakaken srana tembung “pra-eksistensi” Yesus. Ingkangnggadahi teges saderengipun Panjenenganipun miyos ngagem asma Yesus,Panjenenganipun sampun wonten. Perkawis punika panci dados pitakenanipuntiyang kathah: punapa leres Yesus punika asal-usulipun boten saking donyangriki kepara Panjenengenipun kok ngaken sampun tepang klayan Abraham:… mosok inggih Yesus kok tepang klayan Abraham ingkang gesangipun sampunewon taun kepenger! Gusti Yesus paring wangsulan menawi Panjenenganipunsampun wonten saderengipun rama Abraham!Wangsulanipun Gusti Yesus wau mila boten lepat! Wonten katrangansaking Yokanan 1:1-3 bilih Panjenenganipun punika Sabdanipun Allah, ingkangnitahaken samudayananipun, ingkang kawontenanipun tanpa winates, wiwitsaking kalanggengan dumugi ing kalanggengan. Lajeng ing Yokanan 1:4 dipunterangaken bilih Sang Sabda (inggih Allah) manjalma manungsa, miyos sakingguwa garbanipun Maryam ngagem asma Yesus. Mila wontenanipun Yesusboten kok nembe wiwit nalika wiyosipun ing Bethelem. Kawontenanipun wiwitsaking kalanggengan jalaran Panjengenipun mila Allah (ingkang kawontenanipunlangeng), nanging miturut kersanipun Allah piyambak, manjalma manungsa;jumeneneg manungsa asma Yesus, sang Kristus, Juruwilujeng, inggih Gusti kita.Katranganing Kitab Suci bab wontenipun Yesus makaten wau paringpitedah dhateng kita bilih Yesus punika Allah piyambak ingkang langgengkawontenanipun, inggih wiwit kalanggengan ngantos ing kalanggengan. Kanthimakaten kita saya kakiyataken ing pitados, inggih namung Panjenganipun ingkangtanpa winates kawontenanipun punapa dene panguwaosipun. Panjenenganipuninggih Gusti ingkang kedah kita sembah-bekteni awit sedaya prasetyaningberkah karegem ing astaniPun. Gusti Yesus punika Juru Wiluneng ingkang botendumadakan anggenipun makarya milujengaken manungsa. Ananging ingkangkagungan rancangan kawilujengan wiwit manungsa dhumawah ing dosa(jamanipun Adam lan Kawa). Pinujia Gusti Yesus ! Amin. | *BP
Jemuwah, 01 Mei 2026 Minggu Paskah IV
Pangentasan 3:1-12; Jabur 31:1-5;15-16; L. Para Rasul 7:1-5; 16-17 LUMAMPAH ING PANGANDEL“… Sira lungaa saka ing tanahira lan saka ing sanak sedulurirasarta menyanga ing tanah, kang bakal Suntedahake marangsira.Panjenenganipun lajeng linggar saking tanahipun …”(Lelakone Para Rasul 7:3-4) Kidung Pasamuwan Jawi 106 “Amung Kumandel Iku” mratelakaken bilihgesangipun para tiyang pitados gumantung saking kapitadosipun dhatengGusti. Sikeping gesang makaten ugi dados dhasaring semangatipun grejaingkang kabereg dening semangat Reformasi: Sola fide (namung karanaiman/kapitadosan/pangandel). Semangat punika estunipun sampun mawujudwonten ing gesangipun rama Abraham.Stefanus punika abdinipun Gusti, kiyeng anggenipun nggelaraken Injil.Temahan dipun rangket lan kinunjara; ing pungkasanipun kasedanan, minangkamartir! (tiyang ingkang nemahi tiwas awit ngugemi kapitadosanipun) Nalikanipunnembe dipun adili, Sang Stefanus atur paseksi bab pangandel. Stefanusnyariosaken lelampahanipun rama Abraham. Panjenenganipun tinimbalandening Gusti Allah saking tanah leluhuripun, tanpa mengertosi badhe katuntundhateng pundi. Timbalan wau namung nerangaken tujuanipun “ing tanahkang bakal Suntedahake marang sira”. Nadyan boten cetha papan tujuanipun,ewasemanten Abraham sendika ngestokaken dhawuhing Allah.Pangandelipun Abraham kadhasaran anggenipun ngugemi prajanji menawiAllah badhe paring tanah pusaka ing negari manca ngrika lan badhe kathahtedhak turunipun. Lha kok inggih pitados dhateng dhawuh timbalan kanggekekesahan tanpa mengertos ceples pundi papan anyar wau! Lah inggih punikamaknaning pitados; Mila kitab Ibrani 11:1 mratelakaken yen “Pracaya ikudhasaring samubarang kang kita arep-arep lan cihnaning samubarang kangora katon”. Inggih krana pangandelipun Abraham ingkang kanthet makatenwau, Abraham kasebut “ramane wong pracaya”( bapa orang beriman).Kula lan panjenengan sami sampun pitados salugu dhateng Allah ingdalem asmanipun Sang Kristus, ta? Pitados tegesipun sumanggem lanmitayakaken lelampahaning gesang dhumateng Panjenenganipun sang Kristus,boten mitayakaken gesang ing daya kekiyatan kita piyambak. Mugi Gusti karenaning pitados kita lan tansah ngrimat saha ngiyataken pitados kita. Amin |*BP
Kemis, 30 April 2026 Minggu Paskah IV
Purwaning Dumadi 12:1-3; Jabur 31:1-5, 15-16; L. Para Rasul 6:8-15 NILAR SEDAYANIPUN“Sang Yehuwah dhawuh marang Rama Abraham: “Sira lungaaninggala tanahira, kulawangsanira lan omahe bapakira …”(Purwaning Dumadi 12:1) Tiyang ingkang pikantuk padamelan ing papan sanes punapa malih tebihsaking griyanipun, mesthi ing manahipun tuwuh mawarni-warni pitakenan:mengko kepriye ning kana, ing panggonan anyar, ora ana sing kenal,panggonane kaya apa lan sanesipun. Griya ingkang sampun dados papaningkang ngremenaken kedah dipun tilar.Mekaten temtunipun mawarni-warni pitakenan tuwuh ing pikiran lanmanahipun rama Abraham nalika kadhawuhan nilaraken samukawisingkang wonten ing griyanipun, nilar para sedherekipun malah nilar tanahasalipun, tanah kelairanipun tumuju dhateng papan enggal ingkang derengdipun mangertosi. Senadyan mekaten, Rama Abrahan ngestokakendhawuhipun Gusti punika. Anggenipun Rama Abraham ngestokakendhawuhipun Gusti punika temtu awit ngugemi prasetyanipun Gusti bilihGusti badhe nganthi lan nedahaken margi tumuju dhateng ing negariingkang kedah dipun tuju. Boten namung punika, rama Abraham badhetansah binerkahan ing sauruting gesangipun.Kita sampun katimbalan nilar gesang kita ingkang lami, nilar sedayaingkang kita gadhahi sakderengipun, kadhawuhan mlebet ing gesang anyarwonten ing sihipun Gusti Allah ingkang tetela wonten ing Gusti YesusKristus. Kita sampun gesang ing gesang anyar wonten ing Sang Kristus.Punapa kita sampun nilar sedaya ingkang asipat lami? Punapa gesang kitasampun nelakaken gesang ingkang cundhuk kaliyan dhawuhipun GustiYesus Kristus ingkang sampun nimbali kita?Ing salebeting kita lumampah netepi timbalanipun Gusti, kathah babingkang saged nyandhungi lampah kita. Setunggal bab ingkang prelu tansahkita enget lan kita wujudaken, inggih punika berkah ingkang tansah kitatampi ing gesang kita. Ugi timbalan kangge nelakaken berkahipun Gustidhateng sesami. Gusti badhe tansah mitulungi kita anggen kita mbudidayanilar gesang lami. Pancen boten gampil, nanging Gusti mesthi mitulungikita, temah kita saged nilar gesang ingkang lami. Amin. |*WSMS
