Yesaya 29:1-12; Jabur 112:1-9; Yakobus 3:13-18
KAWICAKSANAN SAKING NGALUHUR
“Balik kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, iku kang dhisik dhewe murni,
sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan
sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis”
(Yakobus 3:16)
Rasul Yakobus nandhesaken bilih sipat meri lan mung mikir awake
dhewe punika saged ndadosaken risaking gesang sesarengan. Meri punika
sipat boten rila ningali kawontenanipun tiyang sanes, boten seneng ningali
kasaenanipun tiyang sanes. Krentegipun kadospundi supados tiyang sanes
punika ampun ngantos langkung sae tinimbang piyambakipun. Manawi
pranyata piyambakipun boten saged ngungkuli tiyang sanes, saged
kemawon lajeng menghalalkan segala cara murih dhawah utawi gagalipun
tiyang sanes. Sipat meri punika gandheng ceneng kaliyan sipat mung mikir
awake dhewe lan boten preduli dhateng sesami.
Sejatosipun saben manungsa mesthinipun nggadhahi raos meri lan
pepenginan kangge nengenaken kepentinganipun piyambak. Ananging
minangka para kagunganipun Gusti, prayogi kita tansah ngendhaleni dhiri
supados boten dipun kuwaosi dening raos meri lan namung mikiraken
badan kita piyambak. Lumantar seratipun rasul Yakobus, Gusti Allah nimbali
kita supados gesang kanthi wicaksana.
Kawicaksanan punika boten saged kaparingaken dening donya, amargi
donya punika winengku dening hawa nepsu. Kawicaksanan punika asalipun
saking ngaluhur, inggih punika saking Gusti Allah, kadosdene sinerat ing
Kitab Wulan Bebasan 9:10, “Kawitane kawicaksanan iku wedi asih marang
Sang Yehuwah, lan kawruh bab Kang Mahasuci iku budi.” Tiyang ingkang
wicaksana punika tiyang ingkang ajrih asih lan ngabekti dhumateng Gusti.
Manawi gesang kita namung mikiraken kepentingan kita piyambak,
tegesipun boten ajrih asih dhumateng Gusti, boten ngabekti dhumateng
Gusti, ananging nggugu pikajenganipun piyambak.
Para pitados punika gesang ing patunggilanipun Gusti, pramila kedah
tansah mujudaken gesang ingkang sembada lan wicaksana. Rasul Yakobus
ngendika, “… kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, iku kang dhisik dhewe
murni, sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih
kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis.”
(Yak.3:17). Sumangga sami nglampahi gesang kanthi wicaksana.|*ERY
