Pangandharing Toret 4:1-14; Jabur 112:1-9; 1 Yokanan 5:1-5
AJA NGANTI LALI!
“Nanging diprayitna lan dingati-ati, supaya kowe aja nganti lali
marang lelakon kang wus padha koksipati kalawan mripatmu dhewe,
lan aja nganti ilang saka ing atimu sajegmu urip; malah iku kabeh
padha critakna marang anak-putumu”
(Pangandharing Toret 4:9)
Lali utawi supe punika dados salah satunggaling bab ingkang asring
dipun alami dening manungsa. Lali punika sebabipun kathah. Lali amargi
nembe kathah padamelan, lali amargi kirang ngestokaken, lali amargi
pancen daya enget ingkang winates, lali amargi dumadakan wonten
kedadosan ingkang boten dipun nyana, lan amargi sebab sanesipun. Lali
punika asring kaanggep minangka bab ingkang limrah.
Lali ngengingi bab-bab ingkang sepele punika akibatipun boten patosa
awrat. Contonipun, lare ingkang kelalen boten mbekta pinsil nalika mangkat
sekolah. Punika taksih kalebet entheng amargi saged ngampil pinsil
kancanipun utawi tumbas pinsil wonten ing Koperasi Sekolah. Ananging
manawi ngantos lali dhateng bab-bab ingkang wigati, akibatipun saged fatal
lan saged ndhatengaken masalah ingkang awrat. Contonipun, manawi ibu
kesupen boten mateni kompor nalika tidak dhateng peken. Punika kalebet
awrat resikonipun, saged ngantos kobongan griya.
Nabi Musa ngengetaken umatipun Gusti, ingkang sampun nampi
piwucal lan anggeri-anggeripun Gusti. Umat ingkang sampun ngalami lan
nekseni pakaryanipun Gusti Allah ing satengahing gesangipun. Nabi Musa
ngengetaken supados umat ampun ngantos kesupen dhateng pakaryan
ingkang sampun katindakaken dening Gusti punika. Bab punika wigati
sanget amargi, kanthi tansah enget dhateng punapa ingkang sampun
katindakaken dening Gusti, umat kabereg tansah kumandel lan sumendhe
dhumateng Gusti. Kanthi ngestokaken angger-anggeripun Gusti, umat
kabereg tansah lumampah ing margi ingkang leres umbuh kaliyan
karsanipun Gusti. Kosokwangsulipun manawi ngatos kesupen dhateng
prekawis ingkang wigati punika, umat saged mblasar, gesang manut
pepenginanipun piyambak lan sangsaya nebih saking Gusti. Kanthi mekaten,
gesangipun umat boten badhe manggih raharja.
Kadospundi tumrap kita? Piwelingipun nabi Musa punika ugi prayogi kita
estokaken. Ampun ngantos kesupen dhateng katresnan saha pakrayanipun
Gusti ing sauruting gesang kita. Amin. |*ERY
