+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 29 Januari 2026 Minggu Limrah

Pangandharing Toret 16:18-20; Jabur 15; I Petrus 3:8-12

MBERKAHANA
“Aja males ala marang piala, utawa pepisuh marang pepisuh,
nanging kosok-baline, kowe padha mberkahana, amarga
anggonmu padha katimbalan iku supaya tumindak mangkono,
satemah kowe padha oleh berkah …”
(1 Petrus 3:9)

Wonten bebasan Jawi, “Becik ketitik, ala ketara,” ingkang tegesipun
tumindak ingkang sae badhe ketingal, semanten ugi tumindak ala badhe
kawiyak ing wekdalipun. Bebasan punika ngengetaken dhateng kita bilih ing
salebeting gesang, tumindak becik lan ala badhe tansah nampi pituwasipun.
Minangka pandherekipun Gusti Yesus, kita tinimbalan boten namung
supados kita tumindak becik ananging kedah saged mberkahi sinten
kemawon lan ing kawontenan punapa kemawon. Kenging punapa
mekaten? Awit Gusti Allah ngersakaken kita ingkang sampun katimbalan
dados umatipun saged nglampahi gesang dados berkah dhumateng sesami,
“… amarga anggonmu padha katimbalan iku supaya tumindak mangkono,
satemah kowe padha oleh berkah …”
Ing kasunyatanipun punapa gampil nindakaken bab punika? Boten.
Awit jagad punika memulang sikep lan tumindak ingkang beda lan kepara
kosokwangsulipun. Punika kapanggihaken wiwit kita taksih lare ngantos
dumugi dhiwasa. Contonipun: “Nek kowe dipisuhi, wales pisuhi; yen kowe
dipilira, pilaranen genten”.
Ananging Gusti Yesus paring tuladha lan piwucal inggih punika bab
margining katresnan lan pangapunten. Wiwit nindakaken pakaryanipun,
Panjenenganipun nedahaken tuladha ngantos ing kajeng salib. Milanipun
rasul Petrus ugi paring piwulang dhateng pasamuwanipun Gusti, supados
saged nindakaken katresnan lan pangapunten dhateng sesami minangka
babaring berkahipun Gusti dhateng jagad. Paring berkah dhateng sesami
ingkang nate damel tatuning manah kita punika perkawis ingkang angel
dipunlampahi. Ananging punika minangka dhawuhipun Gusti ingkang kedah
kita lampahi; semanten ugi dados titikaning dhiwasaning tiyang ingkang
sampun nampi gesangipun, mangertosi timbalan lan tanggel jawab, murih
jagad punika kapulihaken malih. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *