Purwaning Dumadi 49:1-2, 8-13, 21-26; Jabur 27:7-14; Lukas 1:67-79
GUSTI NUWENI
“Pinujia Pangeran, Allahe Israel, sabab wis nuweni umate
lan paring pangluwaran.”
(Lukas 1:68)
Pitembungan “Gusti mboten sare” punika satunggaling pitutur Jawa
ingkang ateges Gusti tansah nggatosaken saben titahipun, ing rinten dalah
dalu, lan ing pundi kemawon. Pitutur punika ngengetaken dhateng kita bilih
Panjenenganipun boten nate nilaraken gesang lan negakaken pagesangan
saha ingkang dados kabetahaning gesang kita. Sanadyan kita piyambak
kalamangsanipun ngraosaken kados-kados Gusti namung mendel mawon
lan boten karsa nyembadani panyuwun kita ing pandonga. Nanging nyatanipun
boten mekaten. Gusti Allah punika kagungan rancangan ingkang adi tumrap kita.
Injil Lukas 1:68 punika peranganing pepujenipun imam Zakharia
saksampunipun anak prasetyanipun Gusti Allah lair ing jagad, inggih punika
Yokanan. Mataun-taun, Zakharia lan umat Israel ngantu-antu babaring
prasetyanipun Gusti bab rawuhipun Sang Mesih. Ananging ing pangantu-
antu ingkang lami wekdalipun punika, sampun kathah ing antawisipun
bangsa Israel ingkang lajeng kendho lan rumaosipun Gusti Allah sampun
nyupekaken umatipun. Nalika anakipun lair, Zakharia kanthi bingah memuji
lan ngluhuraken asmanipun Gusti; piyambakipun ngakeni bilih Gusti Allah
boten nate nilar umat kagunganipun.
Lelampahan punika ngengetaken dhateng satunggaling tiyang ingkang
nama George Frideric Handel (1685–1759), komponis ingkang kawentar.
Nalika ngancik yuswa 52 taun, Handel ngalami bangkrut lan nandhang sakit
ingkang awrat. Piyambakipun rumaos bilih gesangipun sampun ngancik ing
pungkasanipun, tiyang kathah ugi sampun mastani bilih Handel boten
badhe saged pulih malih. Ananging Gusti Allah ngewahi gesangipun,
lumantar rencang raketipun Charles Jennens, Handel saged akarya
Mahakarya Musik ingkang agung inggih punika “Messiah.”
Mbokbilih kita ugi nate ngalami perkawis ingkang mekaten. Sumangga
tansah kebak ing pangajeng-ajeng, awit Gusti Yesus piyambak ingkang
badhe nuweni umatipun lan paring pangluwaran. Gusti Allah boten nate
sare, namung nembe ngrancang ingkang langkung sae kangge gesang kita. |*IAS
