Rut 1:1-18 ; Jabur 37:1-17; Filemon 1:1-25
KASETYAN
“Nanging aturue Rut: Kula sampun panjenengan peksa nilar panjenengan
lajeng mantuk, boten nderek panjenengan, awit dhatenga pundi kemawon
purug panjenengan, kula inggih badhe ndherekaken, sarta wontena
ing pundi kemawon anggen panjenengan nyare, kula inggih badhe
ndherek sipeng. Bangsa panjenengan inggih bangsa kula,
sarta Gusti Allah panjenengan inggih Gusti Allah kula.”
(Rut 1:16)
Saksampunipun mbabaraken putra ragil, semahipun pak Arif dhumadakan
lumpuh total. Saben dinten pak Arif ingkang ngresiki reregedipun, ngedusi,
lan ndulang. Sakderengipun tindak nyambut damel, semahipun dilenggahaken
ing ngajeng TV supados boten kesepian. Pak arif punika mesti ngajak
semahipun ngobrol sanadyan piyambakipun mangertos semahipun namung
saged mirengaken. Ananging bab punika sampun cekap ndamel pak Arif
bingah. 25 taun pak Arif nedahaken kasetyanipun sinambi ngrimat lare-
larenipun. Boten nate piyambakipun sambat sinaosa sakedhik kemawon.
Kasetyan punika gampil dipun ucapaken, ananging boten gampil dipun
buktekaken. Kita saged kemawon tumindak setya nalika kawontenanipun
mbingahaken, nanging kados pundi nalika kawontenan owah dados boten
sae? Punapa kita tansah saged setya? Punapa kita saged setya dhateng
semah kita? punapa kita ugi tetep setya dhumateng Gusti? Kita saged
mbuktekaken kasetyan kita punika nalika kawontenan boten ngremenaken.
Naomi sampun sepuh lan kecalan sedayanipun. Punika ingkang damel
Naomi ndawuhi Rut, putra mantunipun supados nilar piyambakipun.
Nangging Rut boten purun nilaraken ibu marasepuhipun punika. Rut tetep
setya kange ngrencangi, badhe ndherek lan ngrimati marasepuhipun. Sikepitun
Rut punika nelakaken bilih piyambakipun saestu priyantun ingkang setya
lan tulus, tanpa pamrih.
Kadospundi kaliyan kita? punapa kita ugi saged setya kaliyan prajanji
kita ing gesang bebrayatan, ing gesang masamuwan dalah ing satengahing
masyarakat? Sumangga sami mbuktekaken. |*EW
