+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 3 Februari 2026 Minggu Limrah

Rut 2:1-16; Jabur 37:1-17; Yakobus 5:1-6

PASRAHNA MARANG PANGERAN
“Uripmu pasrahna marang Pangeran Yehuwah sarta kumandela
marang Panjenangane, Panjenengane kang bakal tumindak.”
(Jabur 37:5)

Tembung eben haezer ngemu suraos “Sang Yehuwah wus mitulungi kita
tekan ing kene”. Tembung punika saged nelakaken kapitadosan kita, bilih Gusti
Allah tansah nyarengi lan boten nate nilar kita. Pakaryanipun Gusti Allah ugi
dipun raosaken dening prabu Dawud ingkang sinerat ing kekidunganipun.
Kadhangkala, tiyang duraka ketinggal langkung sae lan sukses katimbang
tiyang ingkang leres. Nanging, prabu Dawud ngendika: “Aja nepsu marga
saka wong kang nglakoni piala, aja meri marang wong kang culika; amarga
iku enggal bakal padha layu kaya suket, utawa alum kaya tetuwuhan kang
ijo” (Jabur 37:1). Tegesipun, sinaosa tiyang duraka ketingal sukses ing
gesangipun ananging kawontenanipun namung sakwetawis wekdal
kemawon. Kosokwangsulipun, tiyang ingkang tansah mbudidaya gesang
kanthi tuhu setya dhumateng Gusti, sinaosa asring nandhang kasangsaran
ananging badhe tansah lestantun gesangipun. Lumantar rupi-rupi prekawis
ing gesang sejatosipun Gusti Allah nggulawentah para kagunganipun.
Tiyang ingkang setya tuhu badhe sangsaya kiyat lan sembada.
Prabu Dawud mbereg kita sami supados tansah masrahaken gesang
kita sawetahipun dhumateng Gusti Allah. Gusti Allah badhe tansah makarya
kangge mbabaraken kabeneran kadosdene pepadhang. Timbalan kita inggih
nglampahi punapa ingkang saged dipun lampahi, dene bab-bab ingkang
nglangkungi watesing kekiyatan lan kasagedan kita, Gusti Allah ingkang
badhe tumidak. Ingkang prelu inggih punika tansah nganti-anti pitulunganipun
Gusti lan tansah setya netepi punapa ingkang dados karsanipun Gusti ing
gesang kita. Kita boten prelu nepsu, boten prelu stress, boten prelu meri
ningali kawontenaning tiyang-tiyang ingkang culika lan tansah tumindak
awon. Tansah ngenera dhumateng Gusti kanthi gumolonging ati. |*ERY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *