Yesaya 22:8b-14 ; Jabur 23; Yakobus 4:4-10 NGASORAKEN DHIRI“Asorna badanmu ana ing ngarsane Pangeran,sarta Panjenengane bakal ngluhurake kowe”(Yakobus 4:10) Kita tamtu sarujuk kaliyan pamanggih bilih gumunggung punika sipatingkang boten prayogi. Nalika satunggaling tiyang gadhah sikep gumunggung,tiyang punika badhe dipun tebihi kaliyan rencangipun. Sikep gumunggungpunika boten prayogi amargi gumunggung punika sengaja ngagul-agulakendhirinipun lan ngasoraken tiyang sanes ingkang boten sami kaliyan piyambakipun.Satemah perkawis punika ndadosaken pasrawungan karaos boten sekeca.Emanipun, wonten kemawon manungsa ingkang taksih remen tumindakkados mekaten namung kangge mbujeng kemaremanipun piyambak.Serat Yakobus 4:10 kanthi cetha paring piwucal bab wigatosipun sikeplan tumindak ngasoraken dhiri. Kenging punapa tiyang ingkang ngasorakendhiri punika badhe kaluhuraken dening Allah? Awit tiyang ingkang kanthisadhar ngasoraken dhiri punika boten nggadahi pepenginan kangge ngasorakentiyang sanes. Tiyang ingkang purun ngasoraken dhiri punika ugi boten gadahpepenginan kangge ngagul-agulaken dhirinipun. Kajawi punika, ngasorakendhiri punika minangka wujud pakurmatan kita dumateng dhateng tiyangsanes. Kita sinau kangge ngajeni tiyang sanes wonten ing kawontenaningkang asor punika.Saking lelampahan punika kita saged ngugemi bilih “menang tanpangasorake” panci saged kalampahan kanthi prayogi ing gesang kita. Ingkangmenang punika sanes ingkang unggul piyambak lan saged ngawonakentiyang sanes. Ananging ingkang menang punika tiyang ingkang saestu pinunjulananging ngasoraken dhiri supados tiyang sanes boten rumaos asor lanlingsem. Kanthi mekaten badhe saged mitulungi tiyang sanes ingkangmbetahaken pitulungan. Mugi tinebihna sikep gumunggung punika sakinggesang kita. |*WAS
Kemis, 8 Oktober 2026 Minggu Limrah
Yesaya 22:1-8a ; Jabur 23; 1 Petrus 5:1-5, 12-14 PANGARSA KANG ORA CIDRA“Pepanthan mendane Gusti Allah kang ana ing kowe iku enggonen,aja marga kapeksa, nanging kalawan legawaning ati laras karo karsaningAllah, sarta aja marga saka kapengin oleh kauntungan, nanging kalawanrasa leladi”(1 Petrus 5:2) Wonten ing salebeting mangsa kampanye, asring sanget tiyang ingkangdados calon anggota legislatif utawi calon pemimpin punika nelakaken janji-janji ingkang manis, ingkang saged mendhet simpati saking masyarakat.Janji-janji punika kadosdene magnet ingkang njalari tiyang kathah lajengmilih tiyang punika minangka pangarsa. Ananging saksampunipun Pemilu lannampi kalenggahan, kathah ingkang mblenjani janji. Mila kathah ingkangboten pitados kaliyan janjinipun para calon anggota legislatif punika, awitlimrahipun manungsa gampil mblenjani janji.1 Petrus 5 punika mujudaken piwucalipun Petrus bab kadospundikedahipun madeg minangka pangarsaning umat. Tiyang-tiyang ingkang kapijiminangka pangarsa punika kedah mapanaken dhiri kadosdene pangen lanumat mendanipun, sanes kadosdene pangarsa lan kawula. Sauger pangarsapunika mapanaken dhiri minangka pangen, temtu ngeman lan kanthi prayogingrimat para menda kagunganipun. Makaten ugi ingkang dipun reh, botenbadhe rumaos ajrih lan sumelang amargi mangertos menawi pangarsanipunboten sulaya lan cidra.Perangan punika dados pepenget tumraping kita ingkang madegminangka para pelados ing gereja. Minangka tiyang-tiyang ingkang nampiayahan mirunggan wonten ing pasamuwan, kalenggahan punika kedah kagemlelados dhateng Gusti Allah srana ngrimati menda kagunganipun. Gereja sampunngantos namung menggalih babagan pisungsung ingkang kathah, gedunggreja ingkang endah, ananging kesupen ngrimat gesang karohanen parakagunganipun Gusti Allah.Sumangga sami lelados kanthi tulusing manah, sanes amargi padospakurmatan punapa malih pados keuntungan saking peladosan ingkang kitatindakaken. |*WAS
Rebo, 7 Oktober 2026 Minggu Limrah
Musthikaning Kidung 8:5-14 ; Jabur 144; Yokanan 11:45-57 KATRESNAN INGKANG NYANTOSAKAKEN”Kawula mugi Paduka prenahaken wonten ing panggalih paduka,kados cap wonten ing asta Paduka, amargi katresnan punika santosakadosdene pejah, asmara punika mempengipun kadya jagading pejah…”(Musthikaning Kidung 8: 6a) Limrahipun tiyang punika rumaos remen nalika dipun tresnani. Awitkatresnan punika kajawi ndadosaken bingah, ugi ndadosaken gesang kitawonten grengsengipun. Katresnan punika nuwuhaken semangat lan paringdaya kakiyatan ingkang ageng tumraping manungsa. Awit saking punikatiyang Kristen kedah ngudi murih katresnan saged ngrasuk wonten inggesangipun lan dados perkawis ingkang utami.Waosan Musthikaning Kidung 8:6a punika asring kita panggihi ingpahargyan-pahargyan manten, awit panci nyariyosaken babagan katresnaningkang kiyat lan santosa kadosdene pepejah. Kenging punapa ngginakakenpasemon katresnan punika kadosdene pepejah? Awit boten wonteningkang saged nglawan dayaning pejah. Mila begja tiyang ingkang kagungankatresnan wonten ing gesangipun, awit tiyang punika mesthi kagungankasantosan lan daya gesang.Amargi katresnan punika nggadahi daya ingkang ageng, kita ugi kedahwaspada kaliyan jinising katresnan ingkang saged damel cilaka. Katresnaningkang kados makaten punika katresnan dhateng dhiri pribadi (egois).Tiyang ingkang egois punika boten maelu dumateng kawontenaning asanes,ingkang baken punapa ingkang dados kapentinganipun saged kasembadan.Kamangka, minangka tiyang Kristen kita boten kepareng tumindak kadosmakaten. Kita kedah nandukaken katresnan ingkang sumadya kanggengurbananken diri murih kasaenaning sesami. Katresnan ingkang dameltatu, punika sanes katresnan. Katresnan ingkang namung nengenakenkapentinganipun pribadi, punika sanes katresnan. Katresnan ingkang sejatipunika nyantosakaken lan ngiyataken gesangipun manungsa. |*WAS
Slasa, 6 Oktober 2026 Minggu Limrah
Yesaya 27:1-6 ; Jabur 144; 2 Korinta 5:17-21 SUMADYA DADOS UTUSAN”Mulane aku iki iya padha dadi utusane Sang Kristus kaya-kaya Gusti Allahparing pitutur marang kowe kabeh lumantar aku; atas Asmane SangKristus panjalukku marang kowe: padha gelemakarukunake karo Gusti Allah.” (2 Korinta 5:20) Ingkang naminipun utusan punika ateges tiyang ingkang pinitadosnindakaken satunggaling prekawis. Tiyang ingkang milih utusan punika temtusampun menggalih kanthi saestu, tuladha kemawon babagan kasagedannindakaken ayahan, kasagahan anggenipun makarya ngantos rampung, punapasaestu sumadya nampi dhawuh lan nindakaken kanthi gumolonging manah.Waosan serat 2 Korinta 5 ayat 20 ingkang kita ngraos-raosaken dintenpunika mulangaken babagan kadospundi kita mapanaken dhiri minangkautusanipun Gusti. Rasul Paulus sampun paring tuladha bab anggenipunnindakaken ayahan minangka utusan nglantaraken Injil Kratoning Allah.Piyambakipun sumadya dados lantaran malah kados-kados Gusti Allahpiyambak ingkang paring pitutur dhumateng tiyang kathah. Pamberegipun,supados tiyang-tiyang ingkang nampi pawartos bab Asmanipun Sang Kristuspurun karukunaken malih kaliyan Gusti Allah. Kenging punapa kedahkarukunaken? Supados kita saged ndherek ing pakaryan kawilujenganingkang saking Gusti. Kanthi makaten, gesang kita saged kapulihaken malih.Emanipun, taksih kathah tiyang Kristen ingkang suwala nalika kautusdados lantaran pakaryanipun Allah. Maneka warni pawadanipun, mbotengadah wekdal, mboten saged, dereng samekta, lsp, punika ingkang njalarikita asring boten mirengaken swantenipun Allah ingkang ngutus kita supadossaged dados lantaran murih tiyang sanes saged nampi pawartos Injil KratoningAllah temahan gesangipun saged karukunaken malih kaliyan Gusti Allah.Sumangga kita punika boten namung ngaku lan rumaos minangkatiyang Kristen kemawon, ananging ugi tansah sumadya dados utusananggenipun nglantaraken pawartos Injil Kratoning Allah. |*WAS
Senen, 5 Oktober 2026 Minggu Limrah
Yehezkiel 19:10-14 ; Jabur 144; 1 Petrus 2:4-10 PINILIH“Balik kowe iku bangsa kang pinilih, kaimaman kaprabon,bangsa kang suci, umat kagungane Gusti Allah pribadi,supaya kowe padha martakake kautamane Panjenengane …”(1 Petrus 2: 9a) Punapa ingkang wonten ing panggalih panjenengan nalika mirengtembung “pinilih”? Tiyang ingkang sampun pinilih punika padhatanipununggul. Tiyang ingkang sampun pinilih kangge nindakaken satunggaling tanggeljawab punika kawawas saged ngayahi punapa ingkang dados kuwajibanipun.Semanten ugi, tiyang ingkang sampun pinilih punika mesthi dipun gadang-gadang saged nindakaken ayahanipun kanthi sae. Wondene menawi kasunyatanipunboten saged nindakaken tanggel jawabipun kanthi sae, punapa ingkang badhekalampahan? Temtu kathah tiyang rumaos cuwa lan sami nglepatakenkeladukipun boten pitados malih kaliyan tiyang punika.Waosan 1 Petrus 2: 4-10 ngemutaken kita bilih saben tiyang pitadospunika mujudaken umat pilihan. Kita pinilih supados kita saged martosakenkawontenan brayat Kratoning Allah ingkang suci lan kagunganipun GustiAllah pribadi. Saben tiyang pitados katimbalan supados madeg minangkatiyang-tiyang ingkang pinilih, ingkang wanuh saestu kaliyan Injil KratoningAllah, lan saged martosaken bab punika dhateng jagad. Kita ingkang pinilihpunika boten amargi kakiyatan kita, ananging amargi punika tanggel jawabkita minangka para pendherekipun Gusti ingkang setya tuhu.Kadospundi menawi kita lajeng nglirwakaken tanggel jawab punika?Temtu kathah tiyang ingkang boten siyos ngraosaken endahipun dadoswarganing Kratoning Allah. Kathah tiyang boten sami pitados bilih kita saestutiyang ingkang mituhu dhateng Gusti. Mila, minangka umat pilihan, sumanggakita ngetingalaken dhiri minangka para pendherekipun Gusti. Sampun ngantosmalah nglirwakaken tanggel jawab kita ing satengahing jagad. | WAS
Ahad, 4 Oktober 2026 Minggu Limrah (HPKD-HPII)
Yesaya 5:1-7; Jabur 80:7-15; Filipi 3:4b-14; Mateus 21:33-46 KAPITUNAN ING GESANG LAMI“Nanging apa kang biyen dadi kabegjan tumraping aku,saiki dakanggep kapitunan marga saka Sang Kristus”(Filipi 3:7) Nalika taksih enem, limrahipun tiyang kepengin moncer. Menawisaged, gadhah kanca ingkang kathah. Kita ugi kepengin saged ketingal“wah” utawi langkung unggul saking sanesipun, kanthi ngetutaken trendutawi kebiasaan ingkang nembe viral/rame ing satengahing pasrawungan.Wonten tetembungan Fear of Missing Out (raos ajrih/kuwatos manawiboten ndherek trend utawi ingkang nembe viral). Tumraping sawatawisnem-neman, ndherek trend ingkang viral punika satunggaling bukti bilihpiyambakipun sampun kasil, ketingal langkung unggul tinimbang sanesipun.Bab punika nuwuhaken bingah lan mongkog ing salebeting manahipun.Ananging punapa ginanipun sedaya punika?Rasul Paulus ing Filipi 3 ngrembag babagan perangan-perangankadonyan ingkang satata pranatan Yahudi mapanaken piyambakipunwonten ing kawontenan ingkang agung/luhur: bab pranatan, bab tradisi lankabudayan, malah dumugi ing bab sregep nganiyaya para pendherekipunGusti Yesus lan tanpa cacad anggenipun nindakaken angger-angger Toret.Ananging sedaya punika karaos muspra nalika sampun tepang kaliyan GustiYesus. Ingkang rumiyin saestu dipun gungaken, wekdal samangke dadosprekawis ingkang nglaha. Rasul Paulus ngraosaken bilih gesang ingkang ajipunika gesang ing salebeting pamratobat. Piyambakipun ngowahigesangipun lan nilar punapa ingkang kawawas aji ing gesang laminipun.Kita sedaya kaemutaken, bilih gesang lami ingkang namung ngujapepenginan hawa nepsu punika sejatosipun nglaha. Punapa ta ginanipunrina wengi namung pados marem lan bombonging manah? Sedaya ingkangkaraos aji dados nglaha nalika kita sampun wanuh kaliyan marginingkawilujengan ingkang saking Gusti. Mila, punapa kita sagah nilarakengesang lami lan sami ngarah dhateng gesang sejati? |*WAS
Setu, 3 Oktober 2026 Minggu Limrah
Yeremia 6:1-10; Jabur 80:7-15; Yohanes 7:40-52 NAMPI PIWULANG LAN PANGGULAWENTAH“He Yerusalem, sira nampanana pamerdi, supaya Ingsun ora nilar sira,lan ora ndadekake sira sepi mamring, dadi nagara kang suwung!”(Yeremia 6:8) Guru punika ngemu kerata basa “digugu lan ditiru”. Guru dados pamulangingkang badhe nedahaken dhateng murid babagan punapa ingkang kedahdisinaoni. Guru mangertos babagan kawontenan muridipun, mila guru botenbadhe memulang perangan ingkang boten saged katampi dening murid.Sakedhik mbaka sakedhik, murid ingkang sregep badhe nampi pangertosaningkang ndadosaken langkung pinter. Ananging kadospundi tumrap muridingkang boten purun nampi piwulang saking gurunipun? Murid punikatemtu boten wonten ewah-ewahan ing gesangipun, awit boten wontenpangertosan anyar ingkang katampi. Murid ingkang kepengin ngraosakenindhak-indhakaning gesang kedah purun nampi piwulang saking guru landipun estokaken saestu.Waosan Yeremia 6:1-10 nyariyosaken babagan bebendu ingkang badhekatampi dening Israel. Kenging punapa sedaya bebendu punika tumempuhdhumateng Israel, umat ingkang pinilih? Awit Israel boten purun nampipiwulang ingkang saking Pangeran Yehuwah. Minangka umat ingkang kinasih,kedahipun Israel purun nampi sawernining piwulang lan panggulawentahsaking Pangeran. Ananging Israel kepara manut pikajengipun piyambak.Mila, kadosdene murid ingkang tanpa ewah-ewahan amargi boten purunnampi piwulang, makaten ugi ingkang badhe dipun raosaken dening bangsaIsrael. Bangsa ingkang pinilih, ingkang katuntun dening Pangeran Yehuwahpiyambak, badhe dados suwung, bangsa ingkang sepi mamring amargitinilar dening Pangeran.Jaman samangke, sejatosipun sumbering piwulang punika kathah.Kemajengan teknologi ugi saged dados sumber piwulang ingkang tanpa wates,sinten kemawon saged sinau kanthi ngginakaken teknologi. Ananging, manungsamalah asring boten gadhah krenteg kangge nambahi seserepanipun. Sampunngantos kita mlebet ing golongan ingkang kados makaten. Sinten ingkangkarsa nampi piwulang lan panggulawentah ingkang badhe ngalami ewah-ewahan ing gesangipun. |*WAS
Jemuwah, 2 Oktober 2026 Minggu Limrah
Yeremia 2:23-37; Jabur 80:7-15; Filipi 2:14-18; 3:1-4a PANGGRUNDEL LAN SUWALA”Lakonana samubarang kabeh kalawan tanpa panggrundel lan suwala”(Filipi 2:14) Panggrundel lan suwala punika dados perangan ingkang asring kitapanggihi ing gesang padintenan, mirungganipun tumrap tiyang ingkangkedah nindakaken pakaryan ingkang cengkah kaliyan isining batin. Tuladhanipun,tiyang ingkang nyambut damel ing kantor lan pranyata kanca ingkanglangkung senior (langkung sepuh, langkung pengalaman) ing kantor punikaasring sanget nyatru. Anggenipun nyambut damel dados boten sekeca,lajeng tuwuh panggrundel, dangu-dangu lajeng kepengin medal sakingkantor punika. Sedaya punika kawontenan ingkang asring kita panggihi lantemtu boten prayogi tumrap gesang kita.Punapa wigatosipun ngrembag panggrundel lan suwala ing gesangpunika? Panggrundel punika nuwuhaken suwala, lan suwala punika ndadosakenmanungsa kecalan makna nalika nglampahi gesang peparingipun Gusti.Paulus lan Timoteus ngemutaken pasamuwan Filipi supados anggenipungesang punika nebih saking panggrundel lan suwala kados makaten. Kekalihipunngemutaken bilih pakaryan ing Sang Kristus punika adhedhasar tresna asih,lan punika nuntun para pendherekipun Gusti dhateng gesang ingkang prayogi.Mila, sampun ngantos wonten panggrundel punapa malih suwala nalika nampitimbalan pakaryan kawilujengan saking Gusti. Pakaryan kawilujengan punikaboten adhedhasar untung-rugi utawa wigatos – boten wigatos, anangingsedaya punika kedah kalampahan awit tulusing manah ingkang nindakaken.Minangka tiyang pitados, kita ugi kaemutaken ing bab ingkang sami,supados kita nebihi sikep panggrundel ingkang nuwuhaken suwala. Nalikawonten ing satengahing pasamuwan wonten panggrundel, lampahingpeladosan dados randhat. Nalika peladosan randhat, tuwuh tiyang-tiyangingkang suwala nalika kedah nindakaken ayahan peladosan punika.Wusananipun gesang masamuwan boten karaos ngremenaken malih.Sumangga kita nebihi panggrundel ingkang nuwuhaken suwala. |*WAS
Kemis, 1 Oktober 2026 Minggu Limrah
Yeremia 2:14-22; Jabur 80:7-15; Kolose 2:16-23 RESIKO NYINGKUR PANGERAN”Rak sira dhewe kang njalari sira ketaman kang kaya mangkono iku,amarga sira nyingkur Sang Yehuwah, Gusti Allahira,nalika Panjenengane ngirid sira ana ing dedalan?” (Yeremia 2:17) Kita mangertos tembung “resiko”, inggih punika samubarang ingkangbadhe kalampahan nalika kita nglampahi satunggaling bab ing gesang.Kathah sesanti ingkang nelakaken supados manungsa punika saestu ngatos-atos nalika netepaken pilihan. Tuladhanipun, tetembungan “aja cedhakkebo gupak”, ingkang nggadhahi teges bilih kita boten prelu nyelaki babingkang awon supados boten ndherek katut ing awonipun. Nalika sampunmangertos satunggal bab punika awon, ananging kita tetep nyelaki lansrawung, punika ingkang njalari kita lajeng kapilut ing piawon.Yeremia 2:17 mujudaken satunggaling pepenget tumraping bangsaIsrael ingkang wekdal semanten, ingkang kedah nandhang kasangsaranwonten ing negari pangawulan Babil amargi kalepatanipun piyambak. PangeranYehuwah sampun paring dhawuh supados namung ngabekti dhatengPanjenenganipun. Ananging Israel malah nyingkur Pangeran Yehuwah lanlangkung remen ngabekti dhateng ilah-ilah sanes saha nglirwakakenpitedahipun. Yeremia lajeng ngemutaken bangsa Israel ingkang wiwitnglepataken Gusti Allah, bilih sedaya kasangsaran punika amargi kalepatanipunIsrael piyambak. Boten prelu pados sinten ingkang kedah dipun lepataken,ing kasunyatanipun bangsa Israel nindakaken kalepatan ingkang ageng lankedah nampi konsekuensi utawi resikonipun.Kita minangka umat kagunganipun Gusti kedah ngatos-atos ing salebetingnglampahi gesang saben dintenipun. Asring perangan-perangan ingkangawon punika kita tampi jalaran tumindak kita piyambak. Nalika kita wantunnyingkur Gusti lan boten migatosaken kaliyan gesang kapitadosan kita,ampun nggresula menawi kita nampi perangan ingkang awon. Ibaraipun, ampundolanan geni manawi boten kepengin ngraosaken panas. Ampun dolananbanyu manawi boten kepengin klebus. Sadaya ingkang sampun kita tindakakenpunika ngemu resiko, kalebet gesang padintenan lan kapitadosan kitadhateng Gusti. |* WAS
Rebo, 30 September 2026 Minggu Limrah
Para Hakim 16:23-31; Jabur 28; Mateus 9:2-8 BERKAH INGKANG NAMUR LAMPAH“Olehe pepati nalika sedane iku kehe ngungkulikang pinatenan nalika isih sugeng”(Para Hakim 16:30b) Trisno diweling dening bapakne supaya aja nganti kahananing uripgawe dheweke gingsir saka sabdane Gusti. Mula wiwit cilik Trisno wis kulinatetep mangkat Sekolah Minggu nadyan males tangi esuk, suthik nyonteknadyan ora bisa nggarap ulangan, mangkat Katekisasi nganggo payung mergaudan mangka mung pak Pendhita sing rawuh. Bareng wis arep ngancik diwasa,neng kahanan apa wae pepakone Gusti iku kaya wis otomatis dilakoni nengsaben dinane lan tansah ngosikake atine bab apa sing kudu ditindakake.Kahananing gesang punika solan-salin. Menawi boten nggadhahidhasar ingkang kekah, manungsa saged montang-manting kados layanganpedhot kawur angin. Mila tiyang pitados kedah mbudidaya mbangun gesangipuning dhasar ingkang kiyat; inggih punika sabdaning Allah. Sang Simson wiwitawit mila minangka nazir sengkeraning Allah sampun kawulang dening tiyangsepuhipun supados nebihi bab ingkang awon lan karam sarta netepi dhawuhipunGusti. Pancen ingkang dados kekiranganipun Simson punika gampil kapilutpawestri ingkang lajeng njalari piyambakipun kecalan kakiyatan saktemahgampil kacepeng dening tiyang Filisti. Nanging ing kahanan kacuplak tingalipunlan karante, Simson tansah kemutan dhateng Gusti Allah. Pandonganipunkasembadan dening Gusti Allah lan Sang Simson saged numpes tiyang Filistilangkung kathah cacahipun katimbang nalika dereng cacad.Estunipun tiyang Kristen sampun kulina manggihaken paraga ing KitabSuci ingkang boten namung nandhang kasangsaran, nanging malah ngantosdumugi seda nalika nuhoni dhawuh timbalaning Allah. Boten namung Simson;Gusti Yesus piyambak ugi nandhang sangsara lan seda sinalib, nanging pranyatadados srana ndhatengaken kawilujengan tumraping jagad. Sampun ngantossemplah nalika nyanggi panandhang. Saged kemawon berkah nembenamur lampah dados panandhang supados gesang kita ing tembe dipunagem dening Gusti Allah dados margining berkah dhateng sesami. |*GPY
