+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 27 April 2026 Minggu Paskah IV

Yeheskiel 34:17-23; Jabur 100; 1 Petrus 5:1-5

KANCA LAN SEKSI
“Para pinituwa kang ana ing antaramu iku dakpituturi, … amarga aku iki
dadi kanca pinituwa sarta seksine sangsarane Sang Kristus”
(1 Petrus 5:1)

Pethikan seratipun rasul Petrus ingkang isi pitutur punika katujokaken
dhateng para pinisepuh ing pasamuwan wonten ing tlatah Pontus, Galati,
Kapadhokia, Asia Kecil, lan Bitinia. Saderengipun pitutur kaparingake, rasul
Petrus nerangaken menggah sinten dhirinipun. Wonten ing ayat 1 rasul
Petrus punika ugi satungaling pinisepuh. Rasul Petrus ngrumaosi bilih
dhirinipun sami kaliyan para pinisepuh sanespun, boten langkung inggil,
boten langkung pinter. Ingkang langkung namung pengalamanipun
anggenipun dados muridipun Gusti Yesus, mliginipun piyambakipun saestu
nekseni sangsaranipun Sang Kristus. Kita temtu kengetan sinten Petrus
punika. Petrus punika murid ingkang kendel, nate napak ing toya, ngunus
pedhang merung talinganipun Malkhus, nyelaki Gusti Yesus ngantos kaping tiga.
Rasul Petrus paring pitutur supados para pinsepuh sami nindakaken
ayahanipun ngengen para warganing pasamuwan kanthi legawaning
manah laras kaliyan kersanipun Gusti Allah. Pitutur punika temtu
kadhasaran dening pengalamanipun minangka pendherekipun Gusti Yesus.
Rasul Petrus sampun ngraosaken kados pundi dados murid ingkang kendel,
nanging ugi boten sampurna awit sampun nyelaki Gustinipun. Rasul Petrus
boten lingsem dados seksinipun Sang Kristus sanadyan boten sampurna,
kathah kakiranganipun.
Kados dene rasul Petrus, kita ugi katimbalan leladi ing satenghaing
pasamuwan, sinaosa boten sedaya ing kalenggahan pinisepuh. Kawontenan
lan kasagedan kita mawarni-warni, wonten ingkang: wonten ingkang dados
pinesepuh, Diaken, Pegurus Komisi, Pengurus Wilayah saha dados
Warganing Pasamuwan. Rupi-rupi ayahan punika minangka timbalanipun
Gusti lantaran pasamuwanipun. Mila kita tampi kanthi panuwun lan
sesarengan nindakaken ayahan punika kagem kaluhuranipun Gusti. Kita ugi
prelu paring paseksi minangka para paladosipun Gusti ingkang gesangipun
tansah ngabekti dhumateng Gusti. Srana mekaten, pasamuwan saged
kabangun. Amin. |*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *